Endang Dwi Haryanti

Perjalanan hidup yang menempaku, mengantarkan ke blog gurusiana ini Walau terlambat memulai semoga tetap berarti. Menulis adalah wisata hati, tempat bebas unt...

Selengkapnya
Navigasi Web
GARA-GARA (Geguritan -TTG 365-H- 338)

GARA-GARA (Geguritan -TTG 365-H- 338)

Candra candraning gara-gara

Bumi gonjang ganjing, langit kumelap

Bumi lindhu segara mbludak, angin lesus sesulukan

Tathit cumlerit swarane bledeg pating jedher

Lemah  owah bengkah pating jlangkrah

Omah gedhong  lan gubug-gubug padha bubrah

Wit-witan mobat-mabit ambruk tanpa kemit

Gunung jugrug, watu gedhe cilik mudhun glindhing kebanting-banting

Kawah wutah banjir bandang ke dlarang-dlarang

Tangis jerit kelangan bandha donya, kelangan nyawa

Ora ndonga malah nggresula, nangis ngaruhara nggugat sing Kuwoso

Iki sing jenenge gara-gara … bumi nangis ora kuwat nyangga dosa,

Nalika manungsa wis ilang kamanungsane

Solah bawane luwih asor tinimbang sato

Bumi sak isine nangis nyekseni sing jare khalifah kang tinitah

Nanging nyatane gawe crah gawe bubrah

Ngrusak tatanan, nglanggar paugeran,

Wong siji  loro sing gawe dosa nanging kabeh kena memala,

Iki gur  pameling, ben manungsa pada eling,

Bali menyang sejatine urip …

 

#Depok, 4 Desember 2022

#EDH

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Puisi penuh makna. Keren, Bun. Smg kita selalu dilindungi Allah dr segala marabahaya.

05 Dec
Balas

Terimakasih bu Erna, aamiin

06 Dec



search

New Post