Endang Dwi Haryanti

Perjalanan hidup yang menempaku, mengantarkan ke blog gurusiana ini Walau terlambat memulai semoga tetap berarti. Menulis adalah wisata hati, tempat bebas unt...

Selengkapnya
Navigasi Web
GURIT KAPANG (TTG 365-H-287)

GURIT KAPANG (TTG 365-H-287)

Kluwunge sore andungkap tetesing netra

Bagaskara kondur ninggalake surup kaijen

Tanpa pamit, surup karasa pahit

Kaya sliramu sing tindak mungkurke wektu

Mbuh sengaja apa ora, tindakmu tan ana warta, ambabar kapang ing telenging telaga rasa

Aku isih setia ngrungkebi pocaping janji

Nganti playune wektu adoh saka pandulu

Surup iki agawe ati tumiyub

Gegambaran warnane sandhikala ketutup mega

Gumanti eseme candra ginapit kartika

Kidung wengi kekancan impen sepi

Kari tininggalan angen ing geguritan, lan crita ing alam pangimpen

Endahing ukara rumeksa ing candraning rasa sing nate ana antarane sliramu lan aku

Rasa kapang gegojegan ing tengahing dalu kang tintrim

Mbusek pangangen supenaning nendra

Aku meneng nguntabke wewayanganmu sing ora bakal bali

Senadyan wayah sore mbesuk panggah nyambangi

#Depok, 15 Oktober 2022

#EDH#

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Duh, wong ayu pepujaning ratri, mugiya tansah pinaringan sabar lan nrima, pepesthining Gusti tan kinira bakal dumadi, purwa rubeda ananging endah ing wasana.

16 Oct
Balas

Aamiin ... maturnuwun kaparingan donga, makaten ingkang dados panyuwun, haha serasa kethoprakan ....')

16 Oct

Geguritannya kereeen. Saya bacanya pelan2 ini hehe... Mantap, Bun. Smg sehat dan bahagia selalu.

15 Oct
Balas

Terimakasih bu Ernasari semoga suka , salam sehat dan bahagia kembali

16 Oct

Luar biasa Bunda penuh inspirasi dan mencerahkan

15 Oct
Balas

Terimakasih pak Tri

16 Oct

Duuhhh...saenipun gurit punika, ibu. Nyengsemaken. Mugya tansah pinaringan bagas waras.

16 Oct
Balas

Maturnuwun pamujinipun, mugi pinaringan bagas waras sakkunduripun

16 Oct

Bahasa sastra kang adiluhung, sae Bu Endang. Mugi tansah pinaringan karahayon

15 Oct
Balas

Maturnuwun pak Rochadi, meskipun merantau budaya daerah harus tetap di jaga, mugi tansah karahayon ugi dumateng panjenengan

16 Oct

Edi peni, Bu Endang. Rasa kapang kan tansah ngeridhu ati. Mugi wilujeng, Bu. Rahayu kang pinanggih.

16 Oct
Balas

Maturnuwun bu Cicik ingkang tansah setyo maos gurit kula, mugi pinaringan rahayu dumateng panjenengan

16 Oct

Sae sanget geguritanipun. Mugi tansah diparingi sehat nggih.

15 Oct
Balas

Maturnuwun bu Nanik, mugi tansah karahayon dumateng panjenengan

16 Oct



search

New Post