Endang Dwi Haryanti

Perjalanan hidup yang menempaku, mengantarkan ke blog gurusiana ini Walau terlambat memulai semoga tetap berarti. Menulis adalah wisata hati, tempat bebas unt...

Selengkapnya
Navigasi Web
KIDUNG WENGI (TTG 365-H-345)

KIDUNG WENGI (TTG 365-H-345)

@Geguritan

Hawane wengi cinampur kepyure udan riwis

Lamat-lamat keprungu kidung temlawung agawe ati atis

Kidung kang ndhedhes isining kalbu

Takon rasaning ati kang isih kawengku

Kekancan wingite wengi kang terus nabet ati

Samirana nyebul sisa awu wuyung

Gondhelan pang wit-witan zaman kang tumiyung

Tak untabke sewu kapang kang wus kebacut mrucut

Lan ayang-ayangmu kang katut pedhut

Tak tutake ilining banyu kasunyatan

Kang mandheg ing samodraning pinesthi

Nderek jare kersane Gusti

 

 

#Depok, 11 Desember 2022

#EDH#

 

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Sae sanget guritipun ibu. Mugya tansah kaberkahan kasarasan. Amin.

12 Dec
Balas

Maturnuwun bu SIska, sakkonduripin mugi rahayu ing pinanggih

12 Dec

Maturnuwun bu SIska, sakkonduripin mugi rahayu ing pinanggih

12 Dec



search

New Post