PECAKING PANDULU (Geguritan- TTG 365-H-337)
Ing dina Setu, tak coba gurit isining wektu, kanggo tamba pahite idu
Rikala salit nekak tengahing gulu,
Tak sawang sakwetara rasa perih kang marani dhadha,
Aku durung ngerti surasane tembang asmarandana
Nalika udan ngandhut pedhut ilang panyawang
Peteng ndhedhet lelimengan
Durung tak mangerteni panyawang pecaking pandulu
Kang mandheg ngurung wektu
Prasangka ala seliweran katut udan
Sasmita kandele prasetya muspra sakkedhepe netra
Tembung-tembung endah bubrah
Renggane rasa mawut wutah ngadoh saka panjangkah
Cagaking sedya kang wus tumata rubuh sirna
Sisane ati tak kanthi, lelarung ing kali pinesthi
#Depok, 3 Desember 2022
#EDH
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Sing taktunggu wus kawetu, endahing candra lumantar gurit wengi, kebak ukara ngandhut surasa... mugi Gusti tansahparing kuwating ati...
mantap geguritannya
Geguritan kang endah, mawi sastra kang adiluhung. Luar biasa....
Edi peni, Bu Endang. Aja nganti ati wadhah sumelang. Gusti paring dalan lan pepadhang. Mugi wilujeng, Bu.