Eni Siti Nurhayati

Assalamualaikum Wr.Wb. Tak kenal maka tak sayang, Perkenalkan, sekuntum bunga senja dari ujung timur Jawa Timur menyapa. Sudah sangatlah terlambat tuk ...

Selengkapnya
Navigasi Web
Bandhingan Rega Lenga Wangi
Bareng Ning Kaji Rita, PMI Jember.

Bandhingan Rega Lenga Wangi

Sakbare nuntasake kabeh rukunne haji, aku nyelakna wektu kanggo blanja neng toko-toko sakkupenge maktab. Ketepakan maktabku, maktab 201 klebu maktab kang kinupeng toko-toko lan cedhak pasar. Malah yen neng pasar sing dodol akeh-akehe wong mukimin saka Indonesia dhewe. Apa iso dodole luwih murah? Hehehe...rumangsaku regane kok ya padha wae nek sing dodol wong India tah wong saka luwar liyane.

Kancaku, ngomong,”Durung afdhol kajine yen durung nggawa mulih lenga wangi saka Arab.”

Mulane sithik akeh aku uga kepengin tuku lenga wangi. Sakdurunge budhal golek, kancaku sakkamar wis nggawa mulih lenga wangi lusinan. Saklusin regane limang real. Yen diitung dhuwik kene, sakreale kuwi patang ewu, dadine saklusin aji rong puluh ewu. Taksawang, takuthik, ya lumayan. Wernane macem-macem. Pas dijajal ya wangi kanggo sakuntara. Imbanglah karo regane. Taktakokna panggonane tukune neng wong-wong sing dhasar sakdawane dalan tumuju maktab.

Sakwise kuwi aku budhal golek lenga wangi. Wong-wong sing dhasar wis gak ana yen sakndhuwure jam sanga esuk. Mulane aku tumuju toko lenga wangi. Sajake iki toko lenga wangi temenanan. Ambune wuuangiii. Malah dijamin awet wangine. Regane sakbotol cilik ditawakna 15 real. Botole apik, lan dibuntel ayu, kaya sovenir. Berkelas, pokoke!

Olehku ngenyang nganti elek, akhire aku diolehi tuku kanthi rega 5 real. Aku milih lenga wangi Hajar Aswad karo Roudhotul Jannah. Lega batinku. Entuk lenga wangi sing larang lan sajak beda karo dhuweke kanca sakkamarku.

Mulih saka toko, aku mampir neng kamare Mbak Rita, kanca kaji sing kerja neng PMI Jember. Neng kono uga ana Om kaji Sugeng, Bu Ninik, lan liya-liyane. Nuli aku crita,”Mbak Rita, aku lho tuku lenga wangi luuarangg. Pira jajal regane?”

“Pira, Mbak Eni?” takone.

“Limang real.”

Kabeh wong sakkamar ndhlongop, nggumun. Kabeh nyawang aku. Aku nggumun sisan.

”Kelaranen tah, Mbak Rita? Soale Bu kayis, kanca sakkamarku tuku saklusin rega limang real.”

Mara-mara kabeh sing ana kamar ngguyu bareng ger-geran.

“Mbak Eni, Mbak Eni. Neng kamar kene yen bandhingan rega lenga wangi wis atusan real. Aku tuku rega satus real, Om kaji tuku malah rega sakdhuwure iku.”

Mbak Rita ngguyu kemekelen. “Sing penting rak wangine, Ji. Rega murah larang kuwi relatif.” Kaji Sugeng nengahi ngomong sakwise ngguyune bar.

Owalah, aku kisinan dhewe. Sakdawane wengi aku jik kepikiran nang lenga wangiku. Nganti seprene sakwise wis mulih saka kajian, yen nyawang lenga wangiku, aku jik ngguyu dhewe yen ngelingi kedadeyan neng ndhuwur mau.

Kenangan hajian 2015

Labbaikallahumma labbaik

Cuthel

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post