ERNY AMBARNIBGRUM, S.Pd.

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Tantangan 365 Gurusiana Hari ke 41 Tantangan gurusianaLombok Setan
Lombok Setan

Tantangan 365 Gurusiana Hari ke 41 Tantangan gurusianaLombok Setan

Lombok Setan

            Jenenge lombok, diarani lombok setan amargo pedhes banget. Apa setan uga pedhes?, kuwi pitakon sing ora iso di jawab. Lan pitakon kuwi ora usah di jawab. Maceme lombok ana pirang-pirang, ana lombok ijo, lombok abang keriting, lombok tropong, lombok rawit, lombok pabprika (lombok gede),lan lombok pedhes banget yaiku lombok setan.

Lombok setan iku lombok rawit sing gede lan wernane orange abang. Rikala isih enom wernane putih semburat kuning lan minangko wis tuw o wernane dadi abang oranye. Siji lombok setan wae wis pedhes , apamaneh 2, 3, 4, tambah pedhese. Pool pedhes banget rasane lombok iki.

Ananing lombok setan akeh sing seneng lan ngalahake lombok abang. Kanggo sambel lombok setan mantep pedhese. Lombok setan saiki regane sekilo tembus 120.000. Regone larang banget saiki. Sepisan durung panen lan udan iki sing marahi akeh lombok akeh sing bosok. Rego lombok setan saiki wis koyok setan regane, regane duwur. Ora oleh tuku lombok 2.000 rupiah, paling sithik tuku 5.000, amergo saking larange.

            Muga-muga musim panen lombok iki bisa kasil, lan regane bisa mudhun. Tuku lombok sekilo satus rongpuluh ewu, banjur blanja liyane durung bisa ketuku. Saiki akeh ibu-ibu tuku lombok kang wis dadi (botolan) regane lumayan murah lan praktis. Sing seneng sambel mesthi kudu ngerti regane lombok, mulane di kurangi lomboke ya?

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post