Eti Wahyuni Susiati

Lahir di Purbalingga, 25 Desember 1970.Menjadi guru di TK Negeri Pembina Padamara . Bahagia bergabung di Media Guru Indonesia. Mwnulis adalah karya nyata. ...

Selengkapnya
Navigasi Web
KAGET

KAGET

Dina setu mau nyong kaget. Ijig ijig ana kancane nyong mereki ming kelas B2 karo ngulungna bungkusan plastik rapi pisan maring nyong. Jerr paketan kuwe butule wingi sore, dadi de titipna disit nggone kuwe. Lewih kaget maning dong tek waca pengirime. Loh si deneng nyong sing dikirimi? Deneng pengirime meneng bae ya ora ngabari disit?

Nyong dadi bingung d gawe dewek, ndean sing ngirimi pancen nguja ben nyonge bingung. Akhire nyong japri. madan suwe ora di bales bales. Nyong tambah trataban. Arep tek bukak mbok udu nggo nyong, tapi rep tek jorna tanganku wis gatel kepengin mbukak isine. Aku wa maning ming pengirime, takon nek buku kiye go sapa, ngho nyong apa anu titipan? . Nyong dadi ngeling eling...Nimbang kesuwen , gregeten bungkuse tek bukak banjur tek waca judule. Alhamdulillaah, pas banget karo sing lagi dekarepna nyong.

Sanajan wani mbukak, ning nyong ya mengen, wong nyong melu kuis be ora koh olih paketan, aja aja deke batire sing olih hadiah. Ning apa iya si ndadak di titipna? Lah mbueh, ketempuan ya tek bayar....pikirku

Ben gambare bjku tek.posting bae nrng group nek nyong ya lagi melu bungah menawa dina kiye olih paketan kaya dene batir batire sing pada dadi pemenang kuise Pak Leck.

Pak Leck, matur nuwun sanget, kulo sampun kesawaban bingah. Sugeng ambal warso, mugi tansah pinaringan sehat lan yuswo ingkang langkung barokah.

Pak Leck, gara gara kaget, aku dadi wani. Ya wani nulis neng gurusiana. Matur nuwun sanget Pak Leck, ...

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Bakallah akeh sing entuk hadiah buku, Pak Leck cen Oyee

27 Jan
Balas

selamat Bu Eti, walau telat. Ayo nulis terus.............

02 Feb
Balas

Melu ngenteni kirimane pak Leck.

27 Jan
Balas

Selamat ya. Bu, ujarku kuis tok olih 2, he he

27 Jan
Balas

Selamat bunda....

27 Jan
Balas

Aku yo bakal olih buku mbak....seko pak leck. Slamat....ya mbak... Salam kenal

27 Jan
Balas

sip, salam kenal juga. maturnuwun bu

27 Jan
Balas

maturnuwun bu puspa,

27 Jan
Balas

nggih bu, kulo kesawaban, sareng kalih ingkang kuis..., padsjal kulo pesen ...dadi ksget...hehe

27 Jan
Balas

niku pesen ganu bune..., hehe

27 Jan
Balas

pak leck niku ingkang dsmel kaget, hehe

27 Jan
Balas

inggih pak, dipun tengho mawon....

27 Jan
Balas

Jos gandos Ibune, Inyong malah ora diwei

27 Jan
Balas



search

New Post