PARIKANE INYONG
PARIKANE NYONG
mangan roti neng pinggir kali
siki setu ngesuk prei
wonosobo akeh kentange
nimbang nglokro , iklasna bae
ana sejarah neng desa rembang
nimbang susah yuh pada nembang
purbasari pancuran emas
angger ngewei , sing pada ikhlas
mangan kupat disiram santen
njenengan lepat salaeh sinten
wengi wengi dalane sepi
nek ra wani aja medeki
tuku dukuh ming pasar wage
aja makruh, pangapura bae
gethuk goreng rasane nikmat
aja ragu angger wis niat
iwak lele mangani pelet
nek rung olih, esih golet
manuk jalak mangani cacing
arep galak nanging sing eling
panen blimbing karo panen blewah
pada eling karo gustialaah
tangi turu banjur adus
dadi guru, atine alus
maring solo ming pasar klewer
sugih bondo ning aja pamer
duit receh dibagi bagi
apike weweh nimbang di wei
mlayu banter maring serayu
pengin pinter, kudu sinau
wit rambutan jejer mahoni
angger malesan , ilang rejeki
purbalingga kota perwira
ayuh siaga mbangun negara
sokaraja enak sotone
wong prasaja akeh kancane
gethuk goreng sokaraja
aja kelalen maring wong tuwa
dina robo batik gua lawa
lakon becik besuk digawa
dina minggu esuke senen
nasehat guru ora kelalen
tuku tahu ming gandasuli
dadia guru sing di kangeni
bojong sari ana owabong
sanajan sugih ning ora sombong
karang reja ana gua lawa
kudu sing loman karo tetangga
tuku tali warnane abang,
anggere medit duite ilang
jagung bakar, detutupi
seneng tukar adoh rejeki
bobotsari kota dagang
yen rajin ngaji. atine padang
maring semarang tuku lumpia
aja sumelang , aja di pikirna
kabupaten purbalingga
ISBN kon pada teka
awan awan.panase cetar
tetep nungu atine sabar
malem minggu pancen rame
media guru pancen oke
sendekala , langite padang
ati sumeleh uripe tenang
nandur jae neng ngisor wit pring
semene bae nggo ngesuk maning
malem minggu , 31 maret 20
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
nah iki sing aku durung bisa. makasih Bu Eti
mangga sinau sareng sareng bu...., jebul ngger pun nyobi, saged koh. masslah leress mbotene niku takene kalih guru basa jawi
Manteb
maturnuwun pak.
Kreatif sekali nih bund
nguri2 budaya jawa bunda...
Parikan yg apik bu
nggih bu mangga sami nguri2 budaya jawa