Eti Wahyuni Susiati

Lahir di Purbalingga, 25 Desember 1970.Menjadi guru di TK Negeri Pembina Padamara . Bahagia bergabung di Media Guru Indonesia. Mwnulis adalah karya nyata. ...

Selengkapnya
Navigasi Web
SETU BAROKAH

SETU BAROKAH

SETU BAROKAH

Angger dina setu, nyong le mangkat sekolah ora patia gugup, ora kaya angger dina srnen tekan jum'at. Merga angger dina setu kegiatane extrakurikuler. Semester 1, extrane ana nari, nyanyi lan drumband. Nanging semester 2 kiye , kegiatan extra diisi nggo persiapan lomba lomba nggo mengeti HAN/ gebyar paud sing arep dilaksanakna wulan April. Seliyane ngho persiapan lomba, uga latihan nggo persiapan siaran sing pada pada neng wulan April.

Sedurunge mangkat , esuk mau olih kabar yen ibu mantan pengawas TK/ SD Dabine nyong lagi nyong esih neng bocari, seda. Nyong kaget, uga krasa kelangan. Nyong kelingan lagi tek pamiti mutasi, bu Wahyu katon ngganduli. Nanging merga tugas, ora bisa nahan. Akeh ilmu lan nasrhate sing esih tek eling eling lan kanggo sangune nyambut gawe. Bu Wahyudati, seda merga gerah. Asale kecelakaan neng ngarep daleme. Akibat kecelakaan pancen kondisine lemah. Asto kiwo ora bisa di gerakkna kaya dene maune. Olehe ngrasakna gerah urung tuntas, tambah kenang miom. Lha jere sedane mai mbengi merga miome sing wis akut. Nyong tahu weruh dewek lagi neng kantor, bu wahyu muwun( nangis) wektu kumat. Ndilalah embanan astone keri, dadi mungkin astone lara nemen. , sing nyong dewek melu ngregel, melu ngetokna luh. Kayane laraneeeee, nemen banget.. Mung bu Wahyu tabah olehe ngrasakna.

Gusti Allaah eman pisan. Gustiallaah maringi sing lewih apik. Mau isuk jam 01, bu Wahyu dipundut neng Gustiallaah. Nyong olih kabar esuk dong arep mangkat sekolah. Wis lah ta'ziyah esuk sisan, ben esih menangi jizine karo bisa nyolati sisan. Nyong teka banjur nemoni keluargane, melu bela sungkawa. Pancen jan nembe nyolati niat thok be kelingan awake dhewek mbesuk matine. Alhamdilillaah, aku bisa melu nyolati almarhumah. Duh Gusti, mugio bu wahyu husnul khotimah, pikantuk panggenan ingkang sae. Dipun tampi sedoyo amalipun, dipun pangapunteni sedoyo kalepatanipun...Aamiin. Bar nyolati ora suwe nyong banjur pamit. Nyong ora bisa nganter ming pesarean, merga nyong ya kudu nyambut gawe.

Sorene, neng RT ana pertemuan rutin PKK. Pertemuan dianakna giliran sewulan sepisan. Telung wilan kiye nyong nembe mangkat kumpulan. Srpisan mangkat dirapel. Arisane, urunan kas e, jimpitane..., esih kon ngacarani, lan mimpin lagu mars PKK lan Mars Purbalingga. Acarane lancar. Mung biasane santapan rohani diisi bu Yati, dina kiye di isi bu slamet. Jerene bu Yati lagi gerah.

Bar kumpulan ibu ibu labas niliki bu Yati. Nyong pada nakokna gerahe apa , lan kepriwe maune. Bu Yati siraeh puyeng. Patang dina kepungkur ora bisa menyat. sholate neng dalem be karo sarean bae. Asale jere bar subuhan neng mesjid kok mlakune sempoyongan, dadi terus priksan. Jere dokter kenang vertigo. Melasi pisan. Nyong dadi krasa nyong wis tahu kenang vertigo . pancen jan ngger lagi kumat, awake, umaeh, ambene kursine kabeh mubeng2 kaya kewalik walik. Duh Gustiallash, mugio bu Yati enggal dangan ...., Sewise nakokna bab gerahe, terus nyong pada ndongakna " Allaahumma robbannaas, adzhibil ba'sa isyfi antasysyaafi laa syifa'a illa syifaa'uka syifa'an laa yughodiru saqoman.Aamiin.

Dina setu kiye krasa barokah banget. Alhamdulillaah Gustiallaah esih maringi kesempatan bisa taziah, silaturahmi karo ibu ibu PKK, lan bisa niliki piyantun sing lagi gerah. Nek lagi kaya kiye, awak krasa menawa sehat kuwe larang, sehat kuwe nikmat. Kabeh mau ya paringane Gustiallaah, mula kudu di syukuri. Yen lagi sakit, aja ngresulah, tapi ngucap syukur , menawa nembe d paringi sakit mung semene....bayangna sing gerah lewih sekang awake dhewek..., lewih ntlangsani.

Nyong bukak buku Hadist. Hikmaeh akeh pisan. Neng kono di sebutna menawane wong muslim nek nilik sedulur muslim yen esuk, ora liya didongakna neng 70000malaikat tekan sore. Yen niliki wektu sore, ya didongakna malaikat 70000 tekan esuk.

Malem minggu , 10 Maret 2018

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Bu Eti, Alhamdulillah Masih diberi umur panjang dan kesehatan. Harus banyak bersyukur.

11 Mar
Balas

Kiye sing jenenge barokah temenan. Ngelingna karo sing gawe urip. Pancen syukure sehat nek ketemu wong lagi lara. Mantep bu.

10 Mar
Balas

Nggih Buu...leres...sedoyo wonten hikmahipun..Insya Alloh...

11 Mar
Balas

aamiin. maturnuwun bu anita sampun pinarak.

11 Mar

nggih pak, leres. pangapunten tesoih kathah sratan ingkang lepat niku. maturnuwun pak.

11 Mar
Balas

matur nuwun ibu, ndalu2 pinarak...

11 Mar
Balas

aamiin, leres bu Tri, bu wahyu tetep semangat tindak dinas. kulo ningali mboten tega. tapi trose ge obat. wekdal pensiun , nilari perpustakaan buku2 bacaan kangge perpus upt

11 Mar
Balas

dinten setu dinten gapak2 , bunda ismi, ...

12 Mar
Balas

dinten setu dinten gapak2 , bunda ismi, ...

12 Mar
Balas

Buwagusss Bu Eti. Nyong macane karo mesem ngguya-ngguyu.

11 Mar
Balas

Wekdal Sugenge sederenge Kecelakaan, Bu Sri Wahyudati niku tiange energik, pinter tur dados teladan teng Mrebet. Mugi2 Beliau Khusnul khotimah. Allah SWT mengampuni dosa2Nya dan memberikan tempat yang terbaik disisi-Nya. Aamiin.

11 Mar
Balas



search

New Post