Ety Srimulyani

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

KIPYAH

Pariyem kepikiran arep nyekolah ke anake wedok sing lencir kuning. Saben dino takon karo anake kapan pendaftaran mlebu SMA sing di kepengini. Anake pancen pinter dijenengke Farah. Senandyan mboke jenenge Pariyem, bapake Paijo pengin njenengke anake sing lagi santer jaman saiki.

Wiwit TK tekan SMP Farah sregep sinau. Ora oleh nyekel gaweyan liyane, sing penting anake sinau. Karepe ben anake iso kuliah koyo tanggane. Pariyem karo Paijo ngrumangsani yen deweke mung lulus SD. Saiki anak e wis lulus SMP. Pariyem sansoyo bingung carane ndaftarke anake sekolah. Mergo opo-opo seko ngomah. Arep takon kiwo tengen bingung opo sing arep ditakokne. Mergo Pariyem karo Paijo podo dene ora mudeng nganggo komputer opo meneh sing jenenge internet.

Kaping piro si Farah ale njelaske neng mak karo bapake, nanging ora mudeng-mudeng. Neng omah Pariyem ora pasang Wifi, paket datane Farah wis kebat-kebit. Buka sistus PPDB ora iso-iso. Farah wiwit uring-uringan.

“Mak…piye iki aku ora iso mbuka situs PPDB?

Pariyem mergo ora mudeng njawab sak kenane ,” Listrike wis dibayar karo bapakmu”

Tambah anyel Farah krungu jawabane mamake.

“ Pak…farah ora iso ndaftar, butuh paket data” karo mbengok ben bapake krungu.

Paijo saking sayange karo anake langsung nggowo berkas ktp lan liya-liyane.

Farah sansoyo anyel, “ udu iki pak, nggo internet”

Paijo karo ngadek maneh mbalekke berkase, “ Lha opo to sing mbok karepke”

Farah karo mrengut nyoba njelaske bapake ,” paket data pak…tumbasno pulsa”

Mergo Pariyem selak pengin ngladeni terus mlayu neng omahe tanggane sing dodol pulsa.

Pariyem ngomong neng tukang pulsa, “ Mas tumbas pulsa”

Si Mas Sarman tukang pulsa langsung nyekel hp ne, karo takon,” simpati nopo XL yu, pinten”

Lhadalah Pariyem bingung mergo ora ngerti sing ditakokne tukang pulsa.

Cengkelak Pariyem ora pamit karo sing dagang pulsa bali mulih.

Paijo takon, “ Mak lha endi kok ora nggowo pulsa?”

Pariyem, “ Wis menengo, anakmu selak nesu” kesusu mlebu kamar anake.

“Farah, nyo duite (karo ngelungke duit satusan ewu), mamak ora ngerti,”

Farah nompo duit karo mlongo, mikir mamake kok yo ora mudeng-mudeng. Farah langsung metu tuku dewe. Saiki Farah wis iso nguripke internet. Tinggal ndaftar sekolah, mamak karo bapake mbingungi mergo ora ngerti lor kidul. Maklum wong saben dinane sing penting anake sekolah. Pariyem ngertine mung sawah ngomah. Paijo yo ngono sing penting kewane lemu-lemu iso nggo ngragati anake sekolah. Ono ngono jaman saiki wong tuwo sing ora mudeng nggunakke internet. Saking polos opo yo memang ora gelem sinau yo?

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post