Ety Srimulyani

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
NGALAMUN

NGALAMUN

Nina karo aji pacaran ngumpet-ngumpet karo bapake. Nina lagi menikmati telo goreng bumbu bawang putih. Sing dadi kelangenane yen wayah sore. Pancen asin gurih, sansoyo ditambah nyeruput teh ginastel. Manteb rasane ora kelingan kiwo tengene.Tanpo disadari Nina ngelamun gerambyang kelingan saben ketemuan karo Aji. Sakdurunge ono PSBB, saben malam minggu diboncengke neng alun-alun nganggo motor astrea kebanggaanne. Nina ngrangkul ngetapel sajak ndonya isine mung deweke karo Aji.

Atine Nina bungah koyo ketiban mas sak gentong saben krungu bel motore Aji. Langsung jenggirat pamitan mbok e karo mlayu. Kesusu selak dingerteni bapake sing terkenal galak dewe. Nina ora tau nggatekke seng penting atine seneng. Sabenere bapake Nina ora setuju yen Aji ngajak mlaku-mlaku Nina. Mergo bapake Aji tau ngelabuhke atine marang ngadiyem sing terkenal ayu moblong-moblong jaman perawane. Sopo wae wong lanang mesti kesengsem.

Nina mulih mlaku-mlaku bapake wes neng ngarep lawang. Nratap katon wedi Nina nyawang bapake. Mripate abang, alis diangkat karo malang kerik. Bapake murko pengin mateni Aji, yen orang gelem adoh seko Nina. Oro kroso Nina wis ngentekne telo goreng sepiring. Tanpo nyawang nyeeeek… sing dicekel tanganne bapake. Nina jumbul mergo kaget tanpo ngerteni bapake wis wit mau neng sandinge. Jare bapake “perawan ojo kakehan ngelamun, kono mboke direwangi nyapu”. Sajak isin Nina banjur ngalih nggolek sapu.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post