farina dewi Citrawati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Ngapak Challange

Ngapakku karenamu

Ora krasa daning jebul uwis telung wulan olihe nyong belajar dadi guru penulis sing nganakaken Mediaguru dipandegani dening Pak Ihsan duet bareng karo wartawan nom jebolan Jawa Pos mas Eko Prasetyo.

Dina sabtu dadi kesepakatanane komunitas gurusiana kudu nulis nganggo bahasa lokal. Gandeng Pemalang kuwe mlebu tlatah pantura blah kulon mestiya ngapak logat karo dialeke. Asline tah rada sejen ngapake wong Pemalang bagian lor kecamatan Pemalang utamane karo ngapake Pemalang blah kidul, kecamatan Bantarbolang munggah kidul, Randudongkal tekan Watukumpul kana.

Kiye pelatihane Pak Ihsan, ajib sung iya. Nyong nembene nemoni efek pelatihan kuate kaya kiye. Piben lhen,,,angger - angger Pak Ihsan nulis status lagi nganakna pelatihan guru penulis, kayong dhadhaku tabtaban olihku maca. Nyong kudu melu kiye tah,,,nyong kudu,,,kudu ora kena ora kudu melu pelatihan model kaya kiye. Kiye kayong sejiwa karo nyong kiye,,

Takwanekna pora ndaftar pelatihan menulis nang Purbalingga. Takwaca kuwe statuse Pak Ihsan apa yaah klalen aku. Rong ndina nang Taman Wisata Seruling Mas. Dieling - eling alamate, kayong aku tau mrono apah yaah? Oh, iya,,anakku gemiyen TK piknike mrene kiyee, anak mbontot sing siki wis sekota karo pak Ihsan lan pak Eko, Surabaya maksudte.

Daning wes suwe nemen yaa,,rolas taun kepungkur nyong dolan maring Purbalingga. Sadurunge mangkat asli rada was was pan nginep nang ndi yaa,,kok rong dina? Aku telpon panitia, mbak Tri Khasanah. Mbak Tri ngein info nek ana wismane nang Seruling Mas. Aku rada ayem,,ya wes urusan nginep ora masalah. Barang uwis sempat mikir,,ngkoo,,ngger bengi tuli kelap kelop dewekan,, inspirasi malah mati taah,, jareku inspirasi kuwe ngger nggon sepi pancen lancar metune,,ngger terlalu sepi bisa bisa ngethether keweden malahan,, nyong ragu ragu pora. Ditakoni mbak Tri piben sida pen nginep apa ora, dadi ora bisa njawab oh yaa,,

Nyong keder maning, piben kiye sida mangkat pora. Nyong njapri kanca kuliah sing gemiyen pernah sekosan sing siki wes dadi guru nang smk 2 Purbalingga. Deweke nyanggupi nggoletna tempat penginapan sing mandan cedek kota mbokan nyong pingin klintongan oh,,

Bengine nyong sungkem temenan karo belahan jiwa njaluk idin pen melu diklat guru penulis. Nyong njaluk donga bisaha temenan ngasilna tulisan sing bisa dadi buku. Acara sungkeman rampung, nyong mulai rebyeg,,,rong dina,,klambi kiye karo kiye,,sing dienggo pas pelatihan...klambi kiye mbokan apan klintongan alias jalan -jalan nang kotane Purbalingga ( golet ide oohh, ),,berarti nggawa sandal nggo jalan - jalan, nggawa sepatu nggo mangkat pelarihan. Sabun, sikat gigi, kosmetik sa tas cilik, mukena sa tas cilik uga. Anduk, ora klalen pembalut, dayoh wulanan pas teka. Laptop, charger, hape kudu digawa ngko dienggo langsung praktek nulis jare mbak Tri nang grup whassap kelas menulis purbalingga. Kayong wes kumplit taktata tas e jare tips sing biasa melancong aja dilempit tapi digulung kabeh. Mlentep wes tase nyong, siji tas klambi karo dulur dulure sijine tas laptop karo bala balane. Kayong temenan kae nyong arep diklat rong ndina luar kota, beres wis. Donge tekan nggon esih sepi, tapi pak Ihsan wis standby, hidih komit temenan kiye nyong dadi teteg tli tatag. Hmm,,,,aja guyon kiye ora baen - baen kelas kiye. Aku mantepna ati. Donge wes mulai pada teka,,,diih laka temen sing takkenal yaaah,,,nyong dadi anteng serius konsentrasi ngrungokna penjelasane. Jebul kiye kelas isine kepala sekolah karo pengawas sekolah sd tk utamane. Nyong guru sma, ,,salah nggon pora kiye,,,taklirik mau nang meja pendaftaran kayong pira tok sing guru sma. Minder ta ya ora,,,cuman mandan wagu,,,kaya blengur nang kalangane ayam belih. Ayam tah wulune werna werna,,bebek karo blengur taa pada kabeeh,,hehehe

Liding dongeng,,,nyong kesengsem nemen karo kelas menulis.,,eehh jebul sesi pertama ora njog jam lima, jam telu uwis rampung. Gojag gajeg maning nyong. Nginep ora,,,nginep ora,,,. Aahh oralah ijlig baen, ngesuk mangkat mruput kading pemalang. Akhire,,,sing nyong rebyeg nggawa tas mlentep nggo nginep takgawa balik maning. Dirasakna kaya uwong ilang siih tapi dudu kuwe punjere pikirane nyong. Dadi semangat kudu nulis sebuku lhaa iyaa. Dina pertama karo balik kuwe see dalan - dalan ide nyumul pirang pirang. Langsung taktulis nang hape androidku sing lumayan canggihlah. V**o Y*1 .

Njog umah ora kayaha, langsung laptop tek colokna maning, dasar wes ora duwe bocah cilik iya,,lheeeh sewengi muput nyong nulis laka mandege. Ana tugas gawe sinopsis, nyong ora wani mlangkahi disit. Tekade nyong dudu gaya gayanan nang nggon diklat tapi kasil temenan gawe buku. Akhire wait n see oh, ,,jebulane sing berhasil nggawe sinopsis digawekna kover bukune langsuung,,,duuuhh mandan pingin iya,,,tapi dudu kuwe koh targete nyong. Takyem yem atiku. Dina ke loro wes takrampungi ora dadi kendone, nyong malah tambah nggedodor semangate nulis buku.

Ngethut karo nguthuu,,,kancaku kantor laka sing ngarti nyong lagi nulis buku. Laka siji sijia sing kepikiran nek nyong lagi nulis novel sing diterbitna penerbit. Dhong dinane teka, cover bukune nyong dadi,,,

Heboohhh,,,ramee,,, gayeeng,,,semangat,,,grup wassap e nyong,,,MGMP mesti,,,SMA SMP SD,,,kabeh menehi apresiasi,,,

Target pisan wes kena,,,gari terus ngembangna kiye,,,

Sing taksenengi,,,nyong duwe komunitas anyar,,,sing personalitase laka sing nyong kenal. Tapii nyong kenal lewat pikiran

Kelas Menulis Media Guru Purbalingga.

Suwun yaak sedulur kabeeh

Salam Seduluran Literasi MG Purbalingga.

Siki paha yaa aplodte...

He he he he

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Ngapak khas pemalangan sung, kayong, keder.untung bojone wong dongkal dadi ws mdn paham.walopun nk ngrungokna sg asli pemalang y mdn keder.

22 Dec
Balas

Iyaa yaa sejeen ndongkal karo pemalang,,maning petarukan apa comal,,

22 Dec

Sing penting maksude purbalingga. Banget semangate, nganti seruling mas dadi nang purbalingga. Siip pokoke. Maju terus. Ngesuk setu wayaeh ngapak.

22 Dec
Balas

Kedisitan njenengan daning yaa,,,tulisane njenengan ngelingna nyong,,Kang Carub sing nang Panjebar Semangat kuwee,,,

23 Dec

Jebule nyong ora patia mudeng, dadi keder jg. Bu Farina si Pemalange ngendi?

22 Dec
Balas

Aduuh ngapunten yunda Tini,,,iya kuwe tulisane ngederi jebul,,seruling mas banjarnegara yaa,,,,pemalange tah kelurahan bojongbata yunda,,

22 Dec

Bahasanya aneh ya Buu...lucu...tp siip..

23 Dec
Balas

Iya kiye,,bolak balik tek waca bolak balik ngakak dewek,,nembe mudeng sung pancuran mas ana seruling mas ana iyaa,,,hahahaha

23 Dec

Ora bisa mbayangna tase melu keder bolak-balik jebule ora kanggo. Mbekayu, kuwe taman wisata Pancuran Mas Purbasari, Purbalingga. Angger Seruling Mas kuwe tah Banjarnegara.

22 Dec
Balas

Ahahaha, kedeer temenaan yaak,,ana purbasari ana seruling mas,,idiih,,,kuwe tulisan kudu tek revisi yaa,,,aslii ngakak deweklaah

22 Dec



search

New Post