farina dewi Citrawati

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Sing Imbang Donge Taah,,,

ide tulisan ngapakku edisi pekan kiye lumantarane nyong njingglengi facebook, mediasosial pertama sing nyong kenal. Ganu nyong sogan tertarik portal berita kemliwer nggon linimasa. Ngarti oya linimasa,,,gariswektu,,,lheeeh nyong malahan ngartine timeline daning. Iya wis. Lanjut.

Lhaaa ana judul berita sing dibarengi karo videone oh. Mumpuung,,,lagi gratis waifai nang sekolahan, cemlorot kuwe video cepet nemen mbuka dewek jalan dewek. Dasar sekolahan esih sepi yaa,,,nyong anteng nonton video kuwe. Ngantikan nyong klalen apa kuwe mau judul beritane. Sing nggawe tertarik videone ngrekam wong wadon sing nganggo jilbab dawa warnane abang bata pada karo klambine, baju muslim syar'i istilahe kuwe. Wong wadon kuwe lha kayong kenes nemen mlaku sag seg maring pasar tuku iwak mboran, trus digawa balik. Eh masya Allah,,,tekane ngumah, mbekayu sing ayu kenes kuwe duwe kucing karo waung, jugug aliase kirik, kirik nda anak asu yaah,,akeh nemen. Teka dog markir mobile sing pada bae warnane karo klambine kuwe mau, trus langsung baen ngladeni waung waung kabeh mau. Gemriyeg iya waunge saking akehe. Nyong tah yaa ora gumunan karo tontonan, tapi ndeleng videone karo judule nyong malahan bingung. Daning kayong ora nyambung yaaaa...mau judul nyalahna mbekayu kenes kuwe soal kenajisan diri dan menjaga kesucian apa yaah. Judul karo videone mbingungi tah yaa, nyong anteng maning tekbaleni olihe nonton, esih durung mudeng. Akhire nyong maca komentare sing jumlahe atusan. Tekwacani mipil turut siji. Oo,,,bunder iyaaa. Jebule mbekayu kuwe aktivis pecinta binatang khususon ilaa kucing wa kaleb alias waung.

Sing nggawe geger video kuwe,,,mbekayu kenes ari lagi mangku waunge kayaha mangku bocah,,,kepenak baen laka jijik blas yaah. Kuwe gawe uwong akeh dadi reang ora mbenerna sikap kaya kuwe

Jare sing setuju wong welas karo makhluke Allah koh yaa disusudzonnii,,,eh disuudzonni,,penting tah yaa waunge ora lebokna umah orahaa,,,wong dipakani digawekna nggon ngarep nang pelataran

Nyong gole maca yaa mudeng nemen iyaa dunung benere sing setuju karo sing ora setuju. Jare nyong tah yaa,,,sing mbajor sing aplot video kuwe,,,mbokyahaa kapan arep gawe berita kuwe sing pepek lheen,,,

Kapan midio mbekayu kenes kuwe lagi blanja makani waung,,,yaa midio juga mbekayune lagi umbah - umbah sesuci klambi mau sing bar dienggo ngesod karo waung waunge yaaa. Dadi tah uwong entuk tuntunan cara sesuci klambi angger bar klesodan karo eaung. Kiye nyong pen nulis a** koh njenthike ora kuwawa.

Dadi yaa ora ngilang ngilangi mbekayu kenes wis amal apik nulungi waung karo kucing sing dipilara wong akeh.

Kapan gawe berita palanga adil yaa luurr

Salam Ngapak

Salam Literasi

Pemalang sing langite lendat lendut iyub

13 Januari 2018

(nulise tah wes suwe aplote nembe siki)

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

lagi sempat maca ki Mbakayu Farina

17 Feb
Balas

lagi sempat maca ki Mbakayu Farina

17 Feb
Balas

Maen pisan pokoke! Terus lanjut!

13 Jan
Balas

Maen gole mbingungi apa ya pak? Hehehe,,pangapunten nggiih

14 Jan

Maen yu farina... Tapi ya nek wis tekan masalah najiz kudu ngati ati..

14 Jan
Balas

Iyaa,,kuwe nek gawe pidio sing imbang rha yaa,,,

14 Jan

Langite lendat lendut, ngaplode ya tiru lendat lendut, ora papa yu. Maen.

13 Jan
Balas

Iyaa sabtu wingi durung kober paak,,,

14 Jan

Aku madan bingung kuwe

13 Jan
Balas

Iya bu? Hahaha,,,pro kontra gadis berjilbab merawat anjing dan kucing,,,

14 Jan

Mndan mudeng Mba Farina...mndan ora juga...dadi arep guyu apa arep sedih kie tah...tp Siip tulisane

13 Jan
Balas

Dikepenakna baen yu,,,,hahaha apa tekane rasa wees

14 Jan

Pemalang indah ya bund...

13 Jan
Balas

Piye yaa,,,,betah ajaa,,,, hehehe

14 Jan

Sing.bener ngrumati nanging menawa nganti tekan nggon najise iya kudune diindari. Tulisane maen yu, judule diganti mbingungi kaya kuwe, hehe

14 Jan
Balas

Hahaha,,,iya eh? Mandan sejen yaaa ngapake Pemalang karo Purbalingga?

14 Jan

he.he..basa jawa msh bisa,bgtu ada idialek dr banyumaan..mulai pusing ini..he.he..tp bagus. tetap melestarikan budaya itu

01 Feb
Balas



search

New Post