Hamdani

Guru yang menyukai kegiatan membaca, menulis serta mengamati iklan di berbagai media. Minat terhadap art, diantaranya menikmati aktifitas mendekorasi ruangan, ...

Selengkapnya
Navigasi Web

BEGAL

Dening: Hamdani

Pak Darsan duweni pangupa jiwa yaiku mbranjang utawa mancing. Saben dina, Pak Darsan mlaku turut kali, luru iwak –iwakan. Ora mesthi pametune. Kala mangsa 0leh akeh, nanging ana kalane ora entuk babar blas.

Wus kapitung seminggunan iki, Pak Darsan sajak mempeng anggone mancing. Menyang isih peteng, yen mulih omah wis ora komanan padhang. Karepe Pak Darsan, yen oleh akeh anggone mancing, mengko bakal didol. Dhuwite, kanggo ragat sekolah anak-anake, tuku seragam lan liyo-liyane. Sawijining dina, Pak Darsan menyang mancing luwih gasik, mruput tenanan. Ora lali, dheweke nyepakake piranti kaya senar lan pancing, gayuhan, cacing, lan kepis kanggo wadhah iwak. Dheweke uga gawa sangu sega lawuh tempe uyah bawang karemane.

Pak Darsan beja banget sajake. Lagi wae nyemplungake gayuan, wus obah-obah senare. Tetenger yen pancingane kena iwak. Mbasan diunggahake, ...wah katon iwak tambra gedhi banget! Ora let suwe, pancinge ngenani lele, sumusul wader, tawes, mujaer,blanak, beong, lele lan maneka warna iwak-iwakan kang urip ana ing kali. Bungah banget atine Pak Darsan. Mangsane tengah ari, dheweke kelingan yen kudu ngaso, sholat lan dhahar. Rampung ngaso, Pak Darsan mangsuli maneh menyang panggonan gayuhan kang dipanjer ing sisih watu gedhe. Mbasa dicekeli, krasa abot gayuhane, pratandha yen pancingane kena maneh. Ngana kuwi tekan mangsane sore,engga kepis wus kebak. Banjur Pak Darsan luru tali saka oyot-oyotan, kanggo ngrenteng iwak kang ora amot mlebu kepis. Nanging prastawa nyenengake kuwi ora suwe dirasaake Pak Darsan. Nalika pinuju kondur, Pak Darsan kacegat dening begal ana ing dalan.

“Gawanen mrene, apa sing ka gawa kuwi, Kisanak !” ujare begal, karo mlintir brengos.

“Lha kok kepenak temen, Aku sing mancing, sampean sing ngalap,” sautane Pak Darsan. Ngerti yen Pak Darsan ora gelem ngulungake kasile, begal mau banjur nesu. Samar karebut, saya kenceng Pak Darsan olehe ggegem gawane. Nanging saya suwe Pak Darsan ora bisa endha. Didhupak, Pak Darsan tiba krengkangan, engga kabeh gawane ucul saka tangane. Gage-gage, begal mau jupuk iwak kang pating salebar, sadurunge wus ngantemi Pak Darsan. Pak Darsan durung bisa tangi, mung isih dheleg-dheleg lan ngusap lambe kang mili getih. Tekan omah, Pak Darsan banjur crita karo bojo lan anak-anake. Kabeh padha melasi Pak Darsan, senajan dina kuwi ora padha sida mangan karo lawuh.

“Ya wis, Pak. Mbok menawa, kuwi mau durung dadi rejekine dhewe, ” panglipur Bu Darsan, karo ngompres pilingane Pak Darsan kang katon biru erem.

Wektu semana, ana papan kang seje. Begal mau wus tekan omah, lagi ngupakara iwak-iwak: mbetheti, masuh lan mbumboni dadi mangut. Ora sranta, senajan isih panas, begal mau gage-gage madhahi ana ing piring manci, banjur dikrawu sega. Lagi nyuwil lele, dumadakan lele kang wus dadi lawuh mau urip lan mencolot, matil tangane begal. Merga kaget, begal banjur nguncalake piring saisine.

Nanging tangan kang kena patil mau wus dadi abuh , gedhe ora lumrah. Begal banjur mlayu marani mantri, nanging sing dijaluki tulung supaya nambani, ora saguh. Begal mau banjur sambat karo tanggane, supaya diterake menyang rumah sakit. Nanging para dokter ana ing kana uga padha ora saguh, kejaba enggal-enggal diamputasi utawa ditugel tangane. Begal mau misuh-misuh, ”Wis, dak tambanane dhewe !” ujare karo metu mulih.

Tekan omahe, senajan ngampet lara, begal mau glethakan karo mringis-mringis jalaran larane. Bablas turu, begal mau ditemoni lele kang matil mau nang gone impen, ”Yen kepingin mari laramu, awakmu kudu nemoni wong kang tok jaluk peksa iwak-iwak mau.”

“Banjur nang apa yen wus ketemu?” pitakone begal.

“Jaluk ngapura, dene awakmu wus gawe sengsara marang liyan,”wangsulane lele,banjur.......ilang. Mak gregah, begal mau tangi saka peturon. Raine kebak kringet merga dheg-dhegan. Esuke, begal nggoleki wong sing dipeksa nyerahake iwak wingi. Merga ra ngerti, kabeh wong sing ditemoni, mesthi nampa pitakon. Nanging wong-wong ora padha weruh.Meh surup, begal lagi ketemu karo Pak Darsan.

“Aku saguh ngapura,nanging kanthi syarat,” wangsulane Pak Darsan.

“Apa syarate, Pak Darsan?”

“Awakmu ngragati laraku olehmu tok antemi wingi. Banjur, nukoake sandhangan kang pantes kanggo anak –anak lan bojoku, banjur.........”

“Ampun, ampun, Pak Darsan. Cekap Semanten kula nampi syarat..........”

“Iya, Pakne. Kuwi mau wus cukup.” gunemane Bu Darsan ngleremake swasana. Bubar diwenehi pangapura, begal mau banjur mari sak nalika anggone lara tangane.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post