TULADHA ATUR PANATACARA
Dening : Hamdani
// Assalamu ‘alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Bismillahirrahmanirrahim.
Alhamdu lillahi rabbil ‘alamin.
Wa bihii nasta’iinu ‘alaa umuuriddunyaa waddiin. Wa sallallaahu ‘alaa sayyidinaa Muhammadin, salla Allahu ‘alaihi wa sallam (waosan sholawat saged dipun gantos, miturut dhateng ingkang ngayahi)
- Ingkang tuhu kinabekten, para sesepuh lan pinisepuh
- Para ngalim ingkang tansah kula takdhimi, linangkung dhumateng Bapa Kyai/ ibu Nyai .... ingkang tansah dipun tengga tausiyahipun
- Pangayom kawula dasih (menawi wonten pangarsa/pejabat setempat ingkang rawuh), ingkang sinudarsana
- Sumawana, para rawuh: putri lan kakung ingkang kautamen
Miwiti kalodhangan punika, mangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsa Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kawilujengan saha karohmatan dhateng panjenengan sedaya lan kula, engga saged makempal wonten ing kalodhangan punika kanthi winantu ing karaharjan.
Nuwun sewu,dene kula wonten ing mriki, minangka panatacara wonten ing adicara ....( selapanan/pengajian/arisan dawis lan lintunipun acara climen)
Pramila enggal-enggal kawiwitan.
Saderengipun, kula waosaken reroncening adicara mekaten :
- Sepisan pambuka
- Kalajengaken ingkang urut kalih, waosan ayat-ayat suci Al Qur’an
- Rinacik ing adicara urut tiga, atur pambagya harja:
1. minangka shahibul bait
2. minangka panawung kridha( panitia acara/ pengurus jama’ah)
- Acara mujahadah, wonten ing urut kaping sekawan
- Sacandhakipun nenggih acara tausiyah, sapandonganipun.
- Atur palapuran saha manekawarna(lain-lain), minangka urut kaping nenem
- Lan acara pungkasan nenggih panutup (urutan acara mboten kedah dipun sebat sedaya, supados mboten kapireng wongsal wangsul)
Mekaten, reroncening adicara ingkang badhe katur.
1. Para rawuh/ jama’ah sedaya, mangga acara punika kawiwitan, kanthi kula dherekaken maosaken Ummul kitab, liridla’illahi ta’ala : Al fatihah ....
Maturnuwun, mugi tansah kaparingan ridla dening Allah SWT., Amin.
2. Salajengipun, acara ingkang urut kalih: waosan ayat-ayat suci al Qur’an, ingkang dipun sarirani dening Bp./ Ibu....
Ngaturaken pamaturnuwun, dhumateng Bp./Ibu .... ingkang sampun maosaken ayat-ayat suci Al Qur’an. Al Qur’an minangka pamiyaking warana kasaenan dhateng panjenengan sedaya lan kula.
3. Titi laksana salajengipun nenggih atur pambagya harja. Sepisan badhe kaaturaken dening Bp./Ibu.... minangka shahibul bait. Dhumateng Bp./ Ibu.... kula aturaken.
Maturnuwun. Lan atur pambagya minangka panawung kridha, badhe kaaturaken dening Bp. / Ibu....
Mangga, kula aturaken dhumateng panjenenganipun.
4. Para jama’ah, acara sacandhakipun nenggih Mujahadah. Mangga, murih saged kaleksanan kanthi ening, panjenengan sedaya kaaturan lumaksana kanthi tartib. Lan dhumateng, Bp. /Ibu. .... minangka rois, kula aturaken sacekapipun.
Mekaten acara mujahadah, ingkang saestu kaleksanan kanthi tartib. Pramila ngaturaken pamaturnuwun dhumateng jama’ah sedaya, utaminipun dhumateng Bp./ Ibu ... minangka rois.
Para rawuh, saderengipun ngancik acara samangke, nuwun sewu badhe kasigeg sawatawis, saperlu caos wekdal dhumateng sahibul bait. Panjenenganipun badhe ngaturaken kurmat shodaqohan dhateng para rawuh. Pramila dhumateng juru ladi utawi ingkang sampun kajibah, supados samekta. (anggenipun nyigeg acara, kedah pirembagan utawi sampun mupakatan kaliyan ingkang kagungan damel)
Para rawuh, punika leladosan saking Bp./Ibu.... minangka sahibul bait, pramila mangga sedaya kaaturan ngunjuk saha dhahar. Kula dherekaken maos tasmiyah : bismillahirrahmanirrahim.
(Menawi sampun cekap anggenipun ngunjuk/dhahar, nuli ngaturaken :)Mugi mboten dados deduka, nuwun sewu adicara kalajengaken.
5. Jama’ah sedaya ingkang dipun rahmati Alloh, kados kalodhangan dereng jangkep saderengipun dipun wontenaken tausiyah. Pramila dhumateng Bp. Kyai/ Ibu Nyai .... minangka pamedhar sabda, kula aturaken sacekapipun lan pandonga/dedonganipun. Mangga ..
Sajatosipun kula lan para jama’ah dereng cekap anggenipun nampi piwucal saking Bp. Kyai/ Ibu Nyai .... ananging karana kawontenan, inggih kapeksa cekap semanten dipun adani.
6. Acara salajengipun, nenggih atur palapuran lan manekawarna. Pramila dhumateng paraga ingkang kajibah, kula aturaken.
Mekaten acara sampun kaleksanan kanthi urut, tumuli badhe kapungkasan.
Saking kula, anggenipun ndherekaken panjenengan sedaya anggenipun minangka dados panatacara wonten ing kalodhangan siang/dalu punika. Kathah kalepatan kula, pramila nyuwun pangapunten.
7. Mangga, acara dipun pungkasi kanthi sareng-sareng maosaken tahmid kalajengaken pandonga kafaratul majlis: .....
Ngaturaken pamaturnuwun dhumateng sedaya rawuh,
Wabillahi taufiq wal hidayah,
Wassalamu ‘alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. //
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Sae tulisane ... apa itu panatacara Pak?
Protokol.MC