Hari Prasetio

Lahir di Cilacap 25 Maret 1967. Lulusan SDN 1 Karangtalun Cilacap (1980), SMPN 4 Cilacap (1983), SMAN 1 Cilacap (1986). Alumni Universitas Sebelas Maret Sur...

Selengkapnya
Navigasi Web
Wolak Walike Jaman
Sumber : sejarahri.com

Wolak Walike Jaman

Kula nuwun….Sugeng enjang bapak-ibu……

Jaman siki wis akeh kedadeyan sing ora wajar, ora pantes, lan ora lumrah. Luwih-luwih tindakan sing katone salah bisa dadi bener lan sing bener malah bisa dadi salah. Makane benar bae ngendikane pujangga Jawa Raden Ngabehi Ronggowarsito, tau ngramalna nek mbesuk ana wolak walike jaman.

Akeh wong sing wis ora duwe isin, contone bae ; koruptor sing wis diglandang nang kantor KPK, tetep bae katon sumringah kaya wis ora duwe isin babar pisan. Pancen pranata hukum nang negarane dhewek, nek durung ana keputusan pengadilan, wong kuwe durung rumangsa nek dheweke salah. Padahal duwit negara sing jumlahe milyaran rupiah wis dimaling.

Pancen wolak walike jaman, siki wis kedadeyan, kayonge nek wis kecekel/OTT KPK koh padha rumangsa bangga. Nek budaya isin wis ilang, bisa ngancuraken moral bangsane dhewek.

Jajal padha ngaca maring budayane wong Jepang, siki wis dadi negara sing maju teknologine, tapi budaya isin esih diugemi wargane. Nek ana wong sing wirang, luwih becik nekad bunuh diri bae. Kabeh kuwe mau sing bisa ndadekna nang Jepang ora nana wong sing korupsi, suap-menyuap, lan nglomboni maring liyan.

Beda karo negarane dhewek, nek ana pejabat sing ora jegos njalanaken tugase, banjur didemo kon mundur, ya ora gelem lengser, padahal dheweke ora becus nyambut gawene. Merga kuwe wolak walike jaman wis kudu dadi pengilon kanggo kabeh warga, wani instrospeksi diri lan kudu ningkatna rasa isin, dadi bisa kalis karo tindakan sing ora becik mau.

Siki wis akeh contone ; ana artis sing pada dadi pejabat, akeh -- bupati, wali kota, gubernur, pejabat lembaga tinggi negara, anggota lan pimpinan DPR sing dadi tersangka, ana sing dadi terdakwa, ana sing wis diukum nang penjara, lan liya-liyane.

Nuwun….rahayu, rahayu, rahayu……

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post