Hariyanti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Ayo kerjo bareng

Tantangan hari ke 30 

 

Wayahe nganggo boso jowo

 

Ayo kerjo bareng ....!!!

 

Wong jejodoan ki kudu rukun ..rukun golek pangan , rukun ngopeni anak , rukun nandangi gawean omah. Opo meneh ..rukun yen lagi seneng ...wisss siiip tenan ki.....

 

Wong lanang Jo sak penake ...peh iso kerjo , wong wedok sing neng omah ...nandangi gawean omah ya sak pirang - pirang , iku ya kerjo ...ojo mbok anggep asistenmu alias pembantu . Kudu diladeni, cawisan daharan , yen gak enak nesuuu... po mbok anggep restoran, bojomu koki piye..., Dene bojomu iso masak enak ya Alhamdulillah , disyukuri ..penting tugase wong wedok ki wis nyiapne daharan dokok mejo makan , omah resik , ..yen dahar ya bereng ,yen anak wis adoh kebeh ya berdua , enak ra enak , ya etok- etok dianggep  enak .nyenengke bojo...raketang nko metu dewe terus jajan ..., Sekali - kali jajan bareng ya malah apikkk,  gak opo - opo , ngrasakne koki njobo.

 

Lha aku disik gak pinter masak ...tapi ya ra bingung , tak gawekno mi , gari milih , arep rasa opo, bakso ,soto , kare , ayam bawang , mi goreng opo mi godok ...,  Original opo nganggo sayur ...yen tambah sayur , gari 

nyampuri bayam , sawi,  tokolan , utowo  kangkung ...penak to....penak ..urip pisan kok digawe angel ngopooo. Ngono bojo ya ra tau sambat , mbuh yen dibatin ...bojoku ki iso masak po ra...lemari isine mung mi macem - macem rasa....karo bumbu - bumbu sasetan , bumbu sop , sayur asem , soto , gule , rawon . Wis ben ..ya alon - alon ..masak ki ya angel , arepo mung ngepasne bumbu. Saiki ngono ya wis iso masak ...ning ya ra pati enak...pokok asin...wk. wk..

 

Wong wedok ya ojo kemayu , peh ya iso kerjo..gajine luwih okeh pisan karo bojo ...terus gak gelem tandang gawe omah...ya ojo ngono...ayo podo ditandangi bareng - bareng ..amrih iso mlaku kabeh..Podo penake ...ra sah mikir iki gawean wedok , gawean lanang...,, Lha ya ..yen mikir ngono ya judeg ...okeh - okehe gawean wedok , terus wong lanang  ngopo ., Mulih kerjo santai - santai , hape an , wong wedok wis kerjo mulih kesel , jik tandang omah meneh ...lha ya semplok awake ...., Ya ..saling ngerti lah ...Ojo golek penake dewe - dewe. .gawean okeh Yen digarap bareng , dadi ora kesel...., Mulih kerjo ,yen isih kesel ya leren disik , istirahat ...nko bar leren , awake wis penak , ya tutuge meneh , omah yen resik..ya penak disawang , nyaman lan krasan neng jero omah...

 

Tanduran ya podo ..karebe ngono tanduran , kembang - kembang okeh , apik - apik ...neng ngrawat males ...ya wis ,wayahe udan nyenengke , kembang - kembang podo mekrok , lha bareng kemarau ...podo mati Kabeh , males nyirami....padahal tukune , ya larang...eman - eman.....piro abote to nyirami ....ra sah iren gawean ...bebojoan ki dadi konco. Wis to penak - penak ...yen samu barang digarap bareng , nggarape nganggo ati sing ikhlas... , Anane seneng mung karo seneng ....

 

Wis ngono disik yo , Iki ngono nggo pangeling - eling aku dewe ..matur suwun

 

 

 

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post