Gak isin sekolah nang smk
Tantangan hari ke 3 ,hari minggu pakai bhs daerah ( Jawa)
Ketrampilan iku penting.
Gak usah isin sekolah nang SMK.
Dadi wong tuo ki, kudu opo2 ngerti , wawasan ya kudu akeh , sak wayah - wayah anak takon .kudu iso jawab. Koyoto , tonggoku iki..jenenge Bu Juminten , neng deso podo di celuk Bu minten . Piyayine alus, grapyak , lan supel , yen ono tonggo takon ya dijawab, yen perlu dijlentrehne nganti sing takon mudeng.
Sore - sore bu minten lagi lungguhan neng teras Karo nyawang hp , Ojo mbok kiro wa nan , Bu minten senenge moco artikel sing ono neng media hp, detik com , kompas, lan liyo liyane , Yen ono koncone nge share hoax , mesti dielingne , Karo menehi link , yen sing di share iku hoax , alias kabar bohong, dikiro ra dosa piye nge-share hoax, kabar yen apik ngono dadi amal jariyah , lha yen bohong malah dadi dosa jariyah ..nggih nopo mboten ..langgih ...diwenehi driji , lambe , pikiran , karo sing kuoso ki mbok dinggo sing bener.
eh lagi asyikkk moco ...
Assalamu Alaikum , Bu Yekti cluluk ..
Bu Minten : Waalaikum salam , eh
kadingaren jeng , ono opo ?
Bu Yekti. :He..he..anu ..mbakyu,
bade tanglet ..
Bu Minten : takon opo , kok ketok e
wigati ..
Bu Yekti. : Putro njenengan sing
jaler niku jurusane nopo
mbakyu ?
Bu Minten : Oh Anto , jurusane
Arsitek , ngopo to ?
Bu Yekti. : Wahhh hebat banget ,
pinter tenan nggih ,iso mlebu
arsitek
Bu Minten : Yo ora , ngene lho jeng ,
bocah ki , asal sesuai karo
bakate atau bhs kerene passion
iki mesti iso ,amargo seneng.
Bu Yekti : nopo riyen waktu SMP ,
utawi SMA , angsal rangking
terus.
Bu Minten : lahhhh ..bocahku ki ora
pinter, lawong SMP ki murid 30 ,
anakku rangkinge antarane 25 -
30 , Ning ya Alhamdulillah ora
tahu ngisor dewe.
Bu Yekti. : Oh ngaten mbakyu, lha
kok saget mendet jurusan
arsitek nggih ?
Bu Minten : ngene lho jeng , awake
dewe, ki dadi wong tuo kudu iso
ngarahne , bocahe dewe ya kudu
nyadari kemampuane dewe.
Gandeng anakku , kan ora pati
pinter, lulus SMP , ya tak
arahne ,menungso ki ya kudu
maju , ya duwe kepinteran atau
keterampilan .Yen awake dewe
ora pati pinter , ya kudu
terampil .kudu duwe kelebihan
( plus) . Anto ki lulus SMP , tak
saranke neruske neng SMK ,
Kowe ngko bakale duwe
ketrampilan , arep neruske
kuliah ya iso , arep kerjo ya
iso...lha Yen neng SMA , ilmune
umum , kudu kuliah , arep kerjo
durung iso jalaran durung duwe
ketrampilan. Lha kok manut to
jeng , malah ngomong , ya wis
tak sekolah neng SMK , jurusan
bangunan ya buk ...ya rapopo ,
wis senengmu nangdi , SMK
jurusane okeh gari milih . Dene
mengko duwe rejeki , iso kuliah
ya beneran ..ketrampilane
diasah meneh nang perguruan
tinggi.
Bu Yekti : lha teng perguruan
tinggi ,nggih saget ngikuti
pelajarane ?
Bu Minten : lho ..ya iso banget , lha
nang SMK, 3 th bola Bali
gambar ...ya wis ora bingung ..
Bu Yekti : Oh ngaten nggih mbak yu
...lha Kulo lagi mikir si Nono,
kolo mben crito pingin neruske
teng SMK, Kulo dewe, ya tasih
bingung, gandeng sampun
angsal ilmu saking mbakyu ,
kulo sampun manteb, mangke
bade kulo support , Kulo
dukung saestu mbakyu.
Bu Minten : Ya Alhamdulillah ,
anakmu wis duwe angen2 dewe
, tinggal didukung . Di biayai
kanti ikhlas , didongakne , ben
lancar sekolahe. Dipantau
konco2 ne...lan dijogo
komunikasi ben cedak Karo
wong tuo , yen ono keruwetan ,
gampang ngudarane , amargo
raket karo anak , ngono jeng.
Bu Yekti : nggih leres mbakyu
matur nuwun ilmunipun, pun
plong ati kulo. Gandeng sampun
sak untawis, Kulo nyuwun pamit
mbakyu . Assalamu Alaikum.
Bu Miinten : Waalaikum salam .
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Ora ngerti aku mbak
Maaf ini bahasa Jawa bu
Moga anak e mbak yu kelak sukses
Aamiin terimakasih