Gak sah panik ya
Tantangan ke 45
Dino Minggu wayahe nganggo boso jowo
Gak sah panik ya....!!!!
Lha ya...wa , fb...isine meh ..Corona kabeh ....awake dewe ki kudu waspada , ning ojo panik ..., opo meneh sing panik wong duwuran , lha wong ngisoran .....tambah mumettt, ...ya bingung barang.
Wong duwuran ..utowo pejabat ki kudu iso ngleremke ...ben masyarakate tenang . Sing penting opo to , kudu iso njogo kebersihan , istirahat cukup , olahraga , yen maem , ya sing bergizi, amrih immune awake dewe ben tambah . Dadi ora gampang lara. Kerep wisuh nganggo hand sanitizer , yen larang ,ya nganggo hand soap , sabun biasa , ya ra opo - opo .
Virus Corona iku , gampang ilang , makane iso disebut self healing utowo self limited disease .... iso sembuh dewe . Sing bahaya ki kanggo piyayi sepuh sing wis duwe penyakit , koyoto , paru - paru , asma , perokok , utowo duwe penyakit liyani sing kronis..., Lha yen wis duwe penyakit ngene ,kudu ati - ati banget....., Sebabe gampang tertular virus iki. Dikurangi sik sing kumpul - kumpul , utowo lungo - lungo .
Lha yen sing sehat ngono ...viruse iso mati dewe , wong virus ki keno panas 27 derajat bakal ilang / mati dewe......ning....ya ojo sak karebe dewe.. ,Yen lagi flu utowo batuk , ya nganggo masker. Yen wahing ya ngalih utowo ngadoh , ben ora ngenani wong liyo.
Sing dadi masalah ki wong sing sehat , keno virus , dilalah nulari piyayi sepuh sing wis duwe penyakit .., sing ketularan dadi parah ...sing sehat ngono mari dewe ....Kuwi ngono diarani silent carrier.
Wis saiki podo ati - ati ...dijogo kesehatane dewe - dewe. , Kereb ngombe banyu putih , ben tenggorokan ora kering , yen kering , virus iso nempel nang tenggorokan , Ning yen diombeni banyu , viruse mlebu nang lambung . Keno asam lambung , viruse bakal mati. Ngono kuwi jarene dokter....
Wis ngene disik ya ..dadi yen ono , berita ...ra sah panik , opo meneh didramatisir , dadi kacau , keweden ki ra apik , ning ya ojo cuek , golek solusi sing pener . Lock down dewe waelah , kuwi ngono ya wis antisipasi , lan berpikir sing apik alias positip terus donga marang Gusti Allah , mugo - mugo ndang cepet ilang viruse , Kabeh diparingi sehat , amrih kegiatan iso lancar maneh ...Aamiin.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar