Ketoke gampang
Tantangan ke 38
Dino Minggu wayahe nganggo boso jowo
Ketoke gampang.....
Ayo konco - konco Kabeh , awake dewe ki urip mung sepisan , alias urip mung mampir ngombe , mbok ya ati - ati ....., Ati - ati yen ngendikan , ojo gawe larane ati liyan , jarene mono , yen dijiwit ki lara , ya ojo njiwit .
Ya ....yen ngomong ki gampang jan ...nglakoni lho angel ....ananging yen ra gelem nyoba soko saitik ,ya ra iso - iso ..sak jane ngono , ya asring entuk share - share an ...nasehat sing dowo ...apik banget ...tirik - tirik ..nggatik - nggatik ..ya ayo podo dicoba..diterapne . Kapan yen ra saiki...Selak dioyak umur...., Maksude opo ?? Ya selak tuo...
Sak benere sing radha abot ki ngatur emosi ....kudu iso ngontrol . Jenenge kekancan , awake dewe kudu apal ..sifat siji lan sijine...., Ono sing yen ngendikan ...ki nggawil ...karebe ngono ora nglarani , tapi sing ngrungokne lara. ...lha ngono yen dipikir , lak lara dewe..., Eman ,,- eman to... sehat ki larang regane , sing ngomong wis lali , sing kene dipikir ra bar - bar ....oalahh....
Bebojoan ya podo , yen ono masalah , ya dirembuk sing penak , yen sijine banter , lagi emosi ,,sijine ya meneng , ojo melok banter...dirungokne wae. ..ngko yen arep turu , coba ditakoni alon - alon , karebe mau ngopo .....digenahne sing penak ...nganti jelas ....yen masalahe abot. yo golek solusi bareng - bareng , mengko lak ketemu ..., Ojo malah udur saling nyalahne ...ora bar ..bar ....akhire ora iso podo turu , malah singkuran .., kuwi marakne dadi penyakit . Tapi coba , yen wis dirembuk kanti penak , kanti ati sing padang, lha ..malah ngrumangsani salah , njaluk sepura.....kan dadi apik ....mesti iso turu , ora singkuran nanging malah dekepan ...he...he....ya po ra..!!!
Wis saitik wae...penting iso jogo lambe ..ati - ati ...Yen ono kabar ora jelas , ora sah di share , yen ora pener , dadi fitnah ..., Terus yen ono laporan atau info , ya ojo terus percoyo, kudu di cross check disik , pener opo ora....yen ora pener , opo meneh wis nge judge , alias menghakimi...Si A ..bla ...bla... bla..
Wis kudu tobat tenan , kuwi ngono wis nglarakne ati liyan .....
Matur suwun...
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar