Hariyanti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Mbok ngrumangsani...!!!

Tantangan hari ke 17

Dino minggu ,jik nganggo boso jowo

Mbok ngrumangsani !!!!

Jenenge bebojoan ki koyo kekancan , opo meneh wis manula , wis podo dadi mbah - mbah , yen lanang ya kasebut eyang kakung, yen wedok , ya eyang putri .sanadyan wis podo tuo nanging kekarepan jik koyo cah nom.koyoto jik mangan sing atos - atos , alot - alot , wis ngerti untune ogak , ya jik mangan , bareng copot bingung ....dikandani ya jawab , lha enakkkk...lha barang sing dipangan karo ndandakne untu ..larang ndi...?? Ngganti untu lho larang ,untu siji sak juta , yen copot siji ,kudu masang loro , dadi rong juta ..goro - goro mangan alot - alot

mumettt to...

Rambut yo ngono , wis putih ,ya ben putih ...malah apikkk, ngono ya jawab ra PD ( percaya diri) , masalah PD ra PD ..ki ora soko rambut , yen ijik kerjo , ya soko kinerjane awake dewe, asal kerjane apik , ya kudu PD , penting penampilan jik stil , koyo pak Ganjar kae , rambut ya putih , tapi ya PD , wong ya iso kerjo. Ning nyat ya ganteng ding....he..he.. ki jik normal ya , jik iso nyawang wong ganteng ...

Lucu meneh ki yen olah raga , lha umur wis meh sewidak ... Kok senam koyo cah nom , sing jenenge senam erobik , bar kuwi ya lara kabeh to .awake , sename ki paling2 senam jantung , tangane mung diugil - ugil tokk.. Rasah aneh - aneh . Mlaku - mlaku ya ngono , muter alun - alun sampai ping 5 , bareng ngono kekeselen , lara , neng dokter , ditakoni olah ragane nopo Bu , , mlampah - mlampah pak . Ping pinten ? Ping gansal ...

Lha malah doktere ngguyu ....niki sakite amargo olah- ragane kakean Bu...lha dalah...dadi intine , olah raga ki perlu ning ya kudu nonton kekuatane awake dewe, kudu nyadari yen umure wis tuo.

Masalah panganan yo podo , yen ra kuat mangan sambel alias lombok,ya gak usah mangan , melu2 sing enom ,podo maem rujak ,lotis , bar kuwi ..murus..kan salahe dewe ...yen wis bola- bali neng mburi , lagi nyesel , ngopo mau ndadak maem barang...halahhh padune ki raiso ngampet , wis kemecer lambene, ning jane ngerti ..mengko bakal murus. ...mbok yoo nyadari ..yen onderdile wong tuo ki wis bedo ..Yo pora.? Corone mobil kae ...mesine wis rodo 2 kropos ..malah ono sing bolong barang...makane to , yen ono panganan ya dikiro - kiro , iki yen di maem , nyikso aku po ra, ya diampet....

Samu barang ki wis ditoto Karo Gusti Allah , yen wis tuo , rambut wis putih , nangdidi ngowo minyak kayu putih , eh sing lagi ngetren ..kuwi minyak freshcare..ambune enak . Mugo ndang sadaro , sok - sok ya ngilo sing suwe...nyawang rambut , keriput , tenaga wis terbatas, dadi wis rasah aneh - aneh, dinggo ngibadah sing apik , ndongakne anak putu ben sukses donya akherat. Dijogo atine , lambene lan kelakuane , ben iso nggo conto anak putu.

Wis sitik wae yo, Iki ngono ngelingke awake dewe. matur suwun.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

jiyyaahh..basane kocak puooll..

16 Feb
Balas

Matur nuwun

23 Feb
Balas



search

New Post