Hariyanti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Mbok Ojo ngeyel ...!

Tantangan ke 52

 

Hari Minggu wayahe nganggo boso jowo

 

Mbok ya ojo ngeyel ...!

 

Saben dino krungu berita...sing jenenge virus Corona ...ki kok tambah mbebayani ...tambah okeh sing suspek , sing keno lan sing tilar donyo.  

 

Ayo podo ati - ati ....nyat ya angel ,. ..Ning ya kudu iso ...mbatasi awake dewe - dewe..mbok ya ojo ngeyel ...,sak wetoro aja lungo - lungo disik , mbatasi ojo kumpul - kumpul disik , agomo opo wae , Islam , Kristen , Hindu .Budha ..ayo podo nurut .., ngibadah neng omahe dewe - dewe...., ,Gusti Allah iku Maha Tahu .., Maha Penyayang ...yen wayah iki sutuasine lagi darurat.....

Percaya diri ki ya keno...ning yen mbebayani liyan ...kuwi jenenge egois ...  Ojo salah mikire ..." Ojo Wedi Karo Corona , wedio marang Gusti Allah " ,  apik kalimate , ning ora pas , opo meneh  awake dewe   duwe ilmu ....duwe wawasan , yen virus Iki gampang nular ..., Arep nduduh ne yen imane apikk ngono piye....  , Iman apik , ibadah apik ..Ki sing ngerti mung kowe dewe Karo Gusti Allah ...rasah mbok duduh - duduhme..., rasah mbok pamerne ....,  Yen duwe rasa kamanungsan , ayo to ...podo dijogo kesehatane dewe - dewe, keluargane , mbatasi dewe...dewe , yen kabeh podo manut anjurane pemerintah , disiplin , mengko nak ora nyebar nang di ..di..

 

Kadang ya pegel sih moco berita , ono wong  bagi masker gratis ...uyel - uyelan ..rebutan ...wohhh mumeettt to ..lha yen duwe virus , opo malah ra nular...mbok mikir teknise bagi ...ya ra ngono kuwi.., mbok dipikir disikkk..., Kulino grusa - grusu. ..., Ono meneh mbatasi jalure transportasi , akhire sampai ngantri ngular...kok ra mesak ne , warga kok dinggo coba - coba..., otomatis ..ya menumpuk penumpange.. 

 

Ya nyat susah dadi pejabat utowo  penguasa , kudu iso amanah ..., Ya kudu kuat barang ...lan teges ..., Kebijakane kudu pener , kanggo wargane , yen ora pener ,ya kudu dielingne . Ngurus sak Indonesia raya , sing penduduke sak brek ..Ki ya angel , makane ono gubernur , walikota , bupati ,  kebijakane ojo sak karebe dewe , kudu ono koordinasi ..., Kudu kreatif ..lan cepet , ngatasi masalah iki, Ojo omong tokkk , sing penting kerjo ...anggaran daerah, ojo dinggo sak karebe dewe, mbok wayah ngene .., ndang piye..piye  ..disempoti disinfektan, kuwi  ya antisipasi . 

 

Ono kabar , yen wis ono alat dinggo ngecek ...keno virus opo ora... Malah jare gratis ...ya malah beneran ...mugo - mugo ndang cepet ilang musibah iki ...mesakne karo wargo sing menengah kebawah ...sing podo biasane dodolan nang sekolahan , podo prei ra dodol ...arep mangan opo...,  Sing kenek , sopir , ora enek sing lungo ...kuwi ya podo ..pakaryan liyane .ya  podo kabeh...akibate neng ekonomi ...., Wong sugih ngono ra nggagas , ASN , ya ra nggagas ..wis duwe gaji ..., Ya sok - sok mikiro sitik ..lah akibate iki...ayo podo - podo usaha amrih virus iki ora nyebar nang di di ..., Ndonga marang Gusti Allah , ben  ndang cepet ilang , lan ndang cepet udar masalah virus iki.

 

Wis saitik wae ya....matur suwun.

 

 

 

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post