Hariyanti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Mbok rasah pamer !!!
Bunga adenium

Mbok rasah pamer !!!

Tantangan ke 31

 

Dino Minggu ,nganggo boso jowo

 

Mbok rasah pamer......!!

 

Wong urip pisan rasah aneh - aneh ..., Wis to... sak madya  wae...arep pamer bondo ...sing ngluwihi ,ya jik okeh , pamer ayu / bagus  sing luwih ayu / bagus  yo okeh , pamer pinter , sing luwih pinter yo okeh ...

 

Wis to , opo sing diduweni ,disyukuri ,kanti ikhlas....

Ning ya ojo meneng wae , terus pasif....nglokro ..ora ngono...wong urip iku kudu usaha , kebutuhan wong urip iku sandang ,pangan , papan  lan ilmu , lan yen papat  kuwi wis kecukupan , sandang sing dinggo wis apik ora elek banget , mangan ben dinone ya wis iso , ora gerih terus , sok - sok ya iwak barang , omah ya wis ono , penting wis ora ngontrak , ilmu ya wis cukup , bocah - bocah ya wis sekolah , yen wis tuo , golek ilmu ya gampang , tinggal gogling , pingin arep pinter ning masalah opo , arep pinter masak , gawe roti , wis opo - opo cemepak , gari gelem opo ora nandangi...jarene boso londo kae 

, when there is a will , there ia a way..." Kuwi ngono yen duwe kekareban , mesti ono dalane ", usaha ning ya di barengi dongo..

 

Dene yen samubarang wis  kecukupan , wis turah - turah , ya sebagian  kanggo bantu sing mbutuhake , opo kuwi sandang , pangan ,ilmu , lan bondo  .wis  to... ora sah keweden yen bondomu kelong..., Percoyo wae , yen okeh sodaqoh .., karo Gusti Allah malah ditambahi...luwih okeh ..

 

Tapi ya sok - sok... ya ono - ono wae , piyayi wis ayu / bagus , jik kurang ayu , kurang bagus ..., ya ra opo - opo , jenenge usaha ...Ning yen kebangeten ya malah salah kedaden , koyoto oplas , karepe irunge ben mancung ..ning mancunge lucu.....kerepe nganggo make up , ning keputihen ..raine putih , tangane coklat ...rak lucu...

Wis ta ...usaha ben tambah ayu / bagus  ki kudu , ning ojo ..kebablasen ...sak wajare wae.

 

Ono meneh ..wong wis sugih...wis luwih - luwih ..ning ora malah syukure okeh , sombonge kebangeten ..  senenge pamer tok..

tambah pelit pisan...ya ra opo - opo , barang - barange dewe, duit- duite dewe..., Ora tahu nonton ngisor , nontone duwur wae...ndangak terus ...wedine nek kesandung ..lha ndangak terus...he..he...tapi biasane yen kesandung lagi sadar ....nanging wis kebacut ...jik apik to dari pada ora sadar .

 

Wong sing pinter ...yo podo ..jik ono sing  luwih pinter...ojo pelit - pelit. Tularno, karo sing gak iso , nenehi ilmu ki pahale ya okeh ....

 

Ayo konco - konco kabeh...dadio menungso sing apik , turah bondo , yo sebagian sodaqohno , luwih ilmu , ono wong  takon ya ndang kandanono, , turah sandang , ya bagekno ...sing penting jik apikk , opo meneh anyar tambah apik..., Turah pangan , ya wewehono tonggomu sing Katon kurang ..

 

Matur suwun , iki kanggo pengeling- eling , yen awake dewe iki urip mung sepisan ...mugo- mugo dadio menungso sing migunani....

 

 

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post