Hariyanti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Mbok sing rukun

Tantangan hari ke 24

Dino Minggu nganggo boso jowo

Mbok yo sing rukun !!!!

Saben - saben moco info ngenani bullying , persekusi , aniaya..ngono kuwi marahi sedih wae. Yen lagi ono pemilu bedo agomo , bedo suku , bedo pilihan ...pilbub, pilgub, pileg,pilpres...mesti ribut.....pilihan mung sedino, ribut bertahun - tahun. mbok yen wis bar , ya wis rampung...benci kok ra bar - bar...benci ki yen dipupuk , dadi penyakit ...ngerti ra..., calon pempimpin sing ra mbok senengi , mesti ora eneng sing pener.. salahh kabeh....dadi ora obyektif blasss....akal kalah Karo nafsu ... sing wis dadi sopo , ya kudu di hormati , sing kalah ya legowo , sing penting wis manut karo undang - undang . Sing wong duwuran wis rukun , wis bagi - bagi penggawean , sing ngisor umekkk wae , jane ki sing bodo sopo ???

Awake dewe ki dadi ...masyarakat , netizen , ya kudu kritis , pejabat sing wis dadi , kebijakan sing ra pener , sing ora migunani kanggo rakyat ya dielingno, Ning yen kritis ya nganggo data , ora sak - sake ...mung percoyo karo info abal - abal tok , hoax . ya susahhh..., Nggumun tenan jane karo negoro berflower Iki , sing jenenge wong pinter , dosen S3 ngono ya percoyo hoax , lha ndahno wong sing ra duwe ilmu...piye. .makane gampang banget didu. Amargo info hoax dianggaep info pener, terus dadi fitnah.. ngono sing nge-share ya. sak embrek...ora dadi amal jariah , ning dadi dosa jariah...

Negoro ki gedi...penduduke akehhh , beragam agomo , suku , bahasa lan liyo liyane ...kuwi kudu diuri - uri ben rukun , ora malah digawe bubrah...saling ngelek - elek siji lan sijine . Mbok ya saling menghargai , kabeh ki ono aturane , orang menang - menangan . Kudune ora ono roso mayoritas ,minoritas . Pejabate ya kudu teges. , Teges marang keadilan. Yen aturane ora adil , ya dirubah amrih adile nak ngono to !

Iki jane ..ngopo to . Lagi nesuuu piye....he...he...mboh ...

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post