Nyandu hp an
Tantangan hari ke 16
Dino sabtu wayahe nganggo boso jowo....
Nyandu hp an....!!!
Jaman saiki ra duwe hp utowo android , deso ....!!! Kuwi kasunyatan , yen saiki lho... uripku nang ndeso , cah cilik , abg, ..wong tuo , buruh ,petani duwe kabeh sing jenenge hp. Tukang pijet lho ..duwe , aku kesel ya wa ..yu aku mengko bar magrib .pijeten ya ...
Bar magrib , yune teko...penak to...
Penakkk...asal hp dinggo sing pener , kuwi yo migunani. Iso dinggo kerjo, golek ilmu , cah nom noman sing sukses soko hp , koyoto gojek ,sing Saiki dadi pak menteri , Bukalapak , toko pedia , traveloka , Indonesia lagi duwe papat iki , sing diarani start up unicorn ( perusahaan rintisan ) , dengan nilai invest 1 M dolar Amerika yen di kurs ne kiro2 13 trilyun , okeh to...onone start up - start up podo muncul UKM - UKM sing dodolan on line , mugo - mugo isoo dadi decacorn sing nilaine10 kali lipet soko unicorn , sak Asia mung ono siji, yoiku grab . Makane cah nom2 saiki podo kreatif , gawe produk ,terus diiklano nang internet . Misale ora duwe produk , ya dadi reseller , gari gelem kerjo opo ora , golek ilmu ya gampang gari browsing. Yo ra ...
Sukses ki rasah nunggu tuo , rasah
nunggu lulus kuliah , Yen saiki wis ono sarono , ngopo ra dinggo...
Yen alesane cah kuliahan kae , tugase akeh ...., Lha tugase akeh ra digarap - garap , aku disik ya wis tahu kuliah , tugase seminggu ,tak gawe rong dino kudu dadi , mbok target dewe....lha tugase seminggu , 6 dino nggo santai - santai , hp - hp an , main game on line , biasane sing lanang - lanang ki. bareng kurang sedino , biayaan ra karuan , ya mumett dewe to..
Kudu pinter - pinter ngatur wektu .
Sing parah meneh kuwi, cah kuliahan , hobine main game , sampai nyandu , jenenge ngono kebacut , wis gede ki kudune iso mikir, iso ngatur waktu , Mestine wong tuone ndisike kurang gati,nganti wis gede ijik nyandu. Akhire kuliah e ke DO , alias drop out . Sing rugi sopo ?? , masa depanne dewe, wong tuone ya podo , wis ngetokne duit sak pirang - pirang , karepe ngono , suk ben , iso dadi wong sukses.
Ya nyat susah dadi wong tuo jaman now ....alias jaman saiki, kudu pinter , kudu iso nganggo hp , wa nan, twiteran , Instagram , fb an . Lha yen raiso , ya ra ngerti anake nyetatus opo , nge-share opo, upload gambar opo ....lha yen iso nganggo , anake nggunakne hp ora pener , iso ngelingke , ben ora kebacut. Maksude kebacut ora pener ki misale , kulino nonton pornografi , game sak uwen - uwen , sak menit ora main ,tangane wis gatel ...Ki wis jenenge nyandu ...nge-share artikel sing sumbere ra jelas ,alias hoax , ki yen kebacut ya bahaya .....dadi wong ki wawasane sing luas , cek recek Sik
Sak jane karebe wong tuo ki ya apik , nyenengke anake, menehi hp .tapi yen ora iso ngawasi , ya malah salah kedaden . Wong tuo dewe , kadang ya nyontoni ra pener, Nang di di hp an , gak iso leren . Esuk , awan , mbengi hp an terus , lha kapan ngurus anak . Maem bareng we ya nyekel hp kabeh , sakjane , wayah maem bareng ngene iso dinggo saling ngudo roso, ngobrol tukar pikiran , curhat, lan liyo liyane. Wis ngono disik, sing penting iso ngatur gunakne hp , ora kuwalik ...diatur hp .
Ki
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar