Wis amanah opo durung ???
Tantangan hari ke 10
Coba takono atimu sing paling jero, awake dewe ki wis amanah opo durung ?
Saben ono acara pisah kenal , mesti ono pejabat anyar sing ngganti pejabat lawas , amargo pensiun utowo pejabat lawas dimutasi. Acarane ngono koyo adat sabene , paling - paling ngenalke awake dewe , jenenge sopo , bojone lan anake piro. Bar kuwi crito pengalamane kerjo , wis nang di wae. Yo mung kuwi. Mbok nyritakne keberhasilane pas dadi pejabat, terobosane opo sing nyejahterake wargo. Opo kebijakane sing okeh manfaate kanggo wargo . Gak pernah nemoni nganti saiki.
Acara rampung , elektunan , nyanyi- nyanyi, makan - makan ...salaman wis bar , pas salaman , kanggo basa - basi , ya ngucapne selamat , lan karo ..etok-etoke meling , mugi- mugi amanah nggih pak , buk. Sakjane ki mbuh ngerti mbuh ora, amanah ki opo ?
Amanah ke artine sing bener-bener iso dipercaya. Yen ono urusan dipasrahke ,ya kudu iso dilakoni kanti sak apik - apike. Makane kanjeng Nabi Muhammad SAW diwenehi gelar karo penduduk Mekkah “Al Amin” sing artine sing paling iso dipercoyo .
Wis jelas ya , yen ono tembung " AMANAH" berarti iso dipercoyo, iso nindakaake tugase kanti apik. Lha yen ono pirang - pirang pejabat , diwenehi tugas malah duite ditilep , dikorupsi , ngono kuwi piye ..wis ketangkep basah karo KPK , ngono neng TV , ya ora duwe isin , jik ngguya - ngguyu , ora ono kok duwe roso nyesel. Kudune ki DPR nggawe aturan anyar , amrih kuruptor ki ben tobat tenan, koyoto dihukum mati amargo korupsine okeh , Ono batesane misale luwih Soko 10 M, utowo 1 M , dihukum 20 th , dihukum sing akeh ben jera. Lha saiki lho ..korupsi MM an , mung dihukum saitik ,pirang tahun tokk..ya cucuk , metu soko penjoro jik sugih. Opo hukumane di mlaratke nganti entek - entekan. Ngono ya apik. Wis sak karebmulah gaweo aturan, sing amrih negoro ki ben sudo koruptore..Oalah negoroku ..duwe budoyo , kok budoyo korupsi.
Wis rasah ngurus pejabat, ngurus awake dewe wae.. wis amanah opo durung ? Ayo podo dikoreksi , dene ngerti yen kurang amanah ,ya ayo Alon - alon di beneri ben awake dewe ki entuk berkah karo Gusti Pangeran , entuk ganjaran , urip pisan ki golek dalan sing pener , ojo sak karebe dewe, sak penake dewe,isone mung nyalahne wong, nyinyiri wong , pek penere dewe. Yen nyakiti ati sak karebe dewe, yen di sakiti saitik wis benger - benger.
Sing kudu AMANAH ki ora pejabat toookk..nanging ya ANS barang ,koyoto guru , lha tugase guru opo wae sih ,koyoto
1. Piket
2. Mulang
3. Dadi wali kelas
4. Gawe perangkat
5. Gawe nilai
6. Koreksi
7. Ngawas
8. Ngelesi / tambahan pelajaran
9 .Ndampingi literasi
Lan liyo liyane.
Piket seminggu pisan , teko esuk ..
Mulang ,Yen pas jame Yo mulang neng jero kelas , ora ngobrol neng kantor . Ora kelase di pantau Soko ruang guru , awas ya ..Jo metu soko kelas , digarap tugase ,dipantau soko ruang guru,peh duwevwa grup . Dadi wali kelas ya kudu care, Ono slambu klewar - klewar ya di tokne , ora kon beneri . Bocah ra masuk 3 dino, ya ditakoni...pokok kudu peduli , amrih kelase dadi apik. Gawe perangkat , yen pengawas ora teko ya ora gawe , alasane wis apal materine, ngopo gawe perangkat barang. Untung duwe menteri nom, perangkat rasah gawe akeh - akeh , yen perlu sak lembar wae, penak to..sing penting ono tujuane , kbm, penilaian ...merdeka belajar...seneng ,ngene iki gari kreatifitas guru , pingin arep didadekne opo muride. Gawe nilai , Ki kudu ono ulangan , mosok raono ulangan ,duwe nilai , bocah wis metu barang jik ono nilaine...ngene ki ya kebangeten. Koreksi , tugase guru ya koreksi , senenge ulangan neng ngoreksi malas...piyeee..
Ngawas , yen ngawas malah koyo ono kesempatan sing arep ijin nangdidi , peh pengawase loro , terus bola - bali ijin. Ngelesi , Yen iki biasane sregep , soale ono duite ,Yo po ra ? Ndampingi literasi , wah susah ki, wektune wis awan , gak enek duite, bocahe wis keblet mulih, Jane ki ya ra suwe , mung 15 menit, yen dilakoni kanti ikhlas ya ra kroso, yen nunggu literasi ,penake gowo gawean ngoreksi , ngerti - ngerti bel muni...mulih.
Wis sitik wae , ki ngono nggo pengiling - eling aku dewe, tugas - tugas mau yen dilakoni kanti ikhlas ya kepenak . Ra sah duwe roso wedi marang duwuran , tapi wedio karo sing kuoso ,sak polah tingkahmu disawang .
Monggo dikoreksi piyambak- piyambak, Mugi - mugi dados langkung sae
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar