urip noto ati
ahad iki nagih janji bektine diri
meski mongso ketigo lali arah
ninggal gerah lan ngelune sirah
amergo ra betah nunggu janjine wayah
sepiro sabar kudu dibayar
karo roso sing jembar gak perlu was was
kudu iso noto ati kanthi laku andap manah
ra gampang gelo nanging kudu lilo
ra gampang suloyo nanging kudu prasojo
naliko ujian urip gak iso dinego
naliko ujian urip kudu ditompo
kanthi ikhlas ra duwe roso kuciwo
mergo urip sejatine urip yo kuat nahan rekoso
ora cengeng ngadepi cobo
ora cengeng ngadepi beboyo
supoyo urip onok roso
roso suwun marang sepodo-podo
roso suwun marang Gusti sing nduweni kito
ora mung rumongso iso
nggedekno ego gawe rumongso paling biso
lali lan nglalekno Sing Kuoso
paribasan lali sangkan paranen dumadi
urip nanging sejatine mati
ra onok artine lumakume diri ning alam iki
tasmad, 20092020
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Kereeen puisi berbahasa jawanya. Sukses selalu. Salam literasi
Terima Kasih Pak Dede Saroni Salam literasi jg