Prastiyo Budi Santoso

Guru di MI P2A Cendana Kutasari Purbalingga. Berbekal keinginan kuat untuk bisa membuat buku, sampai bertemu media guru. "The dream come true"...

Selengkapnya
Navigasi Web
Ilustrasi : pixabay

"Ketiban Ndaru"

Rasane kaya ketiban ndaru, krungu nek warunge kang Dirjo wis bukak maning. Seploke kang Dirjo ora dodol, nyong nek ngopi rasane ampang, ora "njejeg". Senajan wis medang kopi ning kaya ora ngopi.

Maksude rika kaya nge teh apa kang? ... ya memper baelah wong sing diumbe nang rika anu wedang teh.

Ya ora kaya kuwe kang. Pancen kopi gaweane kang Dirjo kuwe sejen. Ora pada karo kanca batir sing dodolan wedang kopi.

Liyane kuwe, nang warunge kang Dirjo kuwe ora mung andon ngopi karo nggedang, ning ana tambahane ilmu.

Rika kelingan ora karo Yu Ndremis. Deweke nduwe masalah nek anake ora seneng maca buku. Nah kuwe ketemu solusine ya nang warunge kang Dirjo.

Nek dideleng sekleraban pancen ora beda karo warung liya-liyane, ning isi jeroane kuwe sing ora ana tunggale. Warunge meh kaya sekolahan. Rembag-rembug sing ana nang njero warung isine ilmu thok, pating sliwer, nyatane sing ngomong anu wong paham karo sing diomongna, ora kur ngarang utawa seketemune jawaban.

Mulane warunge kang Dirjo mesti rame, nggo ampiran wong sing kepengin madang, medang karo sinau, mbok menawane ana pakar sing lagi mampir.

Nyong pas kuwe ya krungu kang. Jane yu Ndremis kuwe mung salah sijine sing nduweni masalah kaya kuwe. Asline njeprah, pirang-pirang sing uneg-unege padha. Mung bae yu Ndremis mandan beja, deweke entuk solusi sekang pakare langsung, ora tembung jere apamaning ndean.

Nggawe bocah men seneng maca, sing penting kuwe sepisan bocah seneng karo buku sit. Carane kepriwe men bocah seneng karo buku?... pokoke usahakna nek nang umah, bocah nylinguk ngendi bae, deweke weruh buku. "Tresna jalaran saka kulina", kuwe bener anane. Pancen awale mandan ngesuih, sebab mengko panggonane dadi morak-marik, buku pating njrengkanang nang ndi ora, pada suwek-suwek, jenenge bocah sok gregeten weruh buku, suwek brebeeeet. ..,, Ben jorna baen, mulane buku sing dipajang aja sing larang-larang, nyatane nggo pranti di suweki. Lewih akeh sing disuweki, tandane bocah mulai demen karo buku. Otomatis nek bocah nyekel utawane nyuwek buku, deweke weruh bentuk huruf sing nang buku.

Kabeh mau ora bakal mubah, hasile mengko nek bocaeh lagi blajar maca, bakale langsung wus..wus...wus... cepet nyandake.

Mengko nek bocaeh wis bisa maca, deleng bae, wong tuane bakale diered-ered meng toko buku, soale buku wacan nang umah wis kewaca kabeh. Malah wis diwaca bola- bali, ngasi bosen.

Intine nek kepengin bocaeh bisa maca, kon digawekna nggon sing bisa ndadekna bocah seneng karo buku. Nek bocah wis seneng karo buku, suwe-suwe kepengin ngerti isine. Gelem ora gelem kudu sinau maca, nah nek bocah wis semangat sinau maca, tandane tresnane mulai nempel. Mengko nek bocah wis bisa maca, gandeng maune merga tresna, akhire maca dadi kebutuhan, buku dadi panganane.

Pancen bener kuwe kang.

Kabeh mau nek dasare wis cinta, apa-apa dadi nyenengaken. Kaya ngrumat bocah ya kaya kuwe. Nek dasare tresna, wong tuwa gelem korban apa bae nggo anake.

Nek tek pikir-pikir, warunge kang Dirjo nek tutup, ibarate kaya klinik sing lagi prei.

Kang Dirjone dewek wonge ya kepenakan, ora seneng kesuh karo pelanggane. Kabeh dilayani temenan. Sing cash karo utang, gole ngedoli ora pilih-pilih, dadi sing marung rasane mantep.

Ket mau dewek mung "nggedebus" nang kene, kapan tekane nang warunge kang Dirjo?...

Yuh langsung meng warunge kang Dirjo baelah, selak ngelak karo kepengin mangan gedang gorenge sing spesial, sapa ngerti mbok pas lagi ana pakar sing lagi mampir.

Nek sing jelas ana nang warunge kang Dirjo saben dinane ya pakar utang kang. Kuwe wis mesti standby.

Bisa bae rika kang. Nyong dadi mandan kesindir kiyelah.

Purbalingga, 21072018

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Madang medang karo sinau dadine padang pikire mbok,,,

22 Jul
Balas

Padang jembrang

22 Jul

He he...maen

21 Jul
Balas

Ayo bu diramaikan.

22 Jul

Siiiiiip...jadi ingin makan pisang gorengnya, amanat dalam dialog bgus.

21 Jul
Balas

Matur nuwun. Silahkan warung mulai buka.

22 Jul



search

New Post