Prastiyo Budi Santoso

Guru di MI P2A Cendana Kutasari Purbalingga. Berbekal keinginan kuat untuk bisa membuat buku, sampai bertemu media guru. "The dream come true"...

Selengkapnya
Navigasi Web

"Mrebes Mili"

Semringah temen kang! ... ana apa pernaeh?

Biasa kang Dirjo, wong urip, ya ana seneng ana susah, masa kon susah terus. Jere "habis gelap terbitlah terang". Nek anane mung peteng bae ya repot uripe.

Kang biasa ya, ... kopi nasgithel e, nyong tekane ke gasiken apa ya kang! ... deneng urung ana apa-apa. Nek andon ngopi thok, kayane kurang siiplah.

Sabar sedela kang Sonto, siji-siji, rika tekane kegasiken. Kiye ubo rampene sih wis ana, mung durung di racik. Siki rika ngopi disit bae, aja manjalah. Nek modele wong kaya dewek, ora kena manja. Dewek kudu bisa mandiri. Manja men nggo gaweane wong sing pada turah-turah duwite.

Ya wislah, nyong tek melu sabar, ngenteni suguhane rika. Kae Kang Bayu, kayane kesusu temen, arep ngendi yah?

Lhoh, ... apa rika ora ngerti kang? ... ketinggalan jaman rika, britane wis tekan ndi ora, ... eee rika sing nyanding malah ora ngerti. Kae kang Bayu lagi ngurusi anake sing tembe bali sekang luar negeri.

Siip temen yah kang Bayu, tembe metu langsung dadi wong mukti. Nyong sing wis lawas, kahanane kaya kiye bae, terbelenggu utang. Sing gawe cerita sentimen temen karo aku ya kang?, waduh ... nyong dadi ngrasani sing gawe cerita.

Rika nek keseringen ndresula karo ngrasani sing gawe cerita, bisa-bisa rika minggu ngarep pensiun dini kang. Sabar karo syukur kang! ... eling! Dewek bisa kaya kiye, mbok mergane muncul nang kene.

Wis lah kang! ... ganti crita bae siki. Ujarku ko nyong dadi wong ora bener bae.

Rika wis krungu apa durung? ....

Lha kae layangane kaya Yu Ndremis. Egang egenge ora bisa di lombo, langka tunggale.

Assalamu'alaikum sedulurku kabeh. ... Langsung bae kang, aku njaluk kopine, sing joss ya kang! Nasgithel aja ketinggalan gedang gorenge sisan kang.

Nyong lagi bungah banget, putuku sing sekolah nang paud sopan santun maen pisan. Ora kaya mbaeh. Lha nyong pas cilik mbiyen karo wong tuwa "mblasur banget", ora duwe sopan santun blas. Siki duwe putu polaeh maen pisan. Nyong dadi ngrasa salah karo wong tuwaku mbiyen.

Putuku kuwe, sedela-sedela terima kasih, sedela-sedela maaf, sedela-sedela tolong.

Bungah ya bungah yu, njagong sit ngeneh, tembe pidato.

Oh iya, saking kepengine ndongeng karo rika padha.

Putuku kuwe, nek bar tek wei apa bae, langsung ngomong ... terima kasih mbah. Trus nek deweke njaluk tulung, mesti ngomonge kaya kiye, "tolong ya mbah ...", ora mung mandeg nang kono, nek deweke rumangsa salah, langsung bae ngomong "mohon maaf ya mbah". Kuwe polaeh putuku, nyong ngasi "mrebes mili", saking senenge, karo ngajog... soale nyong mbiyen polaeh ora kaya kuwe. Isine mung gawe "gela" wong tuwa.

Ngomong-ngomong kiye kang Dirjo keturon nang dapur apa yah? ... wedange suwe temen ora metu-metu. Ujarku nyong lhe ndrememel ngasi garing telake.

Sabar yu, kang Dirjo lagi nyiapaken sing istimewa, dadi mandan suwe. Butuh proses yu.

Walah... rika ngomong proses mbarang, gaya rika kang.

Pancen nyatane kaya kuwe yu.

Jamane siki bae, apa-apa ngarah praktis, cepet, ora ribet. Apa rika ora ngrasakna bedane karo mbiyen.

Bener rika sih kang, siki serba "instan", mi, jahe, ngasi wedang bajigur bae ana sing instan. Santen bae, wis ana sing instan, dadi ibu-ibu siki wis ora pada meresi parudan klapa. Ora kabeh ibu-ibu sih, mbok ana sing ora trima malah repot.

Mambu kopine seger temen kiye, ora kaya biasane. Lewih manteb, suasanane dadi mandan sejen, jal sumbut karo rasane apa ora.

Kiye kang.. yu... kopine, wis ngonoh padha dicicipi. Tembe rika sing tak gawekna kopi model kaya kiye. Cita rasane nang ndhuwure kopi sing biasane. Mambune bae mbok wis sejen, apa maning rasane.

Rika ora usah mikiri gedang goreng, mengko nek wis mangsane kan metu dewek.

Kang Dirjo, ... nek rika pidato bae, nyong lhe ngumbe kapan?... selak kopine adem, rasane bisa ora maksimal.

Oh ya... pangapurane, wis ngonoh pada medang.

Hemmm... rasane "mak jleb", manteb banget, nang awak maraih kepenak, sedurunge awaku ngreges, bar ngumbe kopi awak kepenak, ambekane dadi plong. Istimewa kang, kopine joss banget.

Bener kang, ... nyong dadi semangat kiyeh. Padhang nggo ndeleng. Rika siap-siap bae kang, mengko bakale rika ora kober ngaso. Kopine jan .... jozz banget.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Aku malah nggoleti tembung mrebes mili, jebule nang njero pisan he he he

19:38
Balas

Umpetan.

29 Apr

Sae Kang Dirjo...mugia santune dumugi ageng nggih...

09:53
Balas

Alhamdulilh...warungnya mulai buka lg, bgus ...

22:48
Balas

Nggih bu, matur nuwun

29 Apr

Waaah, tamba kangen niki pak pras. Mugi-mugi sehat, bahagia, sejahtera, supados warunge kang Dirjo tambah mampangati...

05:17
Balas

Amiin. Matur suwun sanget pak.

09:17

Pancen koh gendu2 rasa di sambi ngopi pa maning ana gorengan angete jaann ... nylekamiin ....

07:15
Balas

Apamaning sandingane antologi guru ngapak. Komplit

09:16

Sae niku pak pras. jenenge bocah berkarakter. Niku tembung manja mnawi wonten panggenan kulo nandur jagung karo alu. sing dimangsud "manja" pak Pras niku aleman?

09:04
Balas

Nggih bu aleman.

09:15

Wah...sampun ndisiti nyabtuan (sabtu bahasa jawa)

27 Apr
Balas

Njih ibu, sampun mboten sabar.

04:26



search

New Post