Prastiyo Budi Santoso

Guru di MI P2A Cendana Kutasari Purbalingga. Berbekal keinginan kuat untuk bisa membuat buku, sampai bertemu media guru. "The dream come true"...

Selengkapnya
Navigasi Web

"Nggolet Sekolah"

Alhamdulillah kang Dirjo. Ujarku rika wis ora dodol maning. Saben liwat ngarep warunge rika mesti tutup. Ujarku wis ganti profesi liyane.

Ora lah kang Timin, nyong mung kepengin ngaso sit. Awak karo pikirane men mandan aso. Pancen sengaja nyong ora woro-woro karo rika padha, men "surprise". Soale nek ngewei ngerti, buntute dawa, akeh pitakonan, nyong bebeh gole njawabi.

Kulo nyuwuuuun?? ....

Ora susah nyuwun ... nyuwun ..., rika polah bae kang Sonto. Ngeneh mlebu, ndadakan polah.

Lho... kang Timin wis nang kene. Ujarku nyong sing paling gasik, jebule malah rika wis ndisiti. Nyong weruh warunge kang Dirjo mbukak, dadine nyelakna mampir.

Kepriwe kang Dirjo? ... sehat mbok?... lawas temen gole plesiran.

Rika kelayu bocah sekolah prei dawa apa kang? ... jan, ora patut suwene gole preian.

Kang Timin, rika nang kene wis ket mau apa tembe bae? ... wedange rika ndi??? ... sepi temen kayane.

Nyong durung kober pesen rika terus teka. Tek pesen disit lah. Kang Dirjo, nyong kopi biasa ya nasgithel, aja nggo suwe ya kang.

Nyong padha karo kang Timin ya, nek nyong ora kesusu kang, sing penting metu wedhange bareng karo nggone kang Timin ya kang.

Hemmm mambune ora bisa di lombo, kiye gedhang goreng khas kang Dirjo, wangine ngrusak konsentrasi. Mantap surantap.

Rika anake sekolah nang ndi kang Sonto?...

Genah kuwe kang, nyong mampir ngeneh kuwe salah sijine kepengin takon karo rika padha babagan sekolah. Nyong kepengine anake ora salah mlebu sekolah. Bayangna bae kang, nyekolahna anak suwene 6 taun, nek sekolaeh ora "kebener" mbok padha karo nyusahna bocah seuwen-uwen.

Nyong bodho ora papa, nyatane wis kebanjur, salah barut mau-maune, ning anaku ota kena kaya nyong. Anaku kudhu nemu sekolah sing bener.

Kiye penemuku kang Sonto, rika nggolet bae sekolah sing mbayare larang. Biasane sekolah sing bayarane larang, kuwe sekolah sing apik, kualitas.

Kiye kopine, wis ngonoh ... padha di ombe, ndonga sit aja asal sruput bae.

Rika pada rembugan apa? ... kayane serius banget.

Kaya kiye kang Dirjo, anakku arep mlebi sekolah, lha nyong esih bingung areo tek lebokna nang ndi?

Jerene kang Timin kon nglebokna sekolah sing bayarane larang. Sekolah larang mesti apik, kaya kuwe kang? ... penemune rika kepriwe?...

Kaya kiye kang Sonto, nyong ya mung nerusna omong thok, kiye udu penemuku, tapi penemune wong sing ngerti karo pendidikan.

Nek arep nggolet sekolahan sing apik kuwe carane ana loro, kiye sengertiku,

Siji rika takon karo sing wis ngalami sekolah nang kono. Takokna kabeh babagan sing rika kepengin ngerti. Rika karo ndeleng bocah sing di sekolahna nang kono, kepriwe hasile.

Loro rika teka langsung meng sekolahan. Deleng sekolahane, kamar kecile, ruang kelas, panggonan nggo dolanan, keresikane, pokoke aja ana sing kliwat, delengi kabeh.

Nek wis kari takon karo guru utawane kepala sekolah sing nang kono. Deleng bae raine bapak ibu gurune, sekang rai kan bisa keton polaeh, ramah apa ora, sumeh apa njepathut bae. Trus rika takon karo kepala sekolaeh, nang sekolahan kono gurune ana pelatihan aben taun ora?... basa sikine ya "up grading". Nek pancen ana, kuwe tandane nek sekolah mau pancen nyiapna gurune nggo mulang bocah men bener tur apik.

Kudu kaya kuwe yakang???..

Lha iya, sebabe nek gurune aben taun ajeg bae ilmune ya ora dadi, bisa-bisa ketinggalan jaman.

Apamaning siki, polaeh bocah wis sejen karo jamane dewek sekolah. Gurune kudu sinau carane nggo ngadepi bocah siki, ngadwpi udu di jak gelut, ning ngadepi carane nggulawentah bocah, men pada dadi bocah pinter lan bener.

Aja kur nggawe bocah pinter thok, kudu campur benere sisan. Jujur, tanggungbjawab, mandiri, kreatif, sopan santun kaya kuwe kang. Nek rika wis mantep, tembe dilebokna anake nang sekolahan sing rika pancen yakin maen.

Rika deneng ngerti sing kaya kuwe kang Dirjo?... maen temen.

Ya kiye keuntungane dadi bakul, dadi bisa krungu critane wong-wong sing lagi pada medang.

Nyong dadi ngerti babagan sing maune ora ngerti. Kuwe nek sing pada ngobrol wong sing duwe ilmu. Idep-idep sekolah alam.

Bener rika kang, sekolah ora bayar malah dibayar ya kang. Sekolah warung.

Rika suwe ora dodol ning racikan kopi karo gedhang gorenge ora owah ya kang. Mantep pisan.

Nyong matur nuwun ya kang Dirjo, dadi mandan padang siki, genah gole arep nggolet sekolah. Kiye kang nyong mbayar, jujule ora usah dibalekna, nggo rika bae, idep-idep mbayar konsultan pendidikan.

Jujul apane kang Sonto?... Duwit mung pas nggo mbayar wedang karo gedhang, ndadak nggaya rika.

Nek rika kepengin ngerti sekolah sing apik, rika maca bae bukune pak pras, judule sekolah inspirasi. Isine ora teoritis, ning langsung aplikasi utawane praktek teori sing ana.

Purbalingga, 140718

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Waah pak Pras on stage lagii,,,semoga aku bisa beride lagi,,nyusul ya paak,,,

14 Jul
Balas

Nggih bu. Nek ora dipaksa ora dadi bae bu. Mbokan kebanjur malah repot.

14 Jul

Iya Kang, bener pisan, mung siki ana zonasi, dadi goli milih diwatesi zona

14 Jul
Balas

Pilihane diwatesi aturan ya bu.

14 Jul

Iya koh, niate sih apik, gur nang daerah dadi beda maning

14 Jul

Alhamdulilh...warung buka lagi sepertinya ikut liburan anak sekolah hehe...trmksh Pak...

14 Jul
Balas

Iya bun, terlena liburan.

14 Jul

Kang Dirjo kangen bgt inyong kiye..

14 Jul
Balas

Sami mawon pak yuli, lady markonah kepripun kabaripun?

14 Jul

Ceritane apik Kang. Mantep! Memang sekolah larang ora jaminan, tapi sekolah sing bayarane murah apa maning gratis, juga ora jaminan. Bener kuwe mau kudu takon disit utawa disurve disit.

14 Jul
Balas

Matur nuwun sampun pinarak. Supados mboten klentu mlebet sekolahan.

14 Jul

Alhamdulilaah pak Dirjo sampun bikak malih warunge.... Kangen kopi kalih pisang gorenge niku....., lers pak, milih sekolah kedah teliti nghih

14 Jul
Balas

Leres bu.

15 Jul



search

New Post