Prastiyo Budi Santoso

Guru di MI P2A Cendana Kutasari Purbalingga. Berbekal keinginan kuat untuk bisa membuat buku, sampai bertemu media guru. "The dream come true"...

Selengkapnya
Navigasi Web

"Rejeki Nomplok"

Wis pada ngumpul nang warunge kang Dirjo urung yah? ... aja-aja malah wis pada bubar. Moga-moga bae durung pada bubarlah.

Oh ... Rika pancen umure dawa kang, tembe bae lagi dirasani, dengaren kang Sonto urung katon. Mak bedunduk, rika menthongol, tiwas arep tak parani umaeh, mbok mriang, apa kenang ngapa-apa. Nyong bungah, nyatane rika sehat wal afiat.

Kang Dirjo, ... biasa ya, kopi nasgithel, ... karo gedang gorenge ngeneh di tokna sisan. Pernaeh lagi pada ngrembug apa kiye? Kayane ko buket temen, ngasi yah mene durung pada bubar.

Biasa kang, masalah bocah. Kae yu Ndremis lagi kebingungan, anake siki jarang curhat karo deweke. Ora kaya maune. Jerene wong tuwa nek ngerti kahanane anake kan rasane ayem, tenang.

Pancen Kang, zaman now cara bocah sikine, kuwe wis ora kaya gemiyen. Gemiyen wong tuwa kuwe, nek perpustakaan ya referensi tunggal nggo anake. Tangga-tanggane be bisa niteni bocah kae anake sapa, sekang polaeh bocah mau. Soale didikan nang ngumah biasane sing dilakoni nang bocah-bocaeh.

Nek siki ... sing nggo panutan ora kur wong tuwane, malah tanggane, kancane, karo tontonan sing ana nang tivi sing isine ora karu-karuan pada nggo tuntunan.

Bener kuwe kang, ... sing di conto ora mung sing apik, sing ala ora keri, malah lewih akeh sing ala ketimbang sing apik. Nek wis kaya kuwe? ... kepriwe jal?

Ndidik bocah jaman siki ora gampang. Sing tuwa ora cukup nek mung modale umur lewih tuwa. Siki sing penting banget kuwe ilmu ndidik bocah.

Trus masalaeh Yu Ndremis kepriwe?

Nek menurutku kiye yu, anake rika siki wis gede, ora kaya maune, dadi rika sing kudu lewih pengerten. Sapa ngerti anake rika lagi latihan ngrampungi masalaeh dewek, mengko nek wis menthok biasane mbaleke ya nang wong tuwa.

Rika kari ngawat-awati bae yu. Kuwe tandane anake rika lagi ngalami "pendewasaan". Nek cara woh-wohan ya lagi arep mateng, dadine perlu adaptasi. Rika ora usah khawatir banget. Kuwe penemuku yu, ora mesti bener sih.

Nek penemuku kaya kiye yu, ... sing paling penting rika ora ucul pengawasane karo bocah. Asal esih kepanto, esih aman, ora njurus meng barang sing elek, rika ora perlu "lebay" gole khawatir.

Rika-rika pada, ngomong sih gampang. Ora usah khawatir ... ora usah khawatir! , nyong sing ngrasakna ora karu-karuan rasane. Ora tenang, mangan ora enak, turu ora lali. Apa-apa kabeh nggo anak. Karepe ya sing maen, ora gawe khawatir wong tuwa. Ning genah kahanane kaya kuwe, kon kepriwe maning yah.

Biasane kang Dirjo mandan cemerlang penemune. Kepriwe kiye kang, yu Ndremis mandan diwei "pencerahan", melas. Idep-idep nulung karo pelanggan setia.

Nek miturutku ya Yu, rika mulai mbukak diri, mulai nrima kenyataan. Bocah kuwe ora selawase dadi bocah bae, ana perkembangane, mbuh awake, pola pikire karo pergaulane. Paling ora rika yakin sit, nek rika wis nggula wentah anake rika nggo cara sing bener. Ibarate umah, pondasine wis kuat. Mulane ndidik anak kuwe mulaine sekang umah.

Trus, rika aja jor klowor. Rika kudu ngerti kanca-kancane, dadi rika bisa ngraba, nek kanca-kancane bener, Insyaallah pergaulane bener. Soale nek kancane ora bener, anake rika bisa katut barang sing ora apik.

Komunikasi aja ngasi pedhot, ning rika aja kaya tukang interogasi nek takon. Nek ngobrol ya sing sante bae. Bocah nek kondisine nyaman, ora usah ditakoni, wis crita dewe.

Aja klalen sing terakhir kuwe donga. Rika kudu ndongakna anake rika, men dadi bocah sing bener. Kuwe penemuku yu.

Ora nyana yakin kang, jebule rika pinter yah.

Nek nyong bodo, ora bakal dodolan kang. Mengko sih mung dilomboni rika pada. Mulane itung-itunganku pas. Kiye catetan utange rika pada. Ngasi bukune meh entong, kebek catetan bon-bonane rika.

Nyong lagi ora nagih, mung ngelingna rika pada nek duwe utang nang kene. Nyong prinsipe ya ... Idep-idep nulung kaum dhuafa.

Wah... rika aja kaya kuwelah kang. Nyong lhe ngopi dadi mandan beda rasane, arep mangan gedang goreng dadi mandan ragu, sebab mengko aku arep ngebon sit kang. Tek bayar ngesuk kang. Nek ana rejeki nomplok.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Utang maning....utang maning! Kapan nyaure? Critanipun sae, Pak.

11 Mar
Balas

Matur nuwun pak

11 Mar

Pesene Kang Dirjo maen ..

11 Mar
Balas

Spesialis pesen2 bu.

11 Mar

cepet cepet d sarutangi niku utange nggih? soale hubungane utang niku kalih maut..., hehe mantep.

11 Mar
Balas

Nggih, kedaeh ngaten bu.

11 Mar



search

New Post