Prastiyo Budi Santoso

Guru di MI P2A Cendana Kutasari Purbalingga. Berbekal keinginan kuat untuk bisa membuat buku, sampai bertemu media guru. "The dream come true"...

Selengkapnya
Navigasi Web

"Sold Out"

Jebule numpak sepur bisnis kepenak ya kang? Adem, cepet, tur ora ana sing nglaksoni nang jejere. Bisa disambi karo turu. Nyong dewek ora turu, eman-eman gole numpak sepur nek nang njero mung turu thok. AC ne mbok mubah, nek ora dinikmati.

Nyong maklum karo kang Sonto, nyatane tembe tau nunggang sepur bisnis. Nang njero sepur rika poto apa ora Kang? ... nggo kenang-kenangan. Durung karuan rika bisa kasembadan nunggang sepur maning.

Rika nek ngomong jan, moga-moga bae sih liya wektu bisa numpak sepur maninglah. Kepenak pisan koh.

Kang nyong njaluk kopine ya, sisan karo gedang gorenge sing nylekamin pisan. Nang sepur ora ana kopi karo gedang goreng sing rasane kaya gaweane kang Dirjo. Sing nglayani pancen gagah-gagah karo ayu-ayu, ning tetep bae ora bisa ngalahna panganan nang warung kene.

Rika aja ngalem kaya kuwelah kang, mbok mengko nyong dadi takabur, sombong. Nyong mandan curiga nek rika ngalem kaya kuwe. Nek wis ngalem, rika biasane trus utang.

Tenang bae Kang! , nyong ora arep utang, pancen nyatane kaya kuwe. Kopi karo gedang gorenge rika kuwe nylekamin pisan.

Assalamu'alaikum sedulur! ... pangapurane nyong tembe bisa meng ngeneh. Mau nang ndalan ada kasak-kusuk, dadi nyong mandeg, kepengin ngerti ana apa jane. Jebule anu wong pada crita nek Pak Pras bukune wis dicetak terbatas. Ana sing ngomong nek buku sing tembe cetak, langsung "sold out". Mulane lagi cetak maning soale wis ana sing "inden" bahasa motore.

Paling kuwe hoak lah yu, ora usah percaya. Jaman siki, berita bisa digawe-gawe.

Rika nek ora percaya ya ora papa, nyong mung krungu sekang wong sing ngerti perjalanan bukune Pak Pras. Rika kepengin pensiun sekang warunge kang Dirjo apa??? ... wani-wanine ngarani beritane Pak Pras hoak.

Ya ora kaya kuwe, nyong paham karo Pak Pras, nek mung dikaya kuwekna sih, deweke ora bakal nggagas, dianggep "angin lalu".

Soale wong urip kuwe mesti pasang-pasangan, nek ana sing percaya ya ana sing ora percaya, nek ana sing yakin berita bener ya mesti ana sing nganggep berita hoak, ora usah dipikir nemen-nemen.

Oh iya kang Dirjo, aku pesen es jeruk ya. Men mandan adem.

Siap Yu, karo nunggu es, kuwe mendoan apa gedang gorenge di cicipi sit. Sing diomongna yu Ndremis kayane pancen udu hoak kang, soale nyong ya krungu kaya kuwe. Malah critane, buku jam 4 sore dijukut, jam 8 mbengi wis entek. Mulane agi nyetak maning. Kayane sih anu pada penasaran, dadi pada kepengin duwe.

Nyong tau sepisan maca nang "gurusiana", pancen tulisane pak Pras kuwe "mengalir" nek ibarat banyu. Dadi sing maca kuwe ngerti-ngerti wis rampung. Ora krasa nek wis pol.

Pendapate kang Bayu pada karo nyong. Pancen bener kang. Tulisane kuwe khas. Gaya tulisane sejen karo liya-liyane. Pancen nek durung ngalami dewek ya ora ngandel.

Nyong sing wis maca bukune, pancen tulisane kuwe ringan tur gampang dinikmati. "Habis dalam sekali duduk", dadi nek lagi maca bukune pak Pras, karepe langsung rampung sisan, soale kuwe mau, ora krasa, saking ringane, ora mbebani pikiran.

Lho kang, sengertiku rika ora bisa maca mbok! ...

Nyong ngrungokna, putuku sing lagi maca. Macane seru, dadine nyong ngerti isine buku sing diwaca.

Ohh... ujarku mbok rika gawe-gawe, mengko jebule mung hoak, tiwas dirungokna temenanan.

Kang jal rika tuku bukune pak Pras ya, nyong dadi penasaran kepengin maca isine, jane temenan apa mung pada "gombal mugiyo".

Siap kang, sing penting rika-rika pada sering-sering mangan nang kene bae, mengko penjaluke rika tek turuti. Jaman siki pancen kudu teliti, cermat lan waspada. Soale nek ora kaya kuwe, bakale awake dewek mung nggo dolanan nang berita-berita hoak sing ora genah salah benere. Aja langsung percaya berita sing wira-wiri nang ngarep mata karo kuping.

Sing lewih penting maning, rika aja pada kelalen mbayar panganan karo wedange ya.

Aja khawatir kang, nyong wis isin utang karo rika, nyong siki utange karo kang Bayu bae, tulung ya kang, ngesuk tak sarutang, tenang bae.

Pancen Kang Sonto lagune kaya kuwe, mentang-mentang kang Bayu tokoh anyar.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Obrolan di warung.... Hebat .... Sindiran halus sebenarnya. Orang buta huruf saja melek literasi

15 Apr
Balas

GLW gerakan literasi warung. Matur nuwun.

15 Apr

Kiye tah ora wani ngrasani p prad, mbok dipecat kang warunge kang dirjo hhh

14 Apr
Balas

Nek sami dipecati, warunge suwung. Saget tamat niku.

14 Apr

He he iki lakone Kang Dirjo opo Pak Pras?...

14 Apr
Balas

Kabeh dadi lakon

14 Apr

Subahanallah...Pak Pras luar biasa...hebat...diksinya renyah

14 Apr
Balas

Crispy. Marur nuwun bun.

14 Apr



search

New Post