Ida Herawati, M.Pd.

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Alaming Lelembut (Cerkak)

DIWEDENI DRAKULA AYU

Dening Ida Herawati

Wis telung sasi anggonku manggon ing kampung Kusuma Baru. Plong, ayem atiku amarga wis duwe omah dhewe kanggo ngiyup. Wektu iku aku, bojoku lan anakku sing umure setahun punjul limang sasi lagi lungguhan ing teras omah sinambi gegojegan. Amarga mung ing wektu prei lan dina ahad aku sakulawarga bisa kumpul bebarengan. Ora ana udan ora ana barat kang nggawa pawarta, saiba kagetku ngerti-ngerti kepala sekolahku ujug- ujug wis jumeneng ing ngarep omah. Kanthi magita- gita aku mbagekake rawuhe.

“Mangga- mangga bu, pinarak wonten nglebet kemawon,” karo mbukakake lawang. Bu Rochayah lan garwane mlebu pinarak ing ruang tamu omahku.

Kepala Sekolahku pancen priyayi putri nanging panjenengane tansah cekat- ceket, tegas lan trengginas. Durung nganti dakgawekake unjukan, panjenengane ngendika,

“Nuwun sewu bu Ida, mboten usah repot, kula sakedhap kemawon kok.” Walah… arep dakgawekake unjukan malah ora kersa. Aku banjur lungguh karo ati sing dheg- dhegan, kok sajak ana sing wigati banget kamangka wektu iki isih preinan semesteran.

“Wonten punapa bu, kok sajak kesesa lan tumben ibu ngrawuhi panggenan kula ing wayah mekaten?” pitakonku karo tab- taban.

“Ngaten lho bu, niki nembe mawon wonten serat dinas supados nugasaken guru kagem penataran LKG. Wekdalipun mepet, Senin ngenjang kedah bidhal. Kamangka guru sanesipun ewet dipunhubungi. Pramila menika bu Ida mawon ingkang tindak, makili saking SMP 2 Garung supados ndherek LKG ing BPKP Ungaran. Pripun bu, saged mboten?” Pitakone bu Rochayah kaya- kaya selak kepingin pirsa piwangsulanku.

“Oh… inggih sakedhap bu, kula badhe matur bapakipun lare rumiyin.” Aku enggal-enggal metu menyang kebon iring omah marani bojoku sing lagi momong Diksi.

“Mas, priye iki, aku didhawuhi penataran ing Ungaran. Diksi priye? Nangis ora? Kamangka Simbok ora gelem nginep je,” pitakonku mbrondong mas Slamet embuh dheweke bingung apa ora aku ora ngerti.

“Mangkat bae bu kana ora papa, simbok kareben kaya biasane mangkat esuk, sore bali. Bengine Diksi karo aku ora papa, nangis ya ora papa suwe- suwe rak meneng.” Krungu palilahe bapake bocah, aku manteb lan gage nemoni bu rochayah maneh.

“Inggih bu, kula sagah.” Wangsulanku tegas. Sawise aku mangsuli mangkono bu Rohayah sekaliyan nuli nyuwun pamit.

Nalika kuwi aku babar blas durung tau sing jenenge mangkat penataran. Mula rada mbebeki mbingungi. Aku kudu budhal dina senin, chek in jam pitu esuk. Gandheng wedi telat, dakgasiki mangkat jam lima esuk. Anakku dakaras karo kembeng- kembeng luh ing mripatku. Batinku, “Mengko yen bocah iki tangi mesthi nggolekki aku, kepriye maneh? Dhemi tugas. Yen ngenteni Diksi tangi aku weruh olehe nangis merga klayu malah dadi ora mentala ninggal, repot dadine”.

“Wis ya mas, aku mangkat.” Pamitku marang mas Slamet, bojoku. Ndilalah bis- bis jurusan Semarang- Wonosobo- Purwokerto lagi padha mogok kanggo protes kenaikan BBM. Aku ora kelangan akal, banjur ngebis lewat purworejo lan oper bis Semarangan. Angen- angenku tumlawung mikirake anakku sing daktinggal.

“Ungaran- ungaran….!” Aloke kondektur. “Wah, wis tekan Ungaran, lha endi BPKP-ne ya….,” takonku ing batin. Tekan kuthane aku mudhun. Saktleraman weruh tulisan gedhe muni B P K P. nanging keblandhang sethitik. “Ahh, tinimbang mlaku nggawa tas abot, dakngojek bae….” Lambeku umik- umik dhewe. Ndhreennnn…..ojeke lumaku. Barang mung cepak, numpaka kendharaan ya mung saknyukan. Tekan BPKP thingak- thinguk kaya kethek ditulup, “Lha kok sepi kaya ngene…. Ra maneh- maneh penataran kok dhewe he…he…” Pangudarasaku merga anyel.

“Ibu peserta penataran ya…?” Swara iku ngagetake aku. Lagi ngalamun malah ana ibu- ibu isih enom takon. Ibu-ibu iku karo nggendhong bocah cilik sakumure anakku.

“Iya, kenalkan saya Ida dari Wonosobo. Ibu siapa?” Wangsulanku karo balik takon.

“Saya Lilis mau penataran juga, ini anak saya. Njenengan dari jurusan apa ya?” bu Lilis nakoni maneh.

“Saya mewakili dari jurusan Bahasa Indonesia, maaf ndaftarnya dimana?” Aku takon maneh.

“Tidak usah ndaftar, ini belum penutupan. Sekarang cari kamar dulu, kalau mau di ruang saya saja masih ada 2 kamar kosong.” Bu Lilis nawani. Lumayan… duwe kanca lan entuk kamar sisan.

Aku lan bu Lilis tumuju kamar sisih pojok nomor loro, jenenge kamar Nakula dene sing pojok dhewe Sadewa dipanggoni bapak- bapak. Weleh, jebul cedhak karo kuburan. “Ah… ora papa padhang we.” Kandhaku kanggo ngayem-ayemi atine dhewe.

Nalika lagi leyeh- leyeh ing teras asrama, teka maneh peserta siji , bareng daktakoni malah padha- padha saka Wonosobo asmane bu Umi. Uga ngasta bahasa Indhonesia. Kaya ketemu sedulur bae aku lan bu Umi, maklum merga sadhaerah. Wetengku muni kruyak- kruyuk, menehi aba- aba kudu diiseni.

“Bu…. Dhahar nggo, kula luwe wiwit enjang dereng sarapan he..” Pangajakku marang bu Umi. Gumage bu Umi uga kersa, jarene kebeneran padha bae durung sarapan.

Ing warung banjur pesen soto lan es jeruk. Segeer… sumyah pas karo hawane kang wektu iku panas sumelet. Wis wareg njajan banjur bali maneh menyang asrama. Adus- adus, tata- tata arep pembukaan LKGI jam papat. Aku sakamar karo bu Siti saka Brebes. Dene bu Umi sarene sakamar karo bu Erna. Sing sakamar maneh bu Lilis karo putrane lan adhine supaya bisa momong nalika ditinggal season. Jebul aku krasa seneng, ora kaya mau nalika mentas bae dhog tekan BPKP gela- gelo kaya ora duwe tujuwan babar blas. Sanadyan aku guru basa Jawa, nanging sithik- sithik ngerti teori basa Indhonesia. Mula ora nggumunake yen bu kepala percaya ngono bae marang aku. Jebul LKGI iki penataran Latihan Kerja Guru Inti, kang ancase menawa wis lebar saka LKG sinebut Guru Master. Guru Master iku kudu nularake ngelmune lan nganakake pertemuan ing sekolahane dhewe- dhewe.

Ora rinasa wis ngancik patang dina anggonku nglakoni LKG. Ngomong- ngomong kok jarene iki malem jumat kliwon.

“Malem jumat iki sing akeh ndonga bae kareben ora ana gangguan.” Bu Lilis ngajak-ajak lan ngelingake. Ibu- ibu kabeh banjur was-was keweden.

“Ngapa ta… lha wong biasane ya sholat uga ndonga kok ndadak ditegasake maneh dikon ngati- ati barangan.” Takonku marang bu Lilis. Dheweke mung mesem nyalawadi.

Wah lha blaik iki…. Malah banjur ora bisa turu- turu, mripat iki ora merem- merem. Anane mung ndonga bae. Ati sumelang ora karuwan, apa maneh kelingan yen kamar iki sacedhake kuburan. Saking kesele ngerti- ngerti merem dhewe nganti esuk.

Dina iku dina Jumat. Lumayan suwe anggone ngaso, amarga kapedhot jumatan. Ora ana season banjur padha ngrumpi ing kamare bu Umi. Bu Lilis kandha blaka, kenangapa dheweke dhek malem jumat ngendika kaya ngana. Awit ing kamar bapak- bapak yaiku kamar sadewa, dhek malem kapisan ana kedadeyan bapak- bapak peserta penataran sing gendhut ditunggangi cewek rambut dawa, jare dientrok- entrok kaya numpak jaran.

Ana maneh kedadeyan aneh sing dialami dening putrane bu Lilis. Putrane bu Lilis sok jejogedan dhewe ing kasur karo nyawang kaca jendhela lan ngguya-ngguyu dhewe. Pisan pindho ora digagas, nanging suwe-suwe bu Lilis curiga, anakku kok njoged-njoged lan seneng kaya diguyoni wong? Ah…. Bocah rak isih lugu, mesthine dheweke digodha lelembut. Dicritani kaya ngono padha mlenggong, ndoplong lan mrinding.

Jebul- jebul bu Umi uga nglakoni kedadeyan aneh. Lelakon iki dicritakake dhewe dening dheweke, wektu kuwi bu Umi nglilir amarga ngerti- ngerti semribit ana angin tumeka ndadekake adheme awak. Dheweke ngemek- ngemek jendhela, karo mbatin..”Lha wong kamar ora ana fentilasine, jendhelane uga paten, kipas angin ora ana, Ac-ne mati kok ndadak ana angin gedhe kaya ngene nganti kordhene mobat- mabit ora karuwan?” Pangandikane karo maragakake anggone ngemek-emek kordhen. Adhuh…! Sangsaya nggegirisi… hi..hi….

Wiwit kuwi sing biasane wani dhewe ing kamar saiki dadi ora wani maneh. Yen bengi mesthi kudu runtang runtung bareng- bareng.

Jumat sore season tekan jam setengah enem. Awak wis risih banget, pliket gupak kringet kepingin adus. Bu Siti jare arep siram dhisik lagi dhahar. Dene aku aluwung maem dhisik merga menawa diendhe-endhe mengkone ora keduman.

”Wis kana bu, yen siram dhisik. Malahane mengko olehe adus ora antri.” Tembungku. Aku bablas menyang ruang makan, dene bu Siti menyang kamar. Nembe bae aku mapan ing meja makan, bu Siti njejeri aku sajak keweden.

“Lho, Bu! Njenengan ora sida siram pa?” pitakonku marang bu Siti penasaran.

. “Meneng bae mengko dakcritani. Saiki dhahar dhisik.” Wis rampung anggonku maem, bu Siti uga wis tenang, banjur crita menawa dheweke mentas diweruhi lelembut. Nalika dheweke mlebu kamar dumadakan wis ana ibu- ibu sing dikira bu Umi. Bu Siti uga kober takon marang dheweke anggone nakoni mangkene, “Apa bu Umi nembe siram?” Lha dalah lebar ditakoni mangkono ora sumaur malah wong wadon mau ngeblas ilang ntrobos jendhela. Bu Siti gilapen banjur mlayu metu. Mak prinding maneh sakabehing awakku. Aku mung mbatin “Lha kok kanca sakamar wis digodha lelembut? Kari aku lan bu Erna sing durung? Ah… aja- aja aku bakal diweruhi.” Aku banjur ndedonga supaya ora meruhi kabeh mau. Kepriye-kepriyea aku meksa melu wedi, apa maneh wis ana crita- crita sing nggegirisi mangkono. Sanadyan ta kabeh mau takpasrahake marang Gusti Allah.

Kanthi nggembol rasa wedi, aku lan bu Siti kudu bali menyang kamar. Ndilalah aku lagi ora sholat… mula tansaya wedi. Bisaku mung ndendonga sabisa-bisaku. Alhamdulillah ing kamar Nakula rada anget, merga garwane bu Lilis rawuh niyat arep sare kono. Atiku krasa ayem, ketambahan maneh iki malem kang pungkasan aku sakanca turu ing BPKP iki.

Ing malem Setu aku ngangen-angen, sesuk Setu awan lebar dhuhur aku wis bisa bali., Adhuh saiki ati iki mung isi kangen kahanane omah. Gandheng malem pungkasan, malah mung padha ngobrol ora padha turu. Watara jam sewelasan wis padha ngantuk mapan ing kamare dhewe- dhewe. Dhasar mripat ngantuk, ati seneng ayem tentrem, mambu bantal makblek turu ngleketer. Watara jam loro bengi aku kepengin pipis. Durung nganti metu saka kamar, kupingku krungu ana swara gebyar- gebyur kaya wong adus. Batinku : santai bae , ah, paling-paling sing ana kamar mandhi garwane bu lilis kang lagi siram. Mbokmenawa bae lebar …… karo garwane, maklum wis emeh seminggu ora ketemu. Mripat ora bisa diremake maneh, malah pikiran ngladrah ora genah. “Apa bener ya, garwane bu Lilis sing siram? Ning memper bae yen lebar hubungan wong adhine turu amor aku dadi bisa bebas andum katresnan. Ah… ben bae emang gue pikirin?” batinku karo mbalik menyang kamar maneh ora sida pipis.

Swara adzan ngumandang ngajak – ajak sholat shubuh. Bu Siti wis wungu lan age- age sholat. Dene aku mung sikatan lan seni gandheng mau bengi ora sida menyang kamar mandi. Watara jam setengah enem, bu Erna ngantri jare arep siram. Wis mlebu kamar mandi lha kok metu maneh lungguh dheleg- dheleg. Aku sakanca sing lagi ngumpul ing kamare bu Erna banjur takon,

“Ngapa bu, kok ora sida?” Pitakone bu Umi kepingin ngerti.

“Wis kana sing arep siram dhisik, ora papa kok.” Ucape bu Erna. Aku gage mlebu kamar mandhi nuli adus byar- byur. Wis padha rampung anggone adus lan wis padha dandan ayu, bu Erna banjur celathu menawa mau esuk rikala dheweke wis siap siram, malah- malah ing fentilasi kamar mandi ana wong wadon ayu rambut dawa dirembyang ngintip karo ngguyu ngakak marang dheweke. Kaya mangkono sing dialami bu Erna mula nganti kamitenggengen.

Aku nuli crita kedadeyan sing dakalami mau bengi, sadurunge crita aku takon bu Lilis, “Nuwun sewune apa bener mau bengi garwane siram?” Jebul ora. Wah jan… sakomah wis diwedeni kabeh, sanadyan wujude beda- beda.

Season pungkasan wis dilakoni. Aku sakanca siap-siap bali, padha salam- salaman. Dene lelakon sing padha dialami kabeh mung bisa kanggo crita ing sekolahe dhewe- dhewe.

Taun ajaran wis mlebu, aku ketemu kanca-kanca guru sasekolahanku. Kedadeyan sing dakalami dakcritakake marang kanca- kanca, utamane pak Basyar kang mangkat PKG ing BPKP sapungkure aku. Pak Basyar mung manthuk- manthuk. Jebul pak Basyar uga ngalami kedadeyan kaya mau. Kandhane, ing kana lelembut kuwi senenge karo bapak- bapak kang gendhut, banjur ditumpaki. Lelembut iku awujud cewek ayu nanging metu untu gadhile. Bisa sinebut drakula ngono bae. Jebul pak Basyar kalebu wong pinter, ing kana drakula mau wis kasil dikurung. Manut critane, mbiyen- mbiyene pancen ana wong wadon bunuh dhiri. Muga- muga bae salebare lelembut iku dikurung lan didongani banjur ora gentayangan maneh. Ora gawe wedine peserta penataran maneh.

Ngadikusuman Rt. 21/8Kertek-Wonosobo-2002

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post