Isna Indriati

Isna Indriati, ingin terus belajar menulis agar bisa tinggalkan sedikit kenangan bagi yang tak mengenalnya....

Selengkapnya
Navigasi Web

Curhat

Opo to sing kok karepke saka lelakon uripmu ana ing donya bebarengan karo garwamu?

Pitakon iku dadi ukara pungkasan lebar aku ngrungokne kanca sing curhat. Nyambut gawe adoh saka omah iku salah sijine sebab ora rukune kancaku lan bojone. Cemburu, curiga, lan sapanunggalane ngebaki pikire kancaku. Yen manut ceritane, deweke wis nerimo yen bojone ora aweh ijin deweke melu menyang kutho sebrang. Nanging sakdawane lelakon urip sesandingan karo wong lanang pilihane iku, atine tansaya ora karuan. Deweke rumangsa yen katresnane wiwit ilang. Duwit jatah sing biasane ditampa sewulan sepisan ora kurang saka rong yuta, saiki wis malih. Yen eling, bojone yo aweh limang atus ewu. Yen kancaku ora ngomong duwite entek, bojone ora bakal menehi tambahan.

Aku sing dicurhati mung manthuk-manthuk melu ngerteni kondisine. Nanging aku ora iso menehi solusi mergo aku mung krungu saka kancaku dewe. Yen aku menehi saran tanpa ngerti ceritane saka bojone, aku sing salah. Iku tegese aku mbelani kancaku. Sakdawane crito aku mung iso ngandani deweke ben sabar. Masalah sing teka ana ing urip iku wis ana sing ngatur. Sing nglakoni kudu blajar sabar lan pasrah. Pungkasane kabeh ana ing Gusti Allah.

Saka curhate kancaku, aku dewe melu blajar. Kapisan, aku blajar sabar ngrungokne sambate kancaku. Kapindo, aku blajar ucap syukur, dene aku ora utawa durung diparingi coba sing abot kaya kancaku. Kaping telu, aku kudu blajar pasrah, dene liya wektu aku nampa ujian sing abot kaya kancaku. Kaping papat, aku blajar kudu iso njaga sesambunganku karo wong lanang sing tak tresnani, garwaku, ngerti kurang luwihe lan iso mlaku bebarengan salawase. Kaping lima, kudu pasrah marang Gusti kang Maha Asih, pepunjere sekabehane urip lan coba.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post