Isna Indriati

Isna Indriati, ingin terus belajar menulis agar bisa tinggalkan sedikit kenangan bagi yang tak mengenalnya....

Selengkapnya
Navigasi Web

Mbuletisasi Nggarai Ndhredheg

Arep nulis uneg-uneg, wingi sampe bengi wis ora sempet. Lagi wae buka laptop anak cilik wis nggereti tanganku. Ganti nyekel HP rep buka gurusiana, areke lungguh clenet nang pangkuanku. Gelem ra gelem aku kudu ngempet nulis.

Semono uga isuk iki mau. Angen-angen rep nulis, ndilalah kanca guru nyeluk lan jaluk tulung ngancani nang Lab Komputer. Kelas 9 miwiti ulangan akhir semester dina iki. Nanging ana masalah ing kawitan. Ana 3 laboratorium sing digawe ulangan, yoiku lab komputer, lab kecakapan lan lab bahasa. Nanging Listrik ing lab kecakapan lan lab bahasa mati. Dadine ora iso ngurupke komputer. Ulangan sing wayahi wiwit jam pitu akhire mundur setengah jam.

Aku sing kudu nunggu ruangan uga lali yen komputer nang lab bahasa iku kurang loro. Yen laptopku digawe, aku kudu golek siji maneh. Lha winginane kae aku matur neng ketua panitia yen aku iso jaluk tulung cah kelas 9 gawa laptope gawe ulangan. Nanging ibu ketua ora paring ijin. Dadi isuk mau aku kudu mlayu golek silihan laptop. Alhamdulillah pengawas nang lab bahasa gelem aweh silihan. Mergo loading suwe banget, aku mlayu golek silihan nang wakil kepala madrasah. Alhamdulillah ana, nanging durung ana aplikasi Googlechrome. Ya wis lah. Dadine bocah siji gawe laptope pengawas sing lambat mau.

Senajan lab bahasa iki wis nate digawe ulangan tengah semester wingi, nanging laporanku yen sarana durung lengkap durung oleh tanggepan positif. Nyatane, wis awit ulangan komputer sing digawe durung siap. Yo jane aku melu salah, ora matur sewulan sadurunge. Sejatine kepala lab yo wis ngerti kondisine, nanging ora aweh solusi.

Dadine, isuk iki mau koordinator lab komputer sing kawirangan. Aku kudu piye jajal? Aku wis melu nyusun lab bahasa ben iso dimanfaatke bocah-bocah masio komputer lan headset kurang.

Aku nate ngobrol karo koordinator lab komputer yen ulangan iso gawe komputer kabeh, tegese madrasah iso ngurangi dana gawe fotokopi soal. Nanging bendaharane ngendikan yen ora ono sing difotokopi mengko golek duwit kanggo sumbangan kegiatan kantor oleh saka ngendi?

Wektu iku aku melu semaur yen ono sumbangan yo guru-guru melu nyumbang. Yen jumlahe wis ditulis iku jenenge dudu sumbangan maneh, iku pungutan. Lha yen kantor sing ngerti babagan dana sekolah wani jaluk sumbangan nang sekolah binaane, lajeng sekolah lan madrasah kedah pripun?

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

warbiyasyah

03 Dec
Balas

Ngih Mendel mawon nenggoh printahe atasan

02 Dec
Balas

Lha nggih makaten bu kahanan sekolah. Kajeng kula mbokya ora usah ana "mark-up" kanggo sumbangan wonten kantor. Nanging pripun malih, kula saderma pegawai, uneni wong cilik sing arang dimirengke pejabat

02 Dec



search

New Post