Isna Indriati

Isna Indriati, ingin terus belajar menulis agar bisa tinggalkan sedikit kenangan bagi yang tak mengenalnya....

Selengkapnya
Navigasi Web

Njajal Nulis

Isuk mau, sadurunge adzan shubuh, Naya ngamuk nangis nyuwun susu. Naya isih setahun wolung wulan. Durung genep rong tahun, bocah iku disapih. Ibune budhal pelatihan neng Jakarta seminggu. Bareng mulih, ASIne wis ora akeh kaya biasane.

Bar disapih, bocah cilik iku maeme akeh. Deweke seneng ngemil. Woh-wohan kaya jeruk, semangka, gedhang, lan pelem wis dadi klangenane. Nanging yen pas ora kepengin, woh-wohan iku mau mung dadi dolanan. Jeruk diperesi, gedhang dipenyet mlethrek tekan endi-endi marai liyane keplese.

Lebar nampa botol susune, deweke gletak njur merem maneh, ning yo mung sedhela. Bareng ibune menyat budhal nang pawon, bocahe njingkat melu tangi. Naya mlaku timik-timik nututi ibune karo nyekel botole. Tekan pawon lungguh clenet neng plester mbaleni ngencut dote. Ora let suwe, mbakyu lan kangmase tangi. Weruh adine wis lungguh anteng neng pawon, bocah gede loro iku mau nyedhak njur ngganggu.

Yen wis ngono iku, omah wis rame. Adhine nangis, kangmase mlayu, ibune njur duka. Nanging, ibune ora bakal mundhut kayu utawa sapu gawe menthung bocah-bocah cilik sing seneng gojegan mau. Ibune njur nyedhak lan nyekel tangane cah loro sing gedhe. Bocah-bocah mau njur diglandang neng padasan ben ndang wudhu njur sholat bareng. Naya sing cilik uga dituntun menyang jeding ganti popok lan kathok. Lebar iku digawa neng padasan diajari wudhu. Bocahe seneng banget dolanan banyu pancuran.

Jenenge bocah, lebar wudhu lali keset lali andukan, ndilalah keplese mergo sikile teles. Gedebug...nanging ora nangis. Bokonge paling sing lara. Wedi yen ditinggal mbak lan mase, Naya njur nututi neng kamar ngarep. Deweke ora lali jupuk krudunge sing nyanthol neng tembok. Bar gawe krudung deweke njur nyedhak bapake, ngadek neng ngarepe. Naya melu sholat shubuh jamaah.

Senajan cilik, Naya wis ngerti akeh babagan. Dene ngomonge durung cetha, polahe wis kaya mbak lan mase. Yen nesu, deweke iso mrengut methuthut kaya mbake. Yen ngamuk Naya iso niru mase mengkurep neng bantal. Yen ono bal, sikile pinter nendhang njur ngomong "gooolll". Weruh mbake lungguh karo maca, Naya cepet-cepet melu jupuk buku melu maca neng cedhake mbake.

Nanging, yen ibune wis duka neng mase utawa mbake, Naya uga pinter niru ibune "ngomel".

Mula, crita sithik iki mau dadi pengeling-eling marang ibu lan bapak, ugi kula piyambak, yen arep ngendhikan lan tumindak kudu mirsani kahanan. Lare alit niku pinter sanget niru. Dene sing ditiry sae, dadose nggih sae, dene sing ditiru ala, muga boten bakal cilaka.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post