Isna Indriati

Isna Indriati, ingin terus belajar menulis agar bisa tinggalkan sedikit kenangan bagi yang tak mengenalnya....

Selengkapnya
Navigasi Web
REUNI, Masih Musim Ga?

REUNI, Masih Musim Ga?

Idul Fitri, sudah lewat dan acara halal bi halal plus reuni pun sudah tak lagi ramai. Namun masih ada yang berkesempatan untuk kopdar dengan teman lama di beberapa tempat mumpung ambil cuti libur HUT RI, Idul Adha, lalu ada Tahun Baru Hijriyah. Namun ini bukan tentang agenda singkat dalam kesempitan, tetapi tentang obrolan di kesempatan yang ada.

Adul: Piye kabare, Man?

Boman: Apik, Dul. Kowe piye?

Adul: Deloken dewe, opo sing malih nang awakku?

Boman: Ora ono ki. Jasmu wae sing ketok mlipis kaya wong kantoran. Tapi pancen kowe kerjo nek kantor to?

Adul: Iyo, tapi aku mung dadi supervisor wae Man. Kadang nang kantor, kadang yo muter nang lapangan.

Boman: Kok nang lapangan barang to Dul?

Adul: Lha iya to, jenenge wae ngecek barang yo kudu teko nang toko-toko to Man. Malah kadang blusukan nang pasar.

Boman: Hee ngono ya. Aku yo tau weruh sing kerjo kaya awakmu ki. Ning tambah lemu kowe, Dul. Bojomu pinter masak yo.

Adul: Oalah biasa wae, Man. Sing penting ora kepedesen, kasinen, kelegen, mesti enak dipangan weteng wareg.

Boman: Tenan kuwi. Lha kowe ra ngajak bojomu mrene?

Adul: Ora, Man. Wonge jare pengin ngumpul karo kancane pasaran biyen.

Boman: Ealah kok yo sik eling wae jaman pasaran.

Adul : Lha embuh, Man. Yo akhire budhal dewe-dewe.

Boman: Lha anakmu?

Adul : Aku durung duwe anak, Man. Anak bojomu endi?

Boman: Bojoku wis ninggal, Dul. Anakku dijaluk mbahe, diopeni nang omahe maratuwaku. Sabtu Minggu aku mesti sambang, Dul. Kadang yen aku longgar ora nunggu Sabtu aku wis ngongaki anak.

Adul : Sepurane, Man. Melu belasungkawa ya.

Boman: Padha-padha, Dul. Awakmu durung duwe anak, aku malah wis kelangan bojo. Yo ngene iki dalane urip.

Adul : Iya, Man. Kabeh wis ono pesthine. Karepe yo jaluk sing apik-apik kabeh. Yen aku ndilok sing luwih nduwur jane aku yo rumangsa kurang wae. Opo maneh wis limang taun omah-omah aku durung diparingi keturunan. Sapa jal sing tak ragati olehku kerjo kadang sampe wengi kadang ora mulih yen kudu budhal nang kutha liya.

Boman: Bener, Dul. Kabeh wong penjaluke yo kerjo lan asile sing apik, uripe ben kepenak. Anak bojo sehat. Ning yo garise dewe-dewe. Aku yo ora tau jaluk dadi duda, ning kudu tak lakoni. Yo bener kandhamu mau, kabeh ono pesthine.

Adul ; Lha ngapa ra kok buka maneh atimu kanggo wadon liya?

Boman: Lha sapa to Dul sing gelem karo aku. Saiki kerjaku mung serabutan. Akeh nang omah ngurusi bebek, pitik, lan wedhus. Wong wadon saiki sing dilirik k sing kaya awakmu, klambi rapi mlipis, po maneh gawe dasi.

Adul : Aku rabi biyen yo durung kaya ngene, Man. Saiki wae mergo wis beda bagiane, dadi yo beda klambine. Po ra eling karo Lani sing biasa bareng awakmu yen mulih sekolah.

Boman: Artilani? Bocah meneng ning mlayune banter eram kae to?

Adul : Yo. Sik eling to?

Boman: Eling, Dul. Deweke biasa bareng aku mergo saben mulih liwat omahe, cedak dalan trabasan nang omahku. Lha bocahe gene wis nang Jakarta lho.

Adul : Iku biyen, Man. Kerjo nang Jakarta njur mulih mergo arep rabi. Lha iku wiwitane crita masalah deweke saiki sik bujang.

Boman: Opo sing kabare bojone ninggal kae?

Adul : Iyo, Man. Ngerti ngono awakmu.

Boman: Yo mung krungu iku. Bar iku wis ora ono kabar maneh. Ono sing crito jare melu sedulure nang Semarang.

Adul : Yo selawase nang Semarang, deweke melu kerjo nang restoran. Nanging jenenge kelangan wong loro yo abot sanggane.

Boman: Kok loro piye? Bapa biyunge sik sehat ngono lho.

Adul : Lani kelangan bojo lan jabang bayi sing isih nang wetenge. Jare umure sik patang wulan nalika keguguran.

Boman: Ealah, ngono critane.

Adul : Ndang lamaren wae, Man. Muga-muga dadi jodhomu.

Boman: Sik tak pikire, Dul. Sing mesti yen wonge gelem urip saanane karo aku, aku yo wani maju.

Adul : Awake ki sik enom, Man. Wis pirang taun bojomu ninggal?

Boman: rong taun Dul. Ning yo sik angel yen rep golek gantine. Papat lho anakku.

Adul : Masio aku ora duwe pengalaman ngono iku, sing luwih apik yen pada ketemu, Man. Saiki nata niate. muga-muga ndang diparingi dalan lan barokah.

Boman: Suwun, Dul. Ketemu kanca ngene iki jane yo wis keno kanggo tamba sepiku.jaluk pendongane wae.

Adul : Mesthi kuwi, wajib kanggo awake ben eling karo sedulur.

Boman : Ya wis ndang dientekno kopine. Aku mau semayan karo Mbah Mur, rep mampir mangan sompil. Melu pisan yo. Dadi wong kantoran awakmu ra tau mangan lesehan to? Yen ora seneng mengko tak pesenke pecel pincuk utawa tahu lontong. Wis to bengi iki awake mlaku-mlaku mubeng tekan alun-alun.

Adul : Iyo Man. Suwun ya. Muga-muga rejekimu dawa, Man, kaya lakumu saiki ngancani aku mlaku-mlaku....

Boman : Aamiin..suwun Dul

Adul : Padha-padha

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Maaf bu sy tak paham bhs jawa. Salam kenal dan barakallah

14 Oct
Balas

Salam kenal bu. Nanti saya terjemahkan...

14 Oct



search

New Post