Isna Indriati

Isna Indriati, ingin terus belajar menulis agar bisa tinggalkan sedikit kenangan bagi yang tak mengenalnya....

Selengkapnya
Navigasi Web
Wis Sabtu maneh

Wis Sabtu maneh

Kepethuk dina Sabtu yo kudu wani nulis uneg-uneg ing basa daerah. Senajan aku pengin nulis kawit pirang-pirang dina sadurunge, nanging drijiku sing kudu ngayahi tugas ngetik ora isa ngrewangi. Pungkasane, aku mung isa meneng lan ngedem ati lan pikir.

Saiki aku pengin crita wae. Wis padha mirsani gambar ing tulisan iki ta? Iki ngono gambar salah sawijinging buku karangane ibu cantik asma Eni Siti Nurhayati. Ibu guru asli Jember sing nate ngasta ing Mi lajeng ing MTs iki sejatine dudu guru basa Jawa. Nanging tulisane sing wis kasebar ing majalah-majalah iku arupa cerkak, cerita cekak.

Aku iki salah sawijining wong sing bejo. Panggih bu Eni ing pelatihan banjur kenalan lan akhire aku oleh kiriman buku. Bungahe atiku merga aku oleh buku wacan ing basa Jawa. Manggon lan urip ing sebrang bebarengan karo warga saka werna-werna suku kudune ora dadi alesan leren sinau babagan Jawa.

Yen basa iku digawe saben dina kanggo matur lisan, nanging tata cara ing basa tulis akeh sing wis ilang saka pikiran. Wayah nulis "mulok" ngene iki aku lagi rumangsa yen kurang sinau basa Jawa tulis.

Buku "Timbangan Tresna" hadiah saka bu Eni iki iso nglipur atiku sing nandang bronto marang budaya Jawa. Aku ish asring ngeling-eling tari Gambyong lan kreasi kanthi nonton video. Semono uga pepenginku duweni buku wacan ing basa Jawa.

Sapa wae sing kagungan tulisan ing basa Jawa, aku nyuwun kabar mugio saged duweni buku-buku njenengan sedaya. Nuwun bu Eni, nuwun para kanca kang sampun kersa maos tulisan cekak niki.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Alhamdulillah.. buku kula wonten penggemare. Kedahe rak ngaten ta; Wong jawa jok sampek ilang jawane. Hehehe

01 Jan
Balas



search

New Post