Lina Lihanawati

Guru di SMPN 1 Palimanan Cirebon, suka akan keindahan, membaca dan menulis....

Selengkapnya
Navigasi Web

Yu Parti Ketemu Cinta Lawas ( Cercir bag. 2)

Srengenge nyorot pisan sing duwur padahal nembe jam sanga esuk. Kaya langka awan setitik gen ning langit kuh. Yu Parti lagi nyiapaken pit mini bodol gawean tahun 80-an sing masih awet tuku lagi masih jaman gadis ndikit. Warnae abang ploengas wis rada pudar. Pedale copot siji ning bagian tengen dadi baka di otel rada lunyu.

Yu Parti ngiket waring beras sing isie pitung kiloan arep digiling kanggo gawe adonan serabi esuk kiki. Wis kenceng terus gage mangkat.

" Nok, mimie mangkat dikit yah! Gero yu Parti pamit ning Nok Sumi anake.

" Iya, Mi ati- ati" jawab Nok Sumi sambil ngepe gombal ning pemean.

Yu Parti hampir unggal dina nggiiling beras kanggo adonan serabi ning desa Dadap sing jarake rong kiloan sing umah. Ngelewati kuburan Ki Dalem sing terkenal angker Yu Parti wis biasa langja wedi- wedie kari kriningi telung kali bae tanda salam. Dedemit kabeh wis pada kenal niing Yu Parti sing biasa klayang kloyong liwat.

Wis nglewati kuburan semangat pisan Yu Parti ngotel pit sambil nglamun pikirane buyar ora konsentrasi hampir nabrak bocah cilik sing ujug- ujug nongol sing kebon gedang kang rengked pinggir dalan. Yu Parti tiba sing pit.

" Waduh, bocah cilik mlayu ora ndeleng- ndeleng dalan dikit" Yu Parti nyewot.

Si bocah dudu nulungi malah kloyor lunga mlayu maning ngejer layangan. Yu Parti kelaraen sikile kengelan nangiaken pit terus alon- alonan mangat maning.

Teka ning selipan Yu Parti rada cingced mlakue. Mang Bandot bos selipan sing lagi ngepe pari ndeleng yu Parti langsung mareki.

" Aduh, napa sikile, Nok? Takon bos Bandot rada kepo.

" Anu Kang, mau tiba kagok kenang bocah cilik mlayu" Jawab yu Parti aleman.

Tiap ketemu bos Bandot ning selipan ati yu Parti rasane deg- degan. Maklum bos Bandot ndikit waktu durung kawin karo mang Kampleng iku demenane yu Parti tapi waktu arep ngelamar yu Parti ning wong tuae ditolak gara- garae ora duwe kerjaan tetep alias kerjaaane lontang- lantung bae. Kieng nongkrong ning bale panggang karo pemuda penggangguran sejene. Sampe akhire mang Kampleng sing wis duwe kerjaan tetep ning pabrik gula ngelamar yu Parti terus diterima ning wong tuane yu Parti.

Sebenere yu Parti masih seneng ning bos Bandot sejek kala kuen durung dadi bos. Pada ugene bos Bandot geh masih seneng ning yu Parti. Tapi cinta loroane sebatas jero ati. Wis pada- pada tua, wis pada-pada duwe laki- rabi lan wis pada- pada duwe anak. Cinta loroane dudu sekedar ngomong tapi bentuk cinta dewasa yaiku pada- pada sayang, melas lan eman.

" Mene, Nok. dipijit dikit bokat kecetit!" taware bos bandot.

" Kesuwun, Kang! Bagen bli apa- apa. Engko ning umah bae dilelesi ning Nok Sumi." jawab Yu Karti nolak halus.

"Iku, Kang. Gilingaken beras bae dikit. " Yu Parti ngingetaken.

" Oh...iya klalen" jawab bos Bandot bari nepuk batuke sing ambae selapangan. Terus ngundang anak buahe.

" Ned!! igi gilingaken beras dike yu Parti ndikit."

" Eh...Yu Parti sing mau tah, Yu? Enda- enda takon. Nedi anak buahe bos Bandot terus mbopong beras kanggo digiling.

Sepuluh menit gilingan wis pragat. Yu Parti pamit ning bos Bandot. Yu Parti gage ngrogo duit sing dislesepaken ning jero kutang. Duit sepulungewuhan dijokot. Bos Bandot rada mlotot seneng lan bungah.

" Wis, bli usah, Nok! duite kanggo tuku minyak urut bae bari gelis waras sikile. " tolak bos Bandot.

Yu Parti enda- enda maksa ngenakaken duit ning genggamane bos Bandot. Bos Bandot ngenakaken maning ning tangan yu Parti.

" Ya wis kesuwun yah, Kang!" jawab yu Parti seneng.

Yu Parti balik ngotel pit maning, sambil mesam- mesem seturut dalan. Sikil sing mau lara wis ora dirasa maning. Kenang bungae ketemu karo bos Bandot.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post