Suni Kepidak Sapi
#TantanganGurusiana
Hari Ke-23
Suni gadis desa yang tumbuh dan berkembang di era 90-an. Biasa setiap balek sekolah Suni selalu ngasah arit, goleh karung nyandak sepedah budal ngarit karo angon sapi. Senajan Suni bocah wedok, tapi Suni iso ngalah-ngalah ke bocah lanang. Lha piye ora koyok cah lanang, nek enek cah lanang macem-macem pasti entok jotos karo tendang, senajan wedok, urong tau seng jeneng Suni kalah karo bocah lanang. Seng enek bocah lanang muleh nyangkeng karong kosong nangis gero-gero bengok'i mbok'e mergo kelaran di tonyo Suni, nek ora ditendang Suni. Ujung-ujung'e mbok'e cah lanang neng marani Mak'e Suni karepe arep nglabrak, tapi seng enek mbok'e malah diguyu karo Suni.
"Walah...Opo mbokde, arep nglabrak mamak ku! nek sampean pingin ngerti tekonono anak mu lanang, ngopo kok kenek tonyo? Mulakne mbok de, kandani anak'e dadi cah lanang ojo nganggep cah wedok ki ora iso opo-opo!" Omelan Suni karo mbok'e cah lanang seng kenek tonyo. seng enek, mbok e bocah lanang seng kisinan dewe.
Suni cilek, paling seneng nek kon petan tumo sapi karo dolanan sapi. biasane sapi-sapi ne Suni paling patuh yo paling manut. dino kui, tibo apes'e Suni lagi enak petan Tumo, sapi ne Suni kaget mergo enek pitek tarong, sekolo sapi nylendak Suni, sikile Suni kepidak sapi. Suni langsung nangis gero-gero mlayu muleh. Mergo ngerti Suni nangis gero-gero, mak ne Suni kaget setengah poll, biasane bocah iki ora tau nangis kok dengaren nangis gero-gero kenek opo batin mak ne Suni. karo mlayu metu mak ne Suni marani Suni seng nangis gero-gero..
"walah nduk!!kenek opo to nduk??ko dengaren nangis koe?"
"Sikilku delok en maaakk"
"Gusti ya Allah Naak, kenek opo kui?"mak ne suni kaget ora eram-eram
"Kepidak Sapi mak !"
Makne Suni meneng klekep, kok kudu guyu, tapi yo mesak ne karo anak'e...bocah wedok beler, dugal, preman, tapi yo manja ki yo Suni.
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Inti ceritanya ketangkap Bu, walau saya ga bisa omong Jawa. Saya di Kinali Bu. Ibu dimana?