Lukman Nur Hakim

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

NEGORO

NEGORO

Oleh : Lukman Nur Hakim Cerita mangan tebu gratis, lagi jaman dadi santri neng Buntet Cirebon. Inyong arep cerita awake dewek. Ora nyeritakena wong liya, apa maning ana maksud njelek-njelekena. Cerita sing ditulis kiye, sabenere kejadiane lagi jaman inyong sekolah neng Madrasah Tsanawiyah (MTs). Lan urip nyantri neng pondok. Lagi Inyong dadi santri dang waktu ora ngaji, alias libur senenge jalan-jalan. Luwih seneng pisan dang jalan-jalan pas musim tebu, karo ndonga eben olih mangan tebu gratis tur halal. Ceritane kaya kiya. Pas lagi mlaku-mlaku neng pinggir sawah tebu. Kebeneran ana mandor tebu lagi nongkrong ngawase kebonan tebune. Neng kene, Inyong pang ngomong maning. Kiye tah, nyeceritakena awake nyong dewek, lagi dadi santri. Lamon ngandel, yaahh. Alhamdulillah. Ora ngandel yaah.. ora papa, Arane bae cerita. Pangapurane.. Sing akeh bae. Mbokatan ana ceritane sing pada karo rika kabeh sing lagi maca. Ora ana maksud nyinggung, lan ngulahi. Sing arane santri kuwe,. Jarena Inyong serba kurang, apamaning lagi bestele (uang kiraminan) wis pang entong, biasane pada nglakoni puasa ngirit, lan kadang puasa beneran. Artine, walaupun kadang awal tujuan puasane beda, sebab ora nduwe duwit. Tapi suwe-suwe niat puasane bener. Puasa karena gusti Allah. Kuwe lagi Inyong dadi santri. Dang rika tah, ndean ora!. Njagong karo marek-marek mandor tebune sing asli wong wetan, dang ngomong serba oooo. Dadi kesempatan Emas lan bisa mujur mangan tebu halal lan gratis. Kok bisa.. Yaaaahh... bisa lah. Kaya kiye ceritane. Lagi Inyong karo batur (teman santri) njagong iringane mandor tebu. Ujug-ujug (tiba-tiba) Mandore tekanan tamu. Sing kayene lagi ngontrol tebu maning. Ndean tah pejabatan pabrik Gula. Sing lagi ngontrol perkebunan. Pas pejabaten takon karo mandore, toli nyong melu takon. Pejabatan : Tebune sapa kiye... Sadurung mandore takon, nyong melu takon. Inyong : Njaluk tebune oohh, mang mandor. Mang mandor njawab, takonane wong pabrik gula, sing dadi atasane deweke. Mandor : Negoro. Inyong : Alhamdulillah... Olih bisa mangan tebu gratis.. Yuuh, batur negor tebu.. Mandor : ????? Maturnuwun purun maos.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar




search

New Post