MARDIYANTO

Namaku Mardiyanto, lahir di desa Ajibarang Kulon, Kecamatan Ajibarang, Kabupaten Banyumas dikaki gunung Slamet sebelah barat pada tanggal 26 Oktober 1970. Menga...

Selengkapnya
Navigasi Web

KONDANGAN

Esuk-esuk mendung, Kang Dartim njagong jegang neng risban ora kelalen sandingane wedang kopi karo mendoan tempe esih kemebul. Mbako, menyan, klembak, papir, wuwur wis pepek cemantur. Yu Satem lagi mberesi kumbahan karo nilepi. Kukus rokok lintingan wis kemebul nyeseki ruangan sing ora sepiraha ambane. Yu Satem ya biasa bae ora watuk ora wahin sebab wis kulina padahal ubleke wis ngungkuli knalpot motor 2 tax.

“ Rika ora mangkat sawah Kang ?” Yu Satem takon sebab Kang Dartim esih njagong sante karo medhang.

“ Mengkoan lah, hawane mendung dadi madan aras-arasen,” Kang Dartim njawab sekenane.

“ Wong urip ora kena aras-arasen Kang, kudu sing sengkud nggolet rejeki. Jamane tambah ngeneh tambah pirang-pirang kebutuhane,” Yu Satem nerusna.

“ Rejeki wis ana bagiane dewek-dewek Yu, diuber-uber kaya ngapa durung mangsane ya ora bakal kecandak ” ujare Kang Dartim.

“ Lagi diuber-uber bae ora mesti kecandhak apa maning ora diuber masa kecandhaka, “ Yu Satem ora gelem kalah.

“ Siki wis wulan Desember enggal pengalihan tahun, penanggalan jawane Robingul akhir lagi akeh-akehe kondangan ya kudu dipikirna.” Yu Satem nerusna kanda.

“ Ora usah ngresula akeh kondangan, sing penting mbok ana sing nggo kondangan.” Jawab Kang Dartim.

“ Wong urip kudu akeh syukure maring sing gawe urip. Siki jaman kemajuan apa-apa ana. Sing dipangan wis ana, sing nggo mangan ya wis ana. Dadi ora usah werna-werna sing dipikir, sing perlu waras, jajal sih , temenan koh. “ Kang Dartim aweh ular-ular.

“ Iya bener yah Kang. Ngomong-ngomong mengko sore sida kondangan nggone Kang Katur karo Wa Cartam terakhir dina kiye, wis ana mbok sing arep nggo kondangan ? “ Yu Satem takon.

Kang Dartim langsung njenggirat menyat nyawel pacul,” Aku mangkat sawah disit Yu .”

“ Ya sing ati-ati. Aja kelalen mengko sore kondangan …”

Kang Dartim ,” … ??? “

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Oh Pak Mar Banyumas juga ya? Salam kenal dari Patikraja

16 Jan
Balas

Salam kenal Bunda saya dari Ajibarang.

16 Jan

Yuh ...padha mangkat kondangan Kang Dartim. Cerita pagi yang renyah Pak Mardi...

16 Jan
Balas

Maturnuwun Bund. Pengin menampilkan yang Banyumasan.

16 Jan
Balas

Jan-jane pikiran e kang Dartim Karo Yu Satem pada benere...dadi mandan bingung arep ngetutna sapa.... hihihi...mantapz pak Mardi... semangat dan sukses selalu

16 Jan
Balas

Maturnuwun sampunkersa pinarak,

16 Jan

Jan-jane pikiran e kang Dartim Karo Yu Satem pada benere...dadi mandan bingung arep ngetutna sapa.... hihihi...mantapz pak Mardi... semangat dan sukses selalu

16 Jan
Balas



search

New Post