Marul Prihastuti

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web

Jaka Tingkir

Rikala jaman semana, ing tlatah Jawa Tengah kang alame asri, subur, lan sarwa endah, ana sawijining desa kang aran Banyubiru. Ing desa Banyubiru iku, ana piyayi sepuh kang saleh lan wicaksana, aran Ki Buyut Banyubiru.

Ing sawijining sore, ana nom-noman kang sowan marang Ki Buyut Banyubiru. Sajake, dheweke kepengin meguru marang Ki Buyut Banyubiru.

“Nyuwun pangapunten, menapa kula saged pinanggih kaliyan Ki Buyut Banyubiru?” pitakone nom-noman iku mau kanthi sopan tumuju marang piyayi sepuh ing sangarepe.

“Iya, pancen aku kang jejuluk Ki Buyut Banyubiru. Lan aku wis ngerti apa kang dadi karepmu nganti keraya-raya tekan kene,” wangsulane Ki Buyut Banyubiru.

“Nuwun inggih, Ki Buyut...adalem ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami, dening Ki Buyut sampun kersa nampi lan mangertos punapa ingkang dados pepinginan kula,” atur Jaka Tingkir.

Pancen, karepe Jaka Tingkir sowan ing Banyubiru iku kanggo dalan, srana nyuwun pangapura marang Sultan Demak kanggo nebus kalepatane amarga wis mungkasi nyawa Dadungawuk, salah sawijine abdi Sultan Demak.

***

Ing padepokane Ki Buyut Banyubiru, sakliyane Jaka Tingkir, jebul ana nom-noman liya kang aran Mas Manca. Mas Manca asale saka desa Kalpitu ing lereng Gunung Lawu. Sabendina, wong loro kui nampa ilmu kanuragan lan ilmu agama saka Ki Buyut Banyubiru.

“Wiwit tengah wengi iki, ndika sakloron kudu kungkum ing kali kang banyune kekes iki,” prentahe Ki Buyut Banyubiru marang muride sakloron.

“Nganggo cara iki, ndika bakal isa mesu budi lan meper hawa nepsu,’ ngendikane Ki Buyut Banyubiru.

“Sendika dhawuh Ki...” wangsulane Jaka Tingkir lan Mas Manca bareng.

Ora krasa, Jaka Tingkir anggone meguru marang Ki Ageng Banyubiru wis ana telung sasinan. Ing sakwijining dina, Jaka Tingkir ditimbali Ki Buyut Banyubiru, diwenehi wejangan lan prentah.

“Anakku, Ngger Jaka Tingkir, wes tekan wektune sliramu sowan ana ing ngarsane Sultan Demak. Iki, lemah sakgegem, tampanana. Sesuk menawa sliramu ketemu kebo Danu, sumpelna lemah iki ana congore. Kebo iku arep mlayu lan ngamuk ana alun-alun Prawata. Wektu kui, Sultan bakal nimbali sliramu,” ngendikane Ki Buyut Banyubiru maringi pituduh.

Jaka Tingkir nggatekke kanthi temenanan. Banjur dekne nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu marang Ki Buyut Banyubiru.

Jaka Tingkir budhal menyang Demak, dikancani dening Mas Manca, Ki Wuragil, lan Ki Wila. Tumuli mlaku bebarengan, banjur turut kali numpak gethek.

“Awas, ana baya!’ Jaka Tingkir dumadakan mbengok. Rombongan kuwi ora krasa menawa gethek kang ditumpaki wis dirubung baya-baya. Baya-baya kui arep mangan dheweke kabeh. Saknalika, wong lima dipandhegani Jaka Tingkir banjur perang tandhing karo baya-baya kang ngelih kuwi. Jaka Tingkir kasil ngalahake ratu baya. Kanggo ngakoni kekalahane, ratu baya lan baya-baya liyane ana patangpuluh baya banjur baris. Nyurung lakune gethek kang ditumpaki rombongane Jaka Tingkir. Gethek mlaku banter tanpa keraya-raya didhayung meneh.

Sakwise tekan pinggir kali kang dituju, rombongan iku tumuli mlebu alas gung liwang-liwung. Dumadakan padha weruh kebo jarah kang siap nrajang. Jaka Tingkir banjur nyumpelke lemah sangune saka Ki Buyut Banyubiru marang congore kebo kuwi mau. Saknalika kebo banjur ngamuk lan mlayu tumuju alun-alun Prawata.

“Awaaaasss, ana kebo ngamuuukkkkk, ana kebo ngamuuukkkkk,” para penduduk pada mbengok-mbengok karo mlayu nylametke awak. Akeh pawongan kang njajal ngatasi kebo kuwi mau. Nanging ora ana kang isa.

Kedadeyan kang marai geger kuwi mau keprungu Sultan Demak. Dheweke nguwatirke nasibe rakyate. Dumadakan, Sultan Demak sumerep Jaka Tingkir lagi ngadeg ana pinggir alun-alun nyawang kebo ngamuk kuwi mau. Cepet-cepet Jaka Tingkir tinimbalan sowan.

“Menawa kowe isa ngalahke kebo Danu kang lagi ngamuk iku, aku kersa menehi pangapura kanggo kowe,” ngendikane Sultan Demak marang Jaka Tingkir.

“Kula sagah, Gusti Sultan,” wangsulane Jaka Tingkir.

“Deloken kae kanca-kanca! Jaka Tingkir kang maju ngadhepi kebo Danu!” keprungu pambengoke salah sawijining prajurit Demak.

Jaka Tingkir banjur maju ana ing saktengahe alun-alun, siap perang tandhing karo kebo Danu.

Kebo Danu mbekos, banjur mlayu nyruduk Jaka Tingkir nganggo sungune sing lancip.

Perang tandhing antaraning Jaka Tingkir klawan kebo Danu rame banget. Nalika kebo kuwi arep nyruduk wetenge Jaka Tingkir, dumadakan tangan tengene Jaka Tingkir ngantem ndhase kebo Danu. Pecah saknalika!

Sakwise menangake perang tandhing, Jaka Tingkir disoraki dening para prajurit lan rakyat kang ndelok prastawa ing alun-alun iku mau.

Banjur Jaka Tingkir mlaku, sowan marang Sultan Demak.

“Jaka Tingkir, aku matur nuwun banget marang sliramu. Kowe wis kepara nylametake rakyatku saka pangamuke kebo Danu. Janjiku tetep kudu dileksanani. Sliramu tak paringi pangapura. Malah, sliramu tak angkat dadi Lurah Prajurit Tamtama,” ngendikane Sultan Demak marang Jaka Tingkir.

Amarga saka tindak tanduke kang sopan merak ati, sakbanjure Jaka Tingkir kaangkat mantu dening Sultan Demak. Lan dadi Sultan jejuluk Sultan Hadiwijaya.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Waduh saya tidak mengerti nih.

27 Jul
Balas

Hehehe, versi bahasa Indonesia sudah buanyak kok. Tenang saja, Terima kasih, Pak Yudha

29 Jul

Ehm. Termauk babad tanah Jawa. Terselip nilai spiritual, politis dan semanat jua. Sip. "Saget dados cerita bersambung, lhe bu".

27 Jul
Balas

Terima kasih, Pak Wiyono

29 Jul



search

New Post