Muspra (Geguritan)
#Tagur hari ke-216
Dening Masruchi Orin
Dalan sing kok pilih
Sejatine dudu kanggo wakmu
Ngapa ndadak kowe lampahi
Yen kowe amung arep jumawa
Kowe ora bakal antuk
****
Apa kang kok karepake
amung wewayangan ing wayah sore
kang bakal ilang
bebarengan angslupe surya
****
Elok cahyamu aja nganti dadi pepetenging
Dalan kang kok liwati
Senadyan kaya ngapa
Manungsa bakal bali ing ngarsane
Among karahayon kang bakal
Kok goleki ing mbesuk tembe mburi
***
Balia cah ayu
Pumpung jagad durung nyekseni
Balia sujud ing sangisore keblat
Kang sasuwene iki mbok gandholi
wis aweh pepadhang
sajroing kalbu
mozarsetunggal,181220
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Sae sae sanget Diajeng Masruchiadyningsih, sehat, sukses, barakallah Aamiin
maturnuwun bunda, doa yang sama untuk njenengan
Geguritan ingkang endah Ibu Masruchi Adiningsih
maturnuwun pak heru, apresisinipun
Elok banget,Bu. Nasehat yg bagus buat gadis.. salam sukses,bu
maturnuwun bu, sukses juga untuk jenengan