Materi Bahasa Jawa kelas 6 (ke-87 menuju 90 hari menulis)
Materi Bahasa Jawa kelas 6
Oleh Menik Patmaningsih, S.Pd.SD
Guru SD Muhibo
Ayo kita sinau bab Teks informasi
Teks bisa wujud lisan bisa uga wujud tulisan utawa gambar. Tujuan panulise teks nginformasekake apa bae. Teks informasi bisa wujud teks narasi faktual, teks dheskripsi, lan teks persuasi.Teks narasi faktual tuladhane teks pawarta, pengalaman pribadi, lan profil tokoh. Teks dheskripsi yaiku teks kang ngandharake samubarang apa anane, bisa lelakon, barang, lan bisa apa bae sing dadi lesan (sesuatu, keadaan, tempat, barang,orang). Dene teks persuasi isi lan andharane ngajak-ajak, narik kawigatene liyan, ngyakinane, lan ndayani.
1. Saben jinis teks informasi nduweni ciri-ciri utawa titikan mligi. Bisa katitik saka informasi sing diandharake uga bisa saka basa kang digunakake.Titikane teks Informasi:a. Teks pawarta 1. Ngandharake fakta 2. Kamomot ana ing medhia cetak utawa elektronik 3. Isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat. Tuladhane kaya ”Banjir Bandhang lan Longsor Trenggalek”b. Teks Persuasi Teks persuasif yaiku karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan gyakinake sing maca. Wujud gancaran, isine bisa ngajak, ngelingake, mamerake, nawakake.
c. Sesanti/ Slogan Slogan isine ngajak lan ngelingake.
d. Pariwara/Iklan Iklan kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake. Tuladhane slogan, kayata: visi misi sekolah, visi misi instansi/perusahaan, partai politik, lan sapanunggalane. Iklan, tuladhane kaya: iklan sabun, iklan handpone, iklan panganan, lan sapanunggalane.
Nyusun teks informasi sing paling penting kudu ngerti ciri khase lan jinise teks. Carane nyusun teks informasi:1. Teks pawarta Teks pawarta kuwi sing diandharake kudu nggunakake pedhoman ngenani: apa, sapa, kapan, nyapa (kena apa), nang endi, kepriye.2. Teks persuasi Temtokna data/fakta/fenomena sing arep kokgunakakemi nangka dhasar kanggo narik kawigaten lan mangaribawani utawa ngajak. Data/fakta/fenomena sing narik kawigaten yaiku data/fakta/ fenomena sing rupa sebab akibat sing bisa migunani utawa ngrugekake tumrap pribadi-pribadi, masyarakat, bangsa, lannegara, malah bisa uga tumrap donya saisine. Nulis jenis teks persuasi sing paling wigati kudu kanthi basa kang gampang dingerteni dening pamaca kabeh.
2. Nyritakake Isine Teks Informasi
Nyritakake isine teks persuasi, kuwi tegese nyritakake isine teks nganggo basane dhewe-dhewe. Paragrap-paragrap kudu bisa dirunut ukara intine. Ing paragrap, ukara inti bisa ing wiwitan paragrap, pungkasanparagrap utawa bisa dirunut ing saben ukara kanthi goleki tembung kunci sing ngubungake ukara karo ukara sateruse ing paragrap. Nggoleka teks informasi siji bae, bisa pawarta, persuasi, sesanti/slogan utawa pariwara/iklan saka maneka warna sumber (lingkungan sakiwa tengen, TV, majalah, lsp).
3. Nulis Tanggapan Teks Informasi
Bocah-bocah saben dina mesthi oleh informasi saka ngendi bae. Informasi bisa saka TV, radhio, ariwarti (koran), kalawarti (majalah), utawa langsung saka sumbere. Kanggo tansaya nambahi pangertenmu bab teks informasi tindakna pakaryan iki kanthi mandhiri: (1) Goleka teks informasi saka kalawarti (majalah) atau ariwarti (koran). (2) Tulisen informasi apa kang kaandharake kanthi pedhoman ngenani: apa, sapa, kapan, nyapa (kena apa), kepriye, nang endi.
4. Nulis Teks Informasi
Bocah-bocah bisa nulis perangan-perangan gambar. Umpamane gambar sawah, saka gambar sawah iku, bisa dadi idhe kanggo nggawe teks informasi, bisa teks pawarta, persuasi, sesanti/slogan utawa pariwara/iklan.
Nah iku bocah-bocah materi pelajaran Basa Jawa kanggo Bahan sinau kanggo PTS ganjil iki. Ayo sinau yo, muga-muga sukses, aamiin.
Bondowoso, 2 Oktober 2020
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Keren Bu materinya. Salam sukses selalu Bu.
aamiin ya rabbal alamiin, terimakasih bu
Si Cantik sak niki PTS pisan bunda. Siiip. Semoga selalu sehat dan sukses.
aamiin, ya bu , anak2 sy suruh buka gurusiana untuk belajar , karena mereka blum punya buku