Menik Patmaningsih

Assalamu'alaikum Wr.Wb. Keseharian saya adalah guru SD Muhammadiyah Bondowoso. Terimakasih atas diadakannya pelatihan Sagusabu II yang dapat menggugah kembali...

Selengkapnya
Navigasi Web

Teks Tembang Macapat kelas 6 (ke-88 menuju 90 hari menulis)

Teks Tembang Macapat  kelas 6

Oleh Menik Patmaningsih, S.Pd.SD

Guru SD Muhibo

 

Bocah-bocah ing bab 2 iki kita sinau ban Teks Tembang Macapat . Simaken pelajaran ing ngisor iki.

Nyemak Teks Tembang Macapat

PangkurNegriku Indonesia,Nut jaman kapungkur tetep nyawiji,Nunggal ingkang den ginayuh,Karaharjaning bangsa,Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,Murah sandhang lawan pangan,Karukunan kang jinagi.

 

Lelandhesan Pancasila,Ya Bhineka Tunggal Ika puniki,Nyata kaesti satuhu,Pranataning agama,Seni, sastra lan budaya adiluhung,Dadi jatidhiri bangsa,Indonesiaku yekti.

 

Bausastra:ngundhamana : ngelok-elokake,kaskaya : bandha donya, kasugihanajine : reganengrembakakake : ngembangake, njembarake mekaresaindenge Indonesia : sa-Indonesia kabehpamrihe : tujuane, karepemumpuni : mrantasi gawenyawiji : dadi sijijinagi : jinagakaesti : ditemeni, dilakoni, diperdi

 

Katerangan ing ngisor iki wacanen lan setitekna!Tembang macapat mujudake salah sijine jinis lagu dhaerah utawa tradhisional Jawa. Jenise tembang macapat kuwi ana 11, yaiku: Mijil, Kinanthi, Pucung, Sinom, Pangkur, Asmaradana, Dhandhanggula, Durma, Gambuh, Maskumambang, dan Megatruh. Saben tembang macapat nduweni watak, sasmita, lan titikan utawa pathokan dhewe-dhewe. Ing ngisor iki diandharake titikan, watak, lan sasmitaning tembang macapat.

 

A. Watak lan sasmitane tembang macapatWatake tembang macapat kuwi gegambaran ngenani cakriking tembang, sing kamot sajerone tembang mau. Carane meruhi wewatakane tembang mau, kanthi ndeleng isine tembang. Tuladhane, yen watake sereng, tegese isine tembang arupa pitutur tegas sing kudu digugu. Sasmitane tembang kuwi tembung tartamtu sajeroning tembang, sing bisa nuduhake jinise tembang. Carane kanthi ndeleng salah siji tetembungan ing jerone tembang. Tuladhane tembang Pangkur, lumrahe ana tembang sing nganggo tembung kur, mangkur, pungkur, utawa kuku.

 

B. Titikane tembang macapatTitikane tembang macapat kuwi manggon ana ing guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra kuwi cacahe larik saben sapada. Guru wilangan kuwi cacahe wanda saben sagatra. Guru lagu kuwi tebane swara ing pungkasaning gatra.

Ing ngisor iki carane nggoleki titikane tembang:a) Guru gatra digoleki kanthi ngetung pira cacahe larik saben pada utawa bait.b) Guru wilangan digoleki kanthi ngetung pira cacahe wanda utawa suku kata.c) Guru lagu digoleki lumantar swara utawa vokal ing pungkasaning pada (bait).

Nah, bocah-bocah, sugeng sinau yo, muga-muga awakmu kabeh tetep sehat lan semangat kanggo ngadhepi PTS emben.

Bondowoso, 3 Oktober 2020

 

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Sae tenan, Bun. Kalau di Sunda macapat =kakawihan Hehehe. Matur nuwun.

04 Oct
Balas

ya bu, saya sedikit bisa bahasa sunda, terimakasih bunda sudah hadir

07 Oct

Pat mocopat mocone papat -papat.Kulo mboten ngertos Jawi, tapi Si Cantik kudu sinau bahasa Jawa. Trimksh bunda. Sangat menarik, semoga mwnjadikan siswa lebih tertarik untuk belajar budaya kita, khususnya Bahasa Jawa.

04 Oct
Balas

siap bu, saya juga harus banyak belajar bahasa jawa, karena jarus siap mengajar

07 Oct

Ulasannya kereen,Bu. Saya hanya bisa bahasa jawa sedikit... Salam sukses

04 Oct
Balas

sama bu, saya mencoba belajar untuk mengajar, karena siswa banyak yg blum punya bukunya, jadi sy buatkan catatannya, anak2 belajarnya di gurusiana

09 Oct



search

New Post