Mau Isuk Nang Wlijo
Mau Isuk pas Nang Wlijo, uwong-uwong Podo rebutan kangkung. Keno opo Saiki lha kok Podo masak kangkung. Jarene uwong-uwong masak kangkung iku enak, murah lan sedep.
Kangkung Iki murah lan akeh gizine, jare Bu guru, panganan iku kudu akeh gizine, kudu akeh serate.
"Isun yae sing tuku kankung Iki." Jare mbak Ti, mbak Ti rebutan Karo mbak Us. Kangkung sawah rasane ancene seje Karo kangkung potong, opo maneh kangkung kali. Weruh kan kangkung kali? Lha Iyo kangkung sing biasane uripe ning kali, nelolor nelolor ngunu. Kadang Ono sing nyantol ngunu. Ngerti kan maksud ku sing nyantol iku opo? Wahahaha, wis ora usah di pikir, engko ngarai mlukok awakmu.
"Riko, masak liyane yae," mbak Us nyauti, "Isun mulai sore kepingin kangkung."
"Wis, dibagi loro yae." Jare mbak Jah, Wlijo sing biasa mandek ndik ngarep omah ku.
Akhire kangkung mau dibagi loro, lha mboh sak piro lek wes mateng. Lha mek rong unting. Paling yo cuma sak lepek kopi. Mbuh cukup, mbuh enggak. Duduk urusan ku. Sak karepe mbak Us ambik mbak Ti.
Ancene wong loro iku mesti ngono, bendino mesti rebutan blonjoan. Wingi rebutan jagung, winginane rebutan pindang, lha sak Iki rebutan kangkung. Kesuk rebutan paran maneh.
Mari rebutan kangkung, lha kok mbak Sur, moro-moro ngamuk. Orak ngerti paran sebabe. Jarene susuke kurang. Wingi tuku tempe rong ewu, brambang Abang limang ewu, krupuk Sewu limang atus, Lombok Abang rong ewu. Duite seket ewu, lha kok disusui rong puluh ewu. Padahal mek kalong sepuluh ewu limang atus.
Mbak Jah itung-itungan maneh ambik mbak Sur. Koyoke akhire Podo sadare. Yo ngunu sing Podo rukun. Kabeh iku iso di omongne apik-apik. Orak perlu otot-ototan. Sing rukun yo dolor kabeh.
Aku Dewe bingung kate masak opo, sembarang ono sakjane, tapi duwite sing pas-pasan. Bojo ku durung bayaran. Wingi buruh matun gurung dibayari Ning Wak Kaki Ali. Terus aku tuku tempe ambik iwak asin ae. Ngunduh bayem ning ngarep omah, utowo njaluk kelor ning tonggo. Lombok sik ono, tomat yo kari ngunduh ning mburitan. Terasi wingi diteri yu Nah. Yo wes ngunu ae. Sak cukupe duwite. Njangan bening, ngawe sambel, ngoreng tempe lan iwak asin. Ngunu ae, enake wis puol. Mantep tenan.
Wis ngono ae, ceritoku saiki. Aku katek masak. Selak bojoku teko. Engko lek wes teko, tapi durung mateng. Iso-iso ngamuk. Terus biasane tuku Sego pecel ning mbak Sum ndik Prapatan lor omah. Iku sing bahaya, soale winginane aku utang ketan bubuk gorong mbayar. Wes yo.
Wong-wong ndik nggonku ngomonge ancen campur campur. Ono sing Osing, Ono sing meduro lan Ono sing jowo. Tapi jowone orak alus, pokoke campur sing penting ngerti lak ngono to dulur kabeh.
Gang buntu, tanggal limolas Pebruari taun rong ewu rong poloh
Aku Dewe ngelu iki
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Aku Ara ngerti bahasa ne. Tapi aku senang maca me. Wong aku omonge campurcampur, sakarek Ula sakarek baluik.(Sekerat ular, Sekerat belut) artine bahasa Minang campur bahasa Indonesia
Terimakasih ibu, sayapun kalau baca bahasa daerah lain pakai ilmu kiranologi hehehe
Hemmm... Kayane ruame ki gerobak doronge yu Nah.. Do rebutan kangkung sawah..
Lha Iyo Bu, ruame tenang Ben isuk. Heeh, kesuwun Bu wes mampir Ngon ku
Wis apik tenan bahasane
Nggih Bu, Pandalungan Bu. Jember punya
Wis apik tenan bahasane