Minarsih Hapsari

Belum menuliskan informasi profilenya.

Selengkapnya
Navigasi Web
Tantangan Hari Ke-32
CERAI, DITINGGAL LAN MATI

Tantangan Hari Ke-32

#TantanganGurusiana Tantangan Hari Ke-32

CERAI, DITINGGAL LAN MATI.

Jare uwong-uwong aku ayu tur seksi, aku wiwit cilik wis ora ketunggon wong tua lanang. Nanging masiyo emakku urip ijen tansah nyukupi kebutuhanku ora tahu kekurangan. Apa maneh bab sekolah tansah diutamakke.

Wiwit SD sampai SMA lancar-lancar wae sekolah ing sekolah negeri favorit. Sakjane ngono biyen ya dikongkon kuliah, nanging aku ora mentolo ndelok emakku nyambut gawe ijen. Marung sego pecel sederhana ora kaya gupeke uwong-uwong ika kuliner jarene. Dadi olehe duit ya ora akeh tapi nyukupi kanggo urip, pokok berkah jarene emakku. Akhire lulus SMA aku ngadu nasib kerja ning Royal Plaza Surabaya, dadi pelayan toko klambi brand sing regane larang-larang ika, mergo kerjaku jarene apik akhire dadi supervisor.

Kerja entuk rong tahun aku dilamar karo bekas kakak kelasku SMA biyen , Sutrisno, bocahe nganteng anake wong sugih. Ya tak trima wae wong bocahe tenanan, apamaneh keluargane ya cocok mbarek aku ora masalahne yen aku anake wong biasa. Eeee…tibane gak kaya sing tak bayangne, prasaku Sutrisno iku sregep nyambut gawe jebul males pol sembarang njagakake pawewehe wong tuwane, awake gede gagah ning pikirane lan prilakune ora dewasa. Tak sabar-sabarne atiku bek-bekne dekne bisa ngrubah sifate, nanging sing ana aku mung dimanfaatne. Suwe-suwe karepe dewe ora nyambut gawe mung cangkrukan, dolanan hp, metu omah gak jelas. Masio aku tresno rek ya wegah kaya ora ana wog lanang liyane, wis ora kuat aku njaluk pegat.

Telung tahun dadi rondo aku dilamar wong Bandung, jare dudo mati gak duwe anak lan sing tak senengi ya umure sak barakan ambek aku, nanging wonge jarang ning omah. Kawitane aku ya percaya wae wonge jarang mulih jenenge pengusaha. Suwe-suwe firasatku ora penak angger arep tak jak metu utowo deweke tak eloki gak ngolehi ya gak gelem, jebul blas ora mulih.

Omah-omah karo bojo ke telu ki jan uripku ayem, tentrem, aku pendeke bejo. Wonge ora kalah ganteng karo bojoku sak durunge, tak rasakne tresno banget karo aku, sabar, ngalah, ora ono guneme, nanging yen ana apa-apa mesti dicandak dibrantasi, Mesti wae pancen wonge ya sregep ibadah, dadi tindak tanduke ya becik. Ora tahu nyeneni apa mane komplin karo aku, pendeke keluargaku samawa.

Jare Ustad-ustad rejeki, jodho lan maut di tangan Gusti Alloh ki pancen tenan ya, kabeh uwong pingine bebrayan iku sampek kaken ninen, sampai mati. Apa maneh kaya aku wis tahu gagal kaping pindo, duwe keluarga samawa ya tak syukuri banget. Nanging apa dayaku bojoku sing bener-bener bisa dadi imamku ya ninggalne aku, ninggalne sak teruse. Nanging aku ihklas mergo sedane ning masjid bubar sholat subuh. Lagian semasa uripe akeh banget pesene, jare apa-apa yen ilang ora usah ditangisi lan digetuni menungsa sak dermo nglakoni, Gusti Alloh wis ngukur lan ngatur kanti apik uripe saben manungsa, dadi ora kate lali karo pesene iku.

# Barakallah Surabaya Sabtu,15Februari2020

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Kepingin tau ..Apasih ceritaHehhe...

15 Feb
Balas

Nnti di Bahasa Indo kan bunda.. Salam kenal.. Mksih sdh hadir..

10 Mar

Inggih bunda betul.. Dinikmati.. Salm kenal ya..

10 Mar
Balas

Inggih sami "...Mohon maaf..

28 Mar
Balas

Kabeh menungso duwe cerito dewe2. Kari yok opo carane menyukuri. Matur nuwon ceritane

15 Feb
Balas



search

New Post