M. MAGHFUR QUMAIDI

Lahir di kabupaten kediri, pendidikan mulai dari SD sampai Madrasah Aliah di tempuh di kota kelahiran, tepatnya SDN keling 1, MTsN Model Pare (sekarang MTsN 1 K...

Selengkapnya
Navigasi Web
Petilasan Prabu Sri Aji Joyoboyo Kediri
https://www.thearoengbinangproject.com/sendang-tirta-kamandanu-kediri/

Petilasan Prabu Sri Aji Joyoboyo Kediri

Prabu Sri Aji Joyoboyo wis terkenal kemashurane ing sa’antero jagad nuswantoro, rojo iki terkenal rojo sing biso ngramal opo sing arep kedaden pirang-pirang atus tahun sak durungi, ing katulis ono buku jongko joyoboyo, akeh unen-unene sing kabukti sampek saiki. Rojo Joyoboyo iki lenggah ing tahtane kerajaan Kediri sak antawis tahun 1135 sampek tahun 1157 jaman semono rojo iki adil lan iso nyenengne rakyate, sing diistilahne gemahripah loh jinawi tentrem kertoraharjo.

Rojo sing diarani pujonggo iki, diyakini karo wong-wong saiki ora mati, ananging mukswo, yoiku ngalih utowo pindah nang alam ngoib. Menurut ceritane wong sing kanggonan petilasan, panggonane mukswo kuli ing Deso Pagu Kecamatan Pamenang Kabupaten Kediri. Sampek saiki patilasane panggah rame dikunjungi karo wong-wong sing anduwe keyakinan nek rojo kuwi ijek iso mulyakne uripe. Yo pancen reno-reno tujuane, enek sing pingin munggah pangkat lanliyoliyane. Sing ngunjungi petilasan ora cuma wong kediri, jerene juru kuncine pendak sak wayah-wayah utusan teko rojo-rojo ing nuswantoro enek sing teko, salah sijine yoiku rojo mataram jogjo.

Tiap – tiap ngadepi sasi Suro (Muharrom) deso pagu dipacak i koyo manten ayar kabeh dilabur, suket lan tanduran sing ora pati miguno di buak i, maleh dadi deso sing ora koyo biasane. Sak liyane patilasan joyoboyo, ing kono ono padusan sing kasebut sendang patirtan kamandanu, patirtan iku miturut critane sumur kuno sing dipercoyo karo masyarakat di gawe Prabu sri aji Joyoboyo ngakoni sesucian sakdurungi mukswa wonten alam kelanggengan. Patirtan iku saiki wis di pugar, dadi patirtan sing serik, sebabe aben ono wong singgah nang petilasn Sri aji Joyoboyo biasane mampir, sebab panggonane yo ara adoh. Monggo konco sedulur nek pingin napak tilas sejarah dolan nag kediri, mampir petilasan Sri Aji Joyoboyo.

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Monggo menawi tindak kediri kulo teraken jalan-jalan napak tilas..

09 Dec
Balas

Matur swun.. bu yuliati.. koreksinipun.. niki nulis kaleh ngantuk... campur mbtn pati saget ... injih.. mangke kulo edit.. insyaalloh

09 Dec
Balas

Nuwun sewu, Menika sae sanget, Pak Maghfur, Keren pokoke.... Namung kemawon, penulisipun huruf, wonten engkang kedah dipun edit,.. Menawi mboten klentu, taksih wonten penulisan engkang kirang pas, umpaminipun *Iso, rojo, jongko, kartoraharjo, deso, utowo,* engkang kedahipun dipun tulis ngaten: *Isa, raja, jangka, kartaraharja, desa, utawa,* Benten malih kaliyan loro (kalih), nulisipun tetep loro, mboten lara. Lara artosipun sakit. Kan benten maknanipun. Nyuwun pangapunten menawi kirang mranani penggalih, njih Pak. Nuwun.

09 Dec
Balas

Wah.. Kedah ager depak mriko

09 Dec
Balas



search

New Post