mugi priatin

Guru di MI Negeri 3 Purbalingga, Lulusan S-1 Jurusan PBA (Pendidikan Bahsa Arab) IAIN Walisongo Semarang tahun 1997. Dan lulus S-2 Jurusan Pendidikan Ag...

Selengkapnya
Navigasi Web

KEPROK

K E P R O K

Angger ngomong babagan keprok akehe pol. Ana keprok sing ngemu arti bungah, contone ndeleng anak utawa kanca sukses, apa maning olih penghargaan utawa hadiah, pokoke keproke semangat banget. Saking semangate, keproke ngantek njinkrak-njingkrak lan ditambah karo jleritan, wiiis jan, kabeh mau ora krasa sebab saking bungaeh. Terus angger keprok ngenyek, kiye sing paling njeleih. Sebab olehe keprok monine biasane mandan arang terus karo mereki di bumboni omongan sing ala. jan leeeh …La angger keprok nantang, kie-kie, keproke kenceng tur seru kerep banget, mata mendelik dadane maju … ndase ndegeg meng nduwur… waduuh … medeni, ja ngasi pokoke ngalami ditantang apa maning di tantang gelut. Keprok aweh semangat, si kaya ngapa. Biasane keproke akeh monine bareng kaya lagi lomba paduan suara karo nyebutna jenenge sing di keproki, tujuane ben semangat ora loyo. Nanging ana wong sing pegaweane keprok. Contone wong adol dedek pakan ayam. Bubar nimbang utawa nyiduk dedek mesti keprok, yakue nggo ngilangi dedek sing nempel nang tlapak tangane. Ana maning keprok sing tujuane nggo ngemutna anu klalen. yakue keprok makmum maring imam, nalika imame klalen. Keproke monine ping telu (pok – pok – pok) kira-kira imame krungu. Ora kaya ngeproki dara …

Seliyane keprok mau ana keprok sing nggo nyeluk utawa ngundang wong, keprok nggo … ngageti uga ana, lan liya-liyane.

Seduluuur … jal aku arep takon maring sampean pada … kira-kira sedulur kabeh arep milih keprok sing model endi. Alaaah … kepengine keprok sing olih hadiah utawa penghargaan mestine. Tapi engko disit kang, karo kue mbekayune … ayuh pada gawe seneng. Upama urung olih pengargaan utawa hadiah, ya ora papa … sing baku ayuh pada aweh keprok maring kanca-kanca gursiana sing uwis olih prestasi, tulisane akeh tur terkenal, bukune senggal di cetak. Ayuh pada pesen … ben bukune laris … lan kanggo nggawe go penilaian mlebu PAK dadi pangkate munggah. Setuju mbokan ...

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Aku keprok bungah, bar maca tulisane njgn atine dadi mongkog

06 Jan
Balas

Mantap bu. Nek ora ana keprok ... sepi.

06 Jan
Balas

He he...keprok temenanan kie...seneng bs maca tulisane bu mugi...siip

06 Jan
Balas

Sy juga mau"keprok bungah" ikuuuut

06 Jan
Balas

Maturnuwun seduluur ... sampun sami kerso mampir ....

06 Jan
Balas

Muga2 keproke kanggo myemangati kanca 2. Utamane keprok kagem bu Mugi, shiip temenan tulisane

06 Jan
Balas

Muga2 keproke kanggo myemangati kanca 2. Utamane keprok kagem bu Mugi, shiip temenan tulisane

06 Jan
Balas



search

New Post